PELAJARAN 64
Danièl ing Guwa Singa
Ana raja Babilon liyané sing jenengé Darius. Darius kuwi wong Média. Darius ngerti nèk Danièl luwih pinter timbang wong liyané. Mula, Darius milih Danièl dadi kepalané wong-wong penting ing negri kuwi. Wong-wong kuwi iri karo Danièl lan péngin matèni dhèwèké. Wong-wong kuwi ngerti nèk saben dina Danièl ndonga karo Yéhuwah ping telu. Mula, wong-wong kuwi ngomong karo Darius, ’Njenengan kudu nggawé hukum bèn kabèh wong mung ndonga karo njenengan. Sapa waé sing ora gelem manut hukum kuwi kudu diuncalké ing guwa singa.’ Darius setuju, terus tanda tangan ing hukum kuwi.
Sakwisé ngerti hukum sing anyar kuwi, Danièl mulih. Ing ngarep jendhéla, Danièl sujud, terus ndonga karo Yéhuwah. Wong-wong sing iri karo Danièl mlebu ing omahé Danièl lan ndelok Danièl lagi ndonga. Wong-wong kuwi nemoni Darius, terus ngomong, ’Danièl ora manut. Dhèwèké ndonga sedina ping telu.’ Darius sayang karo Danièl. Darius ora péngin Danièl mati. Sedina kuwi, dhèwèké terus mikirké carané nylametké Danièl, tapi ora isa. Hukum sing wis ditanda tangani kuwi kudu ditindakké. Darius akhiré kepeksa ngongkon para penjaga nguncalké Danièl ing guwa singa.
Bengi kuwi, Darius ora isa turu merga kuwatir karo Danièl. Ésuké, Darius lunga ing guwa singa. Terus, dhèwèké mbengok, ’Danièl, apa Gusti Allahmu nylametké kowé?’
Bar kuwi, Darius krungu swarané Danièl. Danièl njawab, ’Aku ora apa-apa. Malaékaté Yéhuwah wis nutup cangkemé singa-singa iki.’ Darius dadi seneng banget. Dhèwèké ngongkon bèn Danièl ditokké saka lubang kuwi. Pas metu, Danièl ora luka babar blas. Terus, raja ngomong, ’Uncalna wong-wong sing nudhuh Danièl kuwi ing guwa singa.’ Pas diuncalké ing kono, wong-wong mau langsung dipangan karo singa-singa kuwi.
Darius ngongkon rakyaté, ’Kabèh wong kudu ngajèni Gusti Allahé Danièl. Dhèwèké nylametké Danièl saka singa.’
Apa kowé ya ndonga saben dina kaya Danièl?
”Yéhuwah ngerti carané nylametké wong-wong sing ngabdi marang Dhèwèké saka cobaan.”—2 Pétrus 2:9