PELAJARAN 81
Ceramah ing Gunung
Bar milih 12 rasul, Yésus mudhun saka gunung. Terus, Yésus ketemu karo akèh wong sing wis padha ngumpul. Wong-wong kuwi asalé saka Galiléa, Yudéa, Tirus, Sidon, Siria, lan saka dhaérah sabrangé Kali Yordan. Wong lara lan wong sing kesurupan digawa ing ngarepé Yésus. Yésus marèkké wong-wong kuwi. Terus, Yésus lungguh lan mulai mulang. Dhèwèké njelaské carané bèn isa dadi sahabaté Gusti Allah. Carané yaiku kudu éling nèk awaké dhéwé butuh tuntunané Yéhuwah lan kudu sayang Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé ora isa sayang karo Yéhuwah nèk ora sayang karo wong liya. Awaké dhéwé ya kudu adil lan apikan karo kabèh wong, termasuk karo sing njahati awaké dhéwé.
Yésus ngomong, ’Aja mung sayang karo kancamu. Kowé ya kudu sayang lan seneng ngapura wong sing njahati kowé. Nèk ana sing nesu karo kowé, temonana wong kuwi, terus njaluka ngapura. Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya karo kowé, kuwi tindakna dhisik.’
Yésus ya mènèhi naséhat sing apik soal harta. Dhèwèké ngomong, ’Dadi sahabaté Yéhuwah kuwi luwih penting ketimbang nduwé dhuwit akèh. Maling isa nyolong dhuwitmu. Tapi, berkah merga dadi sahabaté Yéhuwah ora isa dicolong. Aja terus nguwatirké soal apa sing bakal mbok pangan, apa sing bakal mbok ombé, utawa apa sing bakal mbok enggo. Deloken manuk-manuk. Kuwi waé dicukupi kebutuhané karo Gusti Allah. Rasa kuwatir ora isa nggawé kowé urip luwih suwé. Élinga nèk Yéhuwah ngerti apa sing mbok butuhké.’
Wong-wong kuwi durung tau krungu wong liya ngomong kaya Yésus. Para pemimpin agama, yaiku wong Farisi lan para ahli Taurat, ora mulangké soal kuwi. Apa sebabé Yésus isa dadi guru sing hébat? Merga kabèh ajarané Yésus asalé saka Yéhuwah.
”Ayo mréné lan kerja bareng karo aku. Sinaua saka aku, merga watakku alus lan aku rendah hati. Kowé bakal seger manèh.”—Matius 11:29