BAGÉAN LORO
”Kowé Nggawé Panggonan Suci-Ku Dadi Najis”—Ibadah sing Murni Dadi Najis
INTINÉ: Wong Yérusalèm lan Yéhuda nyembah déwa-déwa lan tumindak bejat
Yéhuwah sayang banget karo bangsa Israèl lan nganggep bangsa kuwi ’umaté sing istiméwa’. (Pa. 19:5) Ning, bangsa Israèl malah nglarani atiné Yéhuwah lan nggawé Yéhuwah dirèmèhké. Bangsa kuwi nyembah déwa-déwa ing bait, padahal kuwi baité Yéhuwah. Kok isa wong Israèl nganti kaya ngono? Apa sing isa disinaoni saka ramalané Yèhèzkièl soal Yérusalèm sing bakal dihancurké? Apa sing isa disinaoni saka bangsa Israèl lan bangsa-bangsa ing sekitaré?