PELAJARAN 90
Yésus Mati ing Golgota
Para imam kepala nggawa Yésus ing omahé gubernur. Pilatus takon karo wong-wong kuwi, ’Kejahatan apa sing wis ditindakké wong iki?’ Wong-wong kuwi njawab, ’Dhèwèké ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi raja!’ Terus, Pilatus takon karo Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.”
Bar kuwi, Pilatus masrahké Yésus ing Hérodès. Hérodès kuwi penguasa dhaérah Galiléa. Pilatus péngin bèn Hérodès isa nemokké kesalahané Yésus. Tapi, Hérodès ya ora isa. Mula, Yésus dipasrahké manèh ing Pilatus. Pilatus ngomong, ’Aku karo Hérodès ora nemokké kesalahané wong iki. Wong iki bakal tak bébaské.’ Wong-wong kuwi mbengok, ’Patèni waé! Patèni waé!’ Bar kuwi, Yésus dipecuti, diidoni, lan dijotosi karo para prajurit. Wong-wong kuwi ya masang mahkota saka tanduran eri ing sirahé Yésus, terus ngécé, ’Salam, Rajané Wong Yahudi.’ Pilatus ngomong manèh, ’Wong iki ora salah.’ Tapi, wong-wong kuwi mbengok, ”Patènana dhèwèké ing cagak!” Mula, Pilatus masrahké Yésus kanggo dihukum mati.
Para prajurit nggawa Yésus ing Golgota. Yésus dipaku ing cagak, terus cagaké didegké. Yésus ndonga, ’Bapak, tulung apurana wong-wong iki. Wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.’ Wong-wong padha ngécé Yésus. Wong-wong kuwi ngomong, ’Nèk kowé Anaké Gusti Allah, mudhuna saka cagak kuwi! Slametna awakmu dhéwé!’
Salah siji penjahat sing dipaku ing jèjèré Yésus ngomong, ”Wektu kowé wis dadi raja, tulung aja lali karo aku.” Yésus janji, ”Kowé bakal bareng karo aku ing Firdaus.” Pas wis awan, kabèh dhaérah kuwi dadi peteng nganti telung jam. Ana murid-murid sing ngadeg ing cedhak cagaké Yésus. Ibuné Yésus, yaiku Maria, ya ana ing kono. Yésus ngongkon Yohanes ngrawat Maria kaya ngrawat ibuné dhéwé.
Akhiré, Yésus ngomong, ”Tugasku wis rampung.” Yésus ndhingkluk, terus mati. Pas kuwi, ana gempa bumi. Ing bait, kordhèn sing misahké Ruang Suci lan Ruang Mahasuci suwèk dadi loro. Salah siji perwira ngomong, ’Dhèwèké kuwi bener-bener Anaké Gusti Allah.’
”Kabèh janjiné Gusti Allah dadi ’ya’ liwat Yésus.”—2 Korintus 1:20