KOTHAK INFORMASI 13A
Bait Loro, Bédané Apa lan Artiné Apa
Bait sing Didelok Yèhèzkièl:
Dicritakké Yèhèzkièl marang wong-wong Yahudi sing ditawan ing Babilon
Persembahan sing diwènèhké ing mézbahé ana akèh
Sing dibahas yaiku pathokané Yéhuwah soal carané ngibadah
Intiné yaiku ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh. Ing jamané awaké dhéwé kuwi kelakon mulai taun 1919
Bait Rohani:
Dijelaské Paulus ing suraté kanggo wong-wong Kristen ing Ibrani
Persembahan sing diwènèhké ing mézbahé mung siji thok lan diwènèhké ”ping pisan kanggo saklawasé” (Ibr. 10:10)
Sing dimaksud yaiku apa waé sing wis diatur Yéhuwah bèn umaté isa nindakké ibadah sing murni nganggo dhasar korban tebusané Yésus. Kuwi digambarké nganggo tabernakel, baité Salomo, lan baité Zérubabèl
Intiné yaiku apa sing dilakoni Yésus pas dadi Imam Agung kèt taun 29 nganti 33 M