PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 50 hlm. 120-hlm. 121 par. 5
  • Yéhuwah Mbantu Yéhosyafat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yéhuwah Mbantu Yéhosyafat
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Saktulusé Ati Ngabdi marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Apa Panjenengan Gelem Nggatèkké Conto-Conto ing Alkitab?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Intiné Buku 2 Babad
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • Kaya Yéhuwah, Milih Nggatèkké Apiké Wong Liya
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 50 hlm. 120-hlm. 121 par. 5
Raja Yéhosyafat lan para penyanyi mlaku ing ngarepé pasukan sing metu saka Yérusalèm

PELAJARAN 50

Yéhuwah Mbantu Yéhosyafat

Yéhosyafat kuwi raja Yéhuda. Yéhosyafat ngancurké mézbah Baal lan brahala saka negri kuwi. Dhèwèké péngin rakyaté ngerti soal hukumé Yéhuwah. Mula, para pejabat lan wong Lèwi dikon mulangké hukumé Yéhuwah ing kabèh dhaérah ing Yéhuda.

Bangsa-bangsa ing cedhaké Yéhuda wedi nyerang Yéhuda merga ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi Yéhuda. Raja Yéhosyafat malah éntuk hadiah saka bangsa-bangsa kuwi. Tapi bar kuwi, bangsa Moab, bangsa Ammon, lan wong-wong saka dhaérah Séir arep nyerang Yéhuda. Yéhosyafat ngerti nèk dhèwèké butuh bantuané Yéhuwah. Yéhosyafat ngongkon kabèh wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah ngumpul ing Yérusalèm. Terus, dhèwèké ndonga ing ngarepé wong-wong kuwi, ’Yéhuwah, aku ora isa menang nèk ora dibantu Njenengan. Tulung kandhani aku kabèh kudu piyé.’

Dongané Yéhosyafat dijawab. Yéhuwah ngomong, ’Aja wedi. Aku bakal mbantu kowé. Kowé kudu siap-siap ing panggonanmu. Tetepa ngadeg, terus deloken cara-Ku nylametké kowé.’ Piyé carané Yéhuwah nylametké bangsa kuwi?

Sésuk ésuké, Yéhosyafat milih para penyanyi. Para penyanyi kuwi dikon mlaku ing ngarepé pasukan. Wong-wong kuwi mlaku saka Yérusalèm tekan Tékoa. Tékoa kuwi dhaérah sing bakal dienggo perang.

Para penyanyi kuwi muji Yéhuwah nganggo swara sing banter. Yéhuwah perang kanggo umaté. Yéhuwah nggawé bangsa Ammon lan Moab padha patèn-patènan dhéwé. Akhiré, wong-wong kuwi mati kabèh. Tapi, Yéhuwah nglindhungi wong Yéhuda, para prajurit, lan para imam. Bangsa-bangsa ing cedhaké Yéhuda krungu apa sing wis ditindakké Yéhuwah. Wong-wong kuwi dadi ngerti nèk Yéhuwah isih mbantu umaté. Piyé carané Yéhuwah nylametké umaté? Yéhuwah nggunakké akèh cara. Yéhuwah ora butuh bantuan saka manungsa kanggo nylametké umaté.

”Ing perang iki, kowé ora perlu nyerang. Kowé kudu siap-siap ing panggonanmu, tetep ngadeg, lan deloken piyé Yéhuwah nylametké kowé.”​—2 Babad 20:17

Pertanyaan: Yéhosyafat kuwi raja sing kaya apa? Piyé carané Yéhuwah nglindhungi Yéhuda?

2 Babad 17:1-19; 20:1-30

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim