PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 22 hlm. 56-hlm. 57 par. 3
  • Mukjijat ing Laut Merah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Mukjijat ing Laut Merah
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Musa Milih Nyembah Yéhuwah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 22 hlm. 56-hlm. 57 par. 3
Firaun lan pasukané

PELAJARAN 22

Mukjijat ing Laut Merah

Firaun krungu nèk bangsa Israèl wis lunga saka Mesir. Mula, dhèwèké ngongkon pasukané, ’Siapna kabèh kréta perangku. Ayo ngoyak bangsa Israèl. Bangsa Israèl ora éntuk lunga saka kéné.’ Terus, Firaun lan pasukané ngoyak bangsa Israèl.

Pas awan, Yéhuwah nuntun bangsa Israèl nganggo tugu méga. Pas bengi, Yéhuwah nggunakké tugu geni. Yéhuwah nuntun bangsa Israèl ing dhaérah cedhak Laut Merah. Terus, bangsa Israèl dikon kémah ing kono.

Bar kuwi, bangsa Israèl ndelok nèk Firaun lan pasukané ngoyak. Tapi, bangsa Israèl kejebak ing antarané laut lan pasukané Mesir. Bangsa Israèl wedi banget. Wong-wong kuwi ngomong karo Musa, ’Awaké dhéwé bakal mati. Kuduné awaké dhéwé tetep ing Mesir waé.’ Tapi, Musa njawab, ’Aja wedi. Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé.’ Musa bener-bener percaya karo Yéhuwah.

Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl mbongkar téndhané. Bengi kuwi, Yéhuwah ngatur bèn tugu méga ana ing antarané wong Mesir lan wong Israèl. Panggonané wong Israèl dadi padhang. Tapi, panggonané wong Mesir dadi peteng.

Yéhuwah ngongkon Musa ngarahké tangané ing laut. Bar kuwi, Yéhuwah nggawé ana angin sing banter banget. Angin kuwi nggawé lauté mbelah dadi loro, dadi ana dalan ing tengahé. Bangsa Israèl nyabrang liwat tanah sing garing, lan banyuné laut dadi kaya témbok ing sisih kiwa lan tengené.

Bangsa Israèl mlaku ing tanah sing garing lan banyuné laut dadi kaya témbok ing sisih kiwa lan tengené

Pasukané Firaun ngetutké bangsa Israèl ngliwati dalan sing ing tengah laut kuwi. Tapi, Yéhuwah nggawé pasukané Firaun dadi bingung. Rodha-rodhané kréta padha copot. Para prajurit kuwi mbengok, ’Ayo mlayu! Iki Yéhuwah sing perang nglawan awaké dhéwé.’

Yéhuwah ngongkon Musa, ’Arahna tongkatmu ing laut.’ Banyu sing mauné kaya témbok langsung dadi laut manèh. Firaun lan pasukané mati kleleb. Ora ana sing slamet.

Ing daratan, kabèh wong nyanyi muji Yéhuwah. Wong-wong kuwi nyanyi, ”Nyanyia kanggo Yéhuwah, merga Dhèwèké bener-bener diluhurké. Dhèwèké wis nguncalké jaran lan sing numpak jaran kuwi menyang laut.” Pas padha nyanyi, ana wong-wong wédok sing nari lan main rebana. Kabèh wong seneng banget merga wis bébas.

”Kuwi sebabé awaké dhéwé bakal dadi kendel lan kandha, ’Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi. Manungsa isa tumindak apa marang aku?’”—Ibrani 13:6

Pertanyaan: Kenapa bangsa Israèl wedi pas wis tekan ing cedhak Laut Merah? Piyé carané Yéhuwah nylametké bangsa Israèl?

Pangentasan 13:21–15:21; Néhémia 9:9-11; Mazmur 106:9-12; 136:11-15; Ibrani 11:29

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim