BAGÉAN TELU
’Aku Bakal Nglumpukké Kowé’—Yéhuwah Janji Nèk Ibadah marang Dhèwèké Bakal Dadi Murni Manèh
INTINÉ: Ramalané Yèhèzkièl nèk ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh
Wong-wong Israèl ora isa bersatu merga murtad. Wong-wong Israèl dihukum merga ngrèmèhké Yéhuwah lan nggawé ibadah sing murni dadi najis. Tapi, isih ana harapan. Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl nyampèkké ramalan sing apik soal masa depan. Yéhuwah nyampèkké ramalan kuwi liwat wahyu lan gambaran sing isa dibayangké manungsa. Kuwi mesthi nguwatké wong Israèl sing ditawan lan kabèh wong sing péngin bèn ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh.