PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rr hlm. 152-153
  • Sing Isa Dipelajari saka Wahyu soal Bait

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sing Isa Dipelajari saka Wahyu soal Bait
  • Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ibadah marang Yéhuwah Diluhurké lan Dijaga Tetep Murni
  • Berkah-Berkah sing Ana Nganti Saklawasé
  • Pathokan-Pathokan sing Padha
  • Mangan Bareng karo Yéhuwah
  • Ibadah marang Yéhuwah Mesthi Isa Dadi Murni Manèh
  • ”Iki Hukum soal Bait”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • ”Jelasna Kaya Apa Bait Kuwi”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Menghargai Kesempatan Istiméwa Isa Nyembah Yéhuwah ing Bait Rohani
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • ”Deloken Perkara-Perkara Jahat lan Njijiki sing Ditindakké Wong-Wong Kuwi”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
rr hlm. 152-153

KOTHAK INFORMASI 14A

Sing Isa Dipelajari saka Wahyu soal Bait

Vèrsi Tercétak
Gambar aréa bait sing didelok Yèhèzkièl: 1. Gunung sing dhuwur. 2. Témbok ing sekelilingé bait. 3. Dhaérah sing luas ing sekelilingé bait. 4. Kali sing mili saka bait. 5. Gerbang-gerbang njaba. 6. Témbok bait. 7. Halaman njaba. 8. Ruang-ruang makan ing halaman njaba. 9. Gerbang-gerbang njero. 10. Halaman njero. 11. Mézbah. 12. Panggonan suci. Gambar pesawat jèt jumbo (dawané kira-kira 75 mèter) sing kétok cilik banget nèk dibandhingké karo témbok ing sekelilingé bait (dawané 1.555 mèter).

Ibadah marang Yéhuwah Diluhurké lan Dijaga Tetep Murni

Bait sing didelok Yèhèzkièl ana ing ”gunung sing dhuwur banget” (nomer 1). Apa awaké dhéwé ya wis ngluhurké utawa ngutamakké ibadah sing murni?

Ing sekelilingé bait ana témbok (nomer 2) lan dhaérah sing luas banget (nomer 3). Dadi, ibadah marang Yéhuwah kudu dijaga saka apa waé sing isa nggawé najis. Yèhèzkièl 42:20 nyebutké nèk ”dhaérah suci” dipisahké karo ”dhaérah biasa” nganggo témbok. Sing dimaksud ”dhaérah biasa” yaiku urusan sehari-hari sing ora ana hubungané karo ibadah. Nèk sing kaya ngono waé kudu dipisahké saka ibadah sing murni, apa manèh perkara-perkara sing najis lan tumindak sing bejat. Umaté Yéhuwah kudu bener-bener ngedohi perkara-perkara sing kaya ngono.

Berkah-Berkah sing Ana Nganti Saklawasé

Ana kali sing mili saka bait sing saya suwé saya jero, terus banyuné kuwi isa marahi urip lan nggawé tanahé dadi subur (nomer 4). Berkah-berkah saka kali kuwi bakal dibahas ing Bab 19.

Pathokan-Pathokan sing Padha

Gerbang-gerbang njabané (nomer 5) lan gerbang-gerbang njeroné (nomer 9) dhuwur banget. Saka kono awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah wis nentokké pathokan-pathokan sing unggul kanggo kabèh umaté. Terus, gerbang-gerbang njaba karo gerbang-gerbang njero kuwi bentuk lan ukurané padha. Dadi, pathokané Yéhuwah kanggo kabèh umaté kuwi padha. Ora soal apa waé tugasé, kabèh umaté Yéhuwah kudu manut karo pathokan-pathokan kuwi.

Mangan Bareng karo Yéhuwah

Ana ruang-ruang makan (nomer 8). Dadi mbiyèn, ana persembahan-persembahan sing isa dipangan bareng ing kono. Wong-wong sing nggawa persembahan kuwi isa kaya mangan bareng karo Yéhuwah. Tapi kuwi béda karo sing ana ing bait rohani saiki. Ing bait rohani, wis ana ”korban siji” sing diwènèhké. (Ibr. 10:12) Terus, awaké dhéwé saiki mènèhké korban pujian.​—Ibr. 13:15.

Ibadah marang Yéhuwah Mesthi Isa Dadi Murni Manèh

Pas maca rinciané ukuran-ukuran sing disebutké Yèhèzkièl, mungkin awaké dhéwé dadi bingung. Tapi, saka kono ana sing isa dipelajari. Merga kabèh-kabèh diukur nganti rinci, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi kelakon, termasuk janjiné nèk ibadah marang Dhèwèké bakal dadi murni manèh. Kabèh umaté Yéhuwah kudu manut karo pathokané Yéhuwah soal ibadah sing murni. Mula, Yèhèzkièl nyathet nèk Yéhuwah ngandhan-ngandhani para imam, para pemimpin, lan wong-wong liyané.

Balik ing bab 14, paragraf 13, 14

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim