PELAJARAN 3
Nggunakké Pitakonan
Matius 16:13-16
RINGKESAN: Gunakna pitakonan sing cocog bèn wong penasaran karo topik sing dirembug, gelem dijak mikir, lan ngerti gagasan utamané.
CARANÉ:
Nggawé wong penasaran. Gunakna pitakonan bèn wong sing dijak omong dadi penasaran utawa dadi mikirké topik sing lagi dirembug.
Ngejak mikir. Gunakna pitakonan bèn sing dijak omong isa nggawé kesimpulan sing bener.
Njelaské gagasan utamané. Gunakna pitakonan sakdurungé ngrembug gagasan utama. Awaké dhéwé ya isa nggunakké pitakonan sakwisé ngrembug gagasan sing penting utawa ing bagéan akhir rembugan.