PELAJARAN 94
Murid-Murid Éntuk Roh Suci
Sepuluh dina sakwisé Yésus bali ing swarga, murid-muridé éntuk roh suci. Ing taun 33 M, akèh wong saka ngendi-endi teka ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Péntakosta. Kira-kira ana 120 muridé Yésus ngumpul ing ruangan ndhuwur salah siji omah. Pas kuwi, ana peristiwa sing luar biasa. Ana swara banter sing kaya swara angin ribut ing omah kuwi. Terus, ana sing wujudé kaya geni muncul ing ndhuwur sirahé kabèh murid mau. Bar kuwi, murid-murid dadi isa ngomong nganggo basa-basa liya.
Wong-wong saka dhaérah liya sing teka ing Yérusalèm krungu swara kuwi, terus padha mlayu ing omah mau kanggo ndelok apa sing kelakon. Wong-wong kuwi padha kagum wektu para murid isa ngomong nganggo basa liya. Terus, wong-wong kuwi ngomong, ’Wong-wong iki kan saka Galiléa, ta? Kok isa ngomong nganggo basané awaké dhéwé, ya?’
Bar kuwi, Pétrus lan rasul-rasul liyané ngadeg ing ngarepé wong-wong kuwi. Pétrus crita nèk Yésus wis dipatèni, tapi saiki wis diuripké manèh karo Yéhuwah. Pétrus ngomong, ’Saiki Yésus ana ing swarga, ing sisih tengené Gusti Allah. Yésus wis mènèhi roh suci kaya sing wis dijanjèkké. Mula, kowé kabèh isa ndelok lan krungu mukjijat iki.’
Omongané Pétrus nggawé wong-wong kuwi dadi péngin berubah. Mula, wong-wong kuwi takon, ”Terus aku kudu piyé?” Dhèwèké ngomong, ’Bertobata saka dosa-dosamu. Terus, kowé kabèh kudu dibaptis nganggo jenengé Yésus. Mengko kowé ya bakal éntuk roh suci.’ Ing dina kuwi, ana kira-kira 3.000 wong sing dibaptis. Bar kuwi, jumlah murid ing Yérusalèm dadi cepet nambah. Merga dibantu roh suci, para rasul isa mbentuk akèh jemaat lan isa mulang murid-murid soal préntahé Yésus.
”Nèk ing ngarepé wong akèh kowé ngomong Yésus kuwi Gustimu, lan kowé nduwé iman ing atimu nèk Gusti Allah wis nguripké manèh Yésus saka antarané wong mati, kowé bakal dislametké.”—Roma 10:9