PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rr hlm. 206
  • Kali sing Banyuné Saya Deres

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kali sing Banyuné Saya Deres
  • Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kali sing Nggawa Berkah
  • Banyu sing Marahi Urip
  • Wit sing Buahé Isa Dipangan lan Godhongé Isa Dienggo Obat
  • ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Pertanyaan saka Pembaca
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Kali-Kali sing Nggawa Berkah saka Yehuwah
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Yéhuwah Mbantu Awaké Dhéwé Bèn Sabar
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
rr hlm. 206

KOTHAK INFORMASI 19B

Kali sing Banyuné Saya Deres

Yèhèzkièl mlaku turut kali sing banyuné mili saka baité Yéhuwah. Kali kuwi saben rong kilomèter dadi saya jero lan saya deres. Terus, ing pinggir kali kuwi, ana wit-witan sing buahé akèh lan godhongé isa dienggo obat. Kuwi kabèh artiné apa?

Kali sing mili saka baité Yéhuwah banyuné dadi saya deres. Tandha sing nduduhké jeroné kali. 1.000 hasta: sak pergelangan sikil. 2.000 hasta: sak dhengkul. 3.000 hasta: sak pinggang. 4.000 hasta: jero banget.

Kali sing Nggawa Berkah

JAMAN MBIYÈN: Wong-wong sing dibébaské saka penawanan diberkahi Yéhuwah merga nindakké ibadah sing murni manèh ing baité Yéhuwah

AKHIR JAMAN: Ing taun 1919, ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh. Sejak kuwi, Yéhuwah terus mberkahi umaté nganggo keterangan-keterangan saka Alkitab sing isa nguwatké iman

MASA DEPAN: Sakwisé Armagédon, Yéhuwah bakal mberkahi umaté, misalé nggawé manungsa dadi sampurna lan mènèhi keterangan-keterangan sing anyar

Banyu sing Marahi Urip

JAMAN MBIYÈN: Yéhuwah mberkahi umaté sing setya. Wong-wong kuwi jumlahé dadi saya akèh lan isa ngrasakké urip sing nyenengké merga isa nindakké ibadah sing murni manèh

AKHIR JAMAN: Umaté Yéhuwah diberkahi, mula jumlahé dadi saya akèh. Wong-wong kuwi ya isa ngrasakké urip sing nyenengké merga isa cedhak karo Yéhuwah lan ngibadah nganggo cara sing bener

MASA DEPAN: Wong-wong sing slamet ngliwati Armagédon bakal ngrasakké berkahé Yéhuwah sing akèh banget bareng karo wong-wong sing diuripké manèh

Wit sing Buahé Isa Dipangan lan Godhongé Isa Dienggo Obat

JAMAN MBIYÈN: Yéhuwah mulang wong-wong sing bar dibébaské saka penawanan lan mbantu wong-wong kuwi bèn ora nindakké ibadah sing palsu manèh

AKHIR JAMAN: Wong-wong saiki akèh sing ora isa cedhak karo Gusti Allah lan uripé ora nggenah. Tapi, umaté Yéhuwah isa éntuk keterangan-keterangan saka Alkitab lan dibantu bèn tetep setya karo Yéhuwah

MASA DEPAN: Wong-wong sing gelem manut bakal dibantu karo Yésus lan 144.000 bèn isa dadi sampurna lan urip saklawasé

Balik ing bab 19, paragraf 4-21

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim