PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 28 hlm. 70-hlm. 71 par. 1
  • Keledainé Biléam Isa Ngomong

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Keledainé Biléam Isa Ngomong
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Intiné Buku Wilangan
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 28 hlm. 70-hlm. 71 par. 1
Keledainé Biléam ndhéprok ing tengah dalan pas ndelok malaékaté Yéhuwah

PELAJARAN 28

Keledainé Biléam Isa Ngomong

Wis mèh 40 taun bangsa Israèl ing padhang belantara. Bangsa Israèl wis ngrebut akèh kutha. Saiki, bangsa Israèl kémah ing dhaérah Moab. Moab kuwi ana ing sebelah timuré Kali Yordan. Ora suwé manèh, bangsa Israèl bakal mlebu ing Tanah Perjanjian. Raja Moab sing jenengé Balak wedi nèk dhaérahé direbut bangsa Israèl. Dadi, Balak ngundang Biléam teka ing Moab. Biléam dikon ngutuki bangsa Israèl. Ngutuki kuwi maksudé ndongakké sing èlèk kanggo wong liya.

Tapi, Yéhuwah ngomong karo Biléam, ’Kowé aja ngutuki bangsa Israèl.’ Dadi, Biléam ora gelem lunga. Raja Balak ngundang Biléam manèh. Dhèwèké janji bakal mènèhi apa waé sing dijaluk Biléam. Tapi, Biléam tetep ora gelem. Terus, Yéhuwah ngomong, ’Kowé éntuk lunga. Tapi, kowé mung éntuk ngomong apa sing Tak omongké.’

Biléam nunggangi keledainé, terus lunga ing Moab. Biléam nduwé rencana kanggo ngutuki bangsa Israèl senajan wis dilarang Yéhuwah. Ing perjalanan, malaékaté Yéhuwah muncul ping telu. Biléam ora isa ndelok malaékat kuwi, tapi keledainé isa. Awalé, keledai kuwi ménggok ing ladhang. Biléam nggebugi keledai kuwi nganggo tongkat. Terus, keledainé mèpèt-mèpèt témbok nganti sikilé Biléam kejepit. Biléam nggebugi keledai kuwi manèh. Akhiré, keledai kuwi ndhéprok ing tengah dalan. Biléam nggebug manèh nganggo tongkat.

Bar kuwi, Yéhuwah nggawé keledai kuwi isa ngomong. Keledai kuwi ngomong karo Biléam, ’Ngapa kok kowé nggebugi aku terus?’ Biléam njawab, ’Kowé kuwi ora nggenah. Nèk ana pedhang, kowé mesthi wis tak patèni.’ Keledainé ngomong, ’Kowé wis nunggangi aku pirang-pirang taun. Apa aku tau kaya ngéné sakdurungé?’

Terus, Yéhuwah nggawé Biléam isa ndelok malaékat kuwi. Malaékat kuwi ngomong, ’Yéhuwah wis ngongkon kowé bèn ora ngutuki bangsa Israèl.’ Biléam ngomong, ’Iya, aku salah. Ya wis tak mulih waé.’ Tapi, malaékat kuwi ngomong, ’Kowé éntuk lunga ing Moab. Tapi, kowé mung éntuk ngomong apa sing Yéhuwah omongké.’

Apa bar kuwi Biléam manut? Ora. Biléam malah nyoba ngutuki bangsa Israèl nganti ping telu. Tapi, Yéhuwah nggawé Biléam mberkahi bangsa Israèl. Bar kuwi, bangsa Israèl nyerang Moab, lan Biléam dipatèni. Nèk Biléam manut karo Yéhuwah, mesthi dhèwèké ora bakal ngalami kuwi, ta?

”Aja nganti kowé srakah. Senajan wong nduwé harta sing akèh, ning harta kuwi ora isa nggawé dhèwèké tetep urip.”​—Lukas 12:15

Pertanyaan: Kenapa Biléam lunga ing Moab? Apa sing dialami Biléam ing perjalanan?

Wilangan 22:1–24:25; 31:8; Néhémia 13:2; 2 Pétrus 2:15, 16; Yudas 11

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim