PELAJARAN 84
Yésus Mlaku ing Ndhuwur Laut
Yésus ora mung isa marèkké wong lara lan nguripké wong mati. Yésus ya isa ngendhalèni angin lan udan. Sakwisé ndonga ing gunung, Yésus ndelok ana badai ing Laut Galiléa. Para rasulé lagi numpak prau lan ngupaya nerjang badai. Yésus mudhun saka gunung. Bar kuwi, Yésus mulai mlaku ing laut, terus marani prauné para rasul. Wektu ndelok ana sing mlaku ing laut, para rasul dadi wedi. Tapi, Yésus ngomong, ’Aja wedi. Iki aku.’
Pétrus njawab, ’Gusti, nèk kuwi bener-bener njenengan, kongkonen aku marani njenengan.’ Yésus ngomong, ’Mrénéa.’ Ing tengah badai, Pétrus mudhun saka prau lan mlaku ing laut marani Yésus. Tapi wektu wis arep tekan, Pétrus ndeloki badainé, terus dadi wedi. Akibaté, Pétrus mulai kleleb. Pétrus mbengok, ’Gusti, tulungana aku!’ Yésus nyekel tangané Pétrus, terus ngomong, ’Kenapa kowé dadi ragu-ragu? Ing endi imanmu?’
Yésus lan Pétrus munggah ing prau. Bar kuwi, badainé langsung mandheg. Apa kowé isa mbayangké perasaané para rasul? Para rasul ngomong, ”Njenengan kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.”
Ana peristiwa liya sing mbuktèkké nèk Yésus isa ngendhalèni cuaca. Pas kuwi, Yésus lan para muridé lagi numpak prau kanggo lunga ing sabrang laut. Yésus turu ing bagéan mburi prau. Pas Yésus turu, ana badai. Ombaké gedhé banget nganti banyuné mlebu prau. Para rasul nggugah Yésus lan mbengok, ’Guru, awaké dhéwé bakal mati! Tulung!’ Yésus tangi, terus nggetak badai kuwi, ”Mandhega!” Badainé mandheg, lan lauté dadi tenang banget. Yésus takon karo para rasulé, ’Ing endi imanmu?’ Para rasul padha ngomong. ”Angin lan laut waé manut karo dhèwèké.” Saka peristiwa kuwi, para rasul sinau nèk bener-bener percaya karo Yésus, para rasul kuwi ora perlu wedi karo apa waé.
”Misalé aku ora nduwé iman nèk Yéhuwah bakal apikan karo aku sakjegé uripku, aku ora ngerti uripku bakal piyé”—Mazmur 27:13