PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 23 hlm. 60-hlm. 61 par. 4
  • Janjiné Bangsa Israèl

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Janjiné Bangsa Israèl
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Bangsa Israèl Ora Nepati Janjiné
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Semak sing Kobong
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Terusa ”Nyawang” Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 23 hlm. 60-hlm. 61 par. 4
Bangsa Israèl ing ngisor Gunung Sinai

PELAJARAN 23

Janjiné Bangsa Israèl

Kira-kira rong sasi sakwisé lunga saka Mesir, bangsa Israèl tekan ing Gunung Sinai lan kémah ing kono. Musa dikon munggah gunung. Ing gunung, Yéhuwah ngomong, ’Aku wis nylametké bangsa Israèl. Nèk tetep manut, bangsa kuwi bakal dadi umat-Ku sing istiméwa.’ Bar kuwi, Musa mudhun saka gunung. Terus, Musa ngandhani bangsa Israèl soal omongané Yéhuwah. Piyé tanggepané bangsa Israèl? Bangsa Israèl ngomong, ’Aku bakal manut kabèh préntahé Yéhuwah.’

Musa munggah gunung manèh. Ing kono, Yéhuwah ngomong, ’Rong dina manèh, Aku bakal ngomong karo kowé. Aja nganti ana sing mèlu munggah ing Gunung Sinai.’ Terus, Musa mudhun saka gunung. Musa ngongkon bangsa Israèl siap-siap ngrungokké omongané Yéhuwah.

Bangsa Israèl ndelok nèk langit ing ndhuwuré Gunung Sinai dadi peteng lan ana kilaté

Rong dina bar kuwi, langit ing ndhuwuré gunung kuwi dadi peteng lan ana kilat. Bangsa Israèl ya krungu swara bledhèg lan trompèt. Terus, Yéhuwah mudhun ing gunung nganggo wujud geni. Wong Israèl padha ndredheg merga wedi. Bar kuwi, gunungé ketutupan asap lan ana gempa. Swarané trompèt dadi saya banter. Terus, Yéhuwah ngomong, ’Aku Yéhuwah. Kowé ora éntuk nyembah sing liyané.’

Musa munggah ing gunung manèh. Terus, Yéhuwah mènèhi hukum kanggo bangsa Israèl. Hukum kuwi nyebutké soal carané ngibadah lan carané tumindak. Musa nulis hukum kuwi, terus macakké hukum kuwi kanggo bangsa Israèl. Bar kuwi, bangsa Israèl janji karo Yéhuwah. Bangsa Israèl ngomong, ’Aku bakal manut kabèh préntahé Yéhuwah.’ Apa janji kuwi bakal ditepati?

”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu, lan nggunakké kabèh pikiranmu.”​—Matius 22:37

Pertanyaan: Apa sing kelakon ing Gunung Sinai? Bangsa Israèl janji arep ngapa?

Pangentasan 19:1–20:21; 24:1-8; Pangandharing Torèt 7:6-9; Néhémia 9:13, 14

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim