PELAJARAN 5
Maca nganggo Cara sing Bener
1 Timotius 4:13
RINGKESAN: Maca nganggo swara sing banter lan persis kaya sing ana ing tèks.
CARANÉ:
Persiapan. Pikirna tujuané tèks kuwi ditulis. Awaké dhéwé kudu latihan maca kelompok kata, dudu kata per kata. Aja nambahké, nglompati, utawa ngubah kata-kata. Gatèkna tanda baca, misalé tanda tanya, koma, utawa titik.
Ngucapké kata-kata nganggo cara sing bener. Nèk ora ngerti carané nyebutké kata tertentu, rungokna rekaman swara saka wacan-wacan Alkitab, utawa takon karo wong sing macané apik.
Ngomong sing jelas. Kata-katané kudu jelas wektu diucapké, sirahé aja ndhingkluk, lan cangkemé dibukak sing amba.