PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 43 hlm. 104
  • Dosané Raja Daud

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Dosané Raja Daud
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 43 hlm. 104
Nabi Natan mènèhi naséhat kanggo Raja Daud

PELAJARAN 43

Dosané Raja Daud

Sakwisé Saul mati, Daud dadi raja. Wektu kuwi umuré Daud 30 taun. Sakwisé dadi raja pirang-pirang taun, Daud nggawé kesalahan sing gedhé. Pas mlaku-mlaku ing atap istanané, Daud ndelok wong wédok sing ayu. Wong wédok mau jenengé Bat-syéba. Bat-syéba kuwi bojoné prajurit sing jenengé Uria. Daud ngongkon Bat-syéba teka ing istana. Terus, wong loro kuwi nindakké hubungan sèks. Akhiré, Bat-syéba hamil. Daud berupaya nutup-nutupi dosané. Daud ngongkon kepala pasukané nugaské Uria ing barisan sing paling ngarep pas perang, terus ditinggal dhèwèkan. Sakwisé Uria mati, Daud nikah karo Bat-syéba.

Raja Daud ndonga njaluk ngapura

Tapi, Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah ngongkon Nabi Natan nemoni Daud. Natan ngomong, ’Ana wong sugih sing nduwé akèh domba, lan ana wong miskin sing nduwé domba siji. Wong miskin kuwi sayang banget karo dombané. Tapi, dombané wong miskin kuwi dijupuk karo wong sugih mau.’ Daud nesu, terus ngomong, ’Wong sugih kuwi pantes mati!’ Terus, Natan ngomong, ’Ya njenengan kuwi wongé!’ Daud sedhih banget. Terus, dhèwèké ngakoni dosané. Daud ngomong, ’Aku wis dosa.’ Akibaté, Daud lan keluargané ngalami akèh kesusahan. Yéhuwah ngukum Daud. Tapi, Daud ora dipatèni merga wis jujur lan rendah hati.

Daud péngin mbangun bait kanggo Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah milih anaké Daud sing jenengé Salomo kanggo mbangun bait. Mula, Daud mulai nyiapké bahan-bahan sing dibutuhké Salomo. Daud ngomong, ’Baité Yéhuwah kudu megah. Tapi, Salomo isih enom. Mula, aku bakal mbantu dhèwèké nyiapké kabèh sing dibutuhké kanggo mbangun bait kuwi.’ Daud nyumbangké akèh dhuwit kanggo mbangun bait. Dhèwèké ya nggolèkké tukang sing trampil. Daud ngumpulké emas, pérak, lan kayu aras saka dhaérah Tirus lan Sidon. Sakdurungé mati, Daud mènèhi Salomo rancangan bait sing bakal dibangun. Daud ngomong, ’Yéhuwah ngongkon Bapak nggawé rancangan iki kanggo kowé. Yéhuwah bakal mbantu kowé. Aja wedi, ya. Kowé kudu kuwat. Bangunen bait iki.’

Daud ngrembug rancangan bait karo Salomo

”Wong sing nutup-nutupi kesalahané ora bakal berhasil, ning wong sing ngakoni kesalahané lan ora nindakké kuwi manèh bakal dimesakké.”​—Wulang Bebasan 28:13

Pertanyaan: Daud nggawé kesalahan apa? Apa sing ditindakké Daud kanggo mbantu Salomo?

2 Samuèl 5:3, 4, 10; 7:1-16; 8:1-14; 11:1–12:14; 1 Babad 22:1-19; 28:11-21; Mazmur 51:1-19

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim