PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 95 hlm. 222-hlm. 223 par. 1
  • Ora Ana sing Isa Ngalangi Para Rasul

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ora Ana sing Isa Ngalangi Para Rasul
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Penguasa sing Kudu Tak Turuti Kuwi Gusti Allah”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • ”Wong Biasa lan Sekolahé Ora Dhuwur”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Dhèwèké Sinau Pangapura saka Gustiné
    Tirunen Imané
  • Yésus Mènèhi Mangan Wong Akèh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 95 hlm. 222-hlm. 223 par. 1
Pétrus lan Yohanes terus kendel nginjil senajan ditentang karo para imam lan wong Saduki

PELAJARAN 95

Ora Ana sing Isa Ngalangi Para Rasul

Ana wong lanang sing saben dina lungguh lan ngemis ing pintu bait. Wong kuwi ora isa mlaku. Pas awan, dhèwèké ndelok Pétrus lan Yohanes mlebu bait. Dhèwèké ngomong, ’Nyuwun, Pak.’ Pétrus ngomong, ’Aku bakal mènèhi kowé sing luwih apik timbang dhuwit. Nganggo jenengé Yésus, ngadega lan mlakua!’ Bar kuwi, Pétrus mbantu dhèwèké ngadeg. Wong lanang mau akhiré isa mlaku. Wong-wong ing kono seneng banget ndelok mukjijat kuwi. Mula, akèh wong dadi percaya karo Yésus.

Tapi, para imam lan wong Saduki dadi nesu banget. Wong-wong kuwi nangkep para rasul. Terus, para rasul digawa ing pengadilan. Wong-wong mau ngomong, ’Sapa sing mènèhi kowé kuwasa kanggo marèkké wong iki?’ Pétrus ngomong, ’Kuwasa iki saka Yésus Kristus, sing mbok patèni.’ Para pemimpin agama mbengok, ’Aja nyritakké soal Yésus manèh!’ Tapi, para rasul ngomong, ’Aku kudu terus nyritakké soal Yésus. Aku ora bakal mandheg.’

Bar dibébaské, Pétrus lan Yohanes nemoni murid-murid liyané lan nyritakké apa sing kelakon. Wong-wong kuwi ndonga, ’Yéhuwah, tulung bantu aku dadi kendel bèn isa terus nginjil.’ Yéhuwah mènèhi wong-wong kuwi roh suciné. Murid-murid terus nginjil lan marèkké wong-wong. Hasilé, tambah akèh sing percaya karo Yésus. Wong Saduki dadi iri banget. Mula, wong-wong kuwi nangkep para rasul lan nglebokké para rasul ing penjara. Tapi wektu bengi, Yéhuwah ngongkon malaékaté mrono. Malaékat kuwi mbukakké pintu penjara, terus ngomong, ’Kowé kudu lunga manèh ing bait lan mulang ing kana.’

Ésuké, ana prajurit sing ngandhani para anggota Sanhèdrin, ’Penjarané isih kekunci. Tapi, wong-wong sing mbok tangkep wis ora ana! Wong-wong kuwi saiki lagi mulang ing bait.’ Para rasul ditangkep manèh, terus digawa nemoni para anggotané Sanhèdrin. Imam agung ngomong, ’Aku kan wis ngongkon kowé mandheg nyritakké soal Yésus, ta?’ Tapi, Pétrus ngomong, ”Penguasa sing kudu tak turuti kuwi Gusti Allah dudu manungsa.”

Para pemimpin agama dadi nesu banget. Wong-wong kuwi péngin matèni para rasul. Tapi, ana wong Farisi sing jenengé Gamalièl ngomong, ’Ati-ati! Mungkin Gusti Allah bener-bener mbantu wong-wong iki. Apa kowé péngin nglawan Gusti Allah?’ Wong-wong kuwi gelem ngrungokké Gamalièl. Bar digebugi, para rasul dilarang manèh karo para pemimpin agama kanggo nginjil. Terus, para rasul dikon lunga. Tapi, kuwi ora nggawé para rasul mandheg nginjil. Para rasul tetep kendel nginjil ing bait lan ing omah-omah.

”Penguasa sing kudu tak turuti kuwi Gusti Allah dudu manungsa.”​—Kisah 5:29

Pertanyaan: Kenapa para murid ora mandheg nginjil? Piyé carané Yéhuwah mbantu para murid kuwi?

Kisah 3:1–4:31; 5:12-42

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim