-
Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
PELAJARAN 31
Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
Berita ing Alkitab kuwi intiné soal Kerajaané Gusti Allah. Kabèh sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat kerajaan kuwi. Kerajaané Gusti Allah kuwi apa? Apa buktiné nèk kuwi saiki wis mréntah? Selama mréntah, apa waé sing wis kelakon? Sukmbèn, apa manèh sing bakal kelakon? Kuwi bakal dirembug ing pelajaran 31 nganti 33.
1. Kerajaané Gusti Allah kuwi apa? Rajané sapa?
Kerajaané Gusti Allah kuwi pemerintahan sing didegké Yéhuwah ing swarga, sing rajané Yésus. (Matius 4:17; Yohanes 18:36) Menurut Alkitab, Yésus ’bakal dadi raja nganti saklawasé’. (Lukas 1:32, 33) Sing dadi rakyaté kuwi kabèh wong ing bumi.
2. Yésus mréntah karo sapa?
Ana ”wong-wong saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa . . . bakal dadi raja lan mréntah bumi” bareng karo Yésus. (Wahyu 5:9,10) Jumlahé pira? Meskipun sing dadi muridé Yésus ana akèh, tapi sing mréntah ing swarga bareng Yésus mung 144.000. (Wacanen Wahyu 14:1-4.) Muridé Yésus liyané bakal dadi rakyaté ing bumi.—Mazmur 37:29.
3. Ngapa kok Kerajaané Gusti Allah luwih apik timbang pemerintahané manungsa?
Meskipun ana pemerintah sing apik, sing mikirké rakyaté, tapi rencana-rencanané durung mesthi isa kelakon kabèh. Malah, ana sing terus diganti karo pemerintah liya sing ora mikirké rakyaté. Tapi, Yésus ora bakal isa diganti. Gusti Allah wis ”ngedegké kerajaan sing ora bakal dihancurké”. (Danièl 2:44) Pas mréntah bumi, Yésus apikan lan adil. Yésus sayang lan ora mbédak-mbédakké rakyaté. Yésus ya ngajari rakyaté bèn niru sifat-sifaté.—Wacanen Yésaya 11:9.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo dirembug ngapa kok Kerajaané Gusti Allah luwih apik timbang pemerintahané manungsa.
4. Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah kabèh wong ing bumi
Yésus nduwé kekuasaan sing luwih gedhé timbang pemerintah manungsa. Wacanen Matius 28:18, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa bédané kekuasaané Yésus karo manungsa?
Pemerintahané manungsa gonta-ganti terus lan ora isa mréntah kabèh wong ing bumi. Nèk Kerajaané Gusti Allah piyé? Wacanen Danièl 7:14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah ”ora bakal dihancurké”?
Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah kabèh wong ing bumi?
5. Mung Kerajaané Gusti Allah sing pantes mréntah manungsa
Ngapa kok sing mréntah manungsa kudu Kerajaané Gusti Allah? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa akibaté nèk manungsa sing mréntah?
Wacanen Pengkhotbah 8:9, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut njenengan, ngapa kok sing mréntah manungsa kudu Kerajaané Gusti Allah?
6. Yésus lan sing mréntah bareng dhèwèké ngerti perasaané manungsa
Yésus sing dadi raja Kerajaané Gusti Allah tau dadi manungsa. Makané, dhèwèké ”isa ngerti kelemahané awaké dhéwé”. (Ibrani 4:15) Sing mréntah bareng Yésus, sing jumlahé 144.000, asalé ya ”saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa”.—Wahyu 5:9.
Apa njenengan seneng bar ngerti nèk Yésus karo sing mréntah bareng dhèwèké tau dadi manungsa? Lha ngapa?
Yéhuwah milih wong-wong saka kabèh bangsa lan basa kanggo mréntah bareng Yésus
7. Aturané Gusti Allah kuwi sing paling apik
Pemerintah nggawé aturan sing ana manfaaté kanggo rakyaté. Kerajaané Gusti Allah ya nggawé aturan sing kudu ditaati rakyaté. Wacanen 1 Korintus 6:9-11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Nèk kabèh manut aturané Gusti Allah,a donya iki dadi piyé?
Menurut njenengan, apa Yéhuwah nduwé hak kanggo ngatur rakyat Kerajaané Gusti Allah? Lha ngapa?
Apa buktiné nèk wong sing kelakuané ora sesuai karo aturané Gusti Allah akhiré isa manut karo Gusti Allah?—Deloken ayat 11.
Nèk aturané pemerintah waé ana manfaaté kanggo rakyaté, apa manèh aturané Gusti Allah
NÈK ANA SING TAKON: ”Kerajaané Gusti Allah kuwi apa?”
Njenengan njawab apa?
KESIMPULAN
Kerajaané Gusti Allah kuwi pemerintahan ing swarga sing bakal mréntah bumi.
Jawaben
Sapa waé sing mréntah ing Kerajaané Gusti Allah?
Ngapa kok Kerajaané Gusti Allah luwih apik timbang pemerintahané manungsa?
Yéhuwah péngin rakyaté piyé?
BAHAN TAMBAHAN
Menurut Yésus, Kerajaané Gusti Allah ana ing endi?
”Apa Kerajaané Gusti Allah Kuwi Ana ing Njero Ati?” (Artikel ing jw.org)
Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah pilih ndhukung Kerajaané Gusti Allah daripada pemerintahané manungsa?
Ing Alkitab ana keterangan apa soal 144.000?
Wacanen pengalamané wong wédok sing pas dipenjara dadi ngerti soal pemerintahan sing paling apik.
”Akhiré Aku Ngerti Sapa sing Isa Nggawé Kabèh Wong Ngrasakké Keadilan” (Gatèkna! November 2011)
-
-
Kerajaané Gusti Allah Wis MréntahBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
PELAJARAN 32
Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah
Kerajaané Gusti Allah mulai mréntah ing swarga taun 1914. Kuwi ya tandha nèk ora suwé manèh, pemerintahané manungsa arep disingkirké. Kok ngerti? Ayo ngrembug ramalan ing Alkitab soal kuwi, karo ndelok apa sing kelakon ing donya lan piyé kelakuané wong-wong kèt taun 1914.
1. Ing Alkitab ana ramalan apa?
Ing buku Danièl ditulis nèk Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah sakwisé rampung ”pitung mangsa”. (Danièl 4:16, 17, ctn.) Yésus ngomong nèk kuwi ”wektu sing ditentokké kanggo bangsa-bangsa”, lan kuwi durung rampung pas jamané Yésus. (Lukas 21:24) Pitung mangsa kuwi rampungé taun 1914.
2. Kèt taun 1914, apa sing kelakon ing donya lan piyé kelakuané wong-wong?
Murid-murid nakoni Yésus, ”Apa tandhané wektu njenengan bali, lan apa tandhané akhir jaman?” (Matius 24:3) Yésus njawab nèk wektu dhèwèké wis dadi Raja, tandhané ana perang, kelaparan, lan gempa bumi. (Wacanen Matius 24:7.) Ing Alkitab ya ana ramalan nèk ”ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi” merga kelakuané wong-wong. (2 Timotius 3:1-5) Kuwi kabèh kelakon kèt taun 1914.
3. Ngapa kok manungsa malah tambah susah bar Kerajaané Gusti Allah mréntah?
Bar dadi Raja, Yésus perang nglawan Sétan lan hantu-hantuné ing swarga. Sétan kalah, terus ”diuncalké ing bumi” lan ”malaékat-malaékaté ya diuncalké bareng karo dhèwèké”. (Wahyu 12:9, 10, 12) Sétan ngerti nèk dhèwèké arep disingkirké, mulané dhèwèké nesu banget, terus nggawé manungsa susah lan sengsara. Tapi, Kerajaané Gusti Allah bakal ngrampungi kabèh masalah kuwi.
SINAU LUWIH AKÈH
Ana keterangan nèk Kerajaané Gusti Allah mémang mréntah taun 1914 lan awaké dhéwé kudu piyé bar ngerti soal kuwi.
4. Ramalan ing Alkitab soal taun 1914
Raja Babilon, sing jenengé Nébukhadnézar, éntuk mimpi sing isiné ramalan. Arti mimpiné dijelaské karo Danièl. Mimpi lan artiné kuwi sakjané ramalan soal kerajaané Nébukhadnézar lan Kerajaané Gusti Allah.—Wacanen Danièl 4:17.a
Wacanen Danièl 4:20-26, terus deloken tabèl bèn isa njawab pertanyaan-pertanyaan iki:
(A) Ing mimpiné, Nébukhadnézar ndelok apa?—Deloken ayat 20 lan 21.
(B) Wit kuwi diapakké?—Deloken ayat 23.
(C) Bar ”pitung taun” rampung, wité dadi piyé?—Deloken ayat 26.
Keterangan soal Wit lan Kerajaané Gusti Allah
RAMALAN (Danièl 4:20-36)
Pemerintahan
(A) Wit sing gedhé banget
Pemerintahané mandheg
(B) Wité ditegor, terus ora diapak-apakké nganti ”pitung taun”
Mréntah manèh
(C) ”Njenengan bakal dadi raja manèh”
Pertama kali kelakon . . .
(D) Wit kuwi nggambarké sapa?—Deloken ayat 22.
(E) Nébukhadnézar ora mréntah manèh mulai kapan?—Wacanen Danièl 4:29-33.
(F) Bar ”pitung taun” rampung, Nébukhadnézar dadi piyé?—Wacanen Danièl 4:34-36.
PERTAMA KALI KELAKON
Pemerintahan
(D) Raja Nébukhadnézar saka Babilon
Pemerintahané mandheg
(E) Bar taun 606 SM, Nébukhadnézar dadi édan lan ora mréntah nganti pitung taun
Mréntah manèh
(F) Pikirané Nébukhadnézar dadi waras, terus mulai mréntah manèh
Kelakon manèh . . .
(G) Wit kuwi nggambarké sapa? —Wacanen 1 Babad 29:23.
(H) Raja-raja kuwi ora mréntah manèh mulai kapan? Apa buktiné nèk pas Yésus ing bumi, raja-raja kuwi isih durung mréntah manèh? —Wacanen Lukas 21:24.
(I) Kapan lan ing endi pemerintahané ana manèh?
KELAKON MANÈH
Pemerintahan
(G) Raja-raja ing Israèl sing mréntah dadi wakilé Yéhuwah
Pemerintahané mandheg
(H) Yérusalèm dihancurké, ora ana raja sing mréntah umaté Gusti Allah nganti 2.520 taun
Mréntah manèh
(I) Ing swarga, Yésus mulai mréntah dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah
Pitung mangsa kuwi pirang taun?
Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk mbandhingké buku Alkitab liyané. Contoné, buku Wahyu nyebutké nèk 3,5 mangsa kuwi suwéné 1.260 dina. (Wahyu 12:6, 14) Pitung mangsa kuwi ping loroné 3,5 mangsa, utawa 2.520 dina. Ing Alkitab, kata ”dina” maksudé ya isa ”taun”. (Yèhèzkièl 4:6) Dadi, pitung mangsa ing buku Danièl kuwi 2.520 taun.
5. Keadaan ing donya kèt taun 1914
Yésus ngomong nèk donya bakal dadi piyé bar dhèwèké dadi Raja? Wacanen Lukas 21:9-11, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut njenengan, sing endi sing wis kelakon?
Rasul Paulus njelaské piyé sifaté wong-wong pas akhir jaman. Wacanen 2 Timotius 3:1-5, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut njenengan, apa sifaté wong-wong saiki ya kaya ngono?
6. Buktiné nèk percaya Kerajaané Gusti Allah wis mréntah
Wacanen Matius 24:3, 14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa tandhané nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah?
Piyé carané njenengan ya isa mèlu martakké kabar apik kuwi?
Kerajaané Gusti Allah wis mréntah ing swarga, terus sedhéla manèh arep mréntah bumi. Wacanen Ibrani 10:24, 25, terus rembugen pertanyaan iki:
Merga ”dinané Gusti Allah wis saya cedhak”, awaké dhéwé kudu piyé?
Nèk njenengan ngerti carané mbantu wong-wong bèn isa urip saklawasé, njenengan kuduné piyé?
NÈK ANA SING TAKON: ”Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah nganggep nèk 1914 kuwi taun sing penting?”
Njenengan njawab apa?
KESIMPULAN
Ramalan ing Alkitab lan keadaan ing donya saiki dadi bukti nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah. Awaké dhéwé kudu martakké kabar apik soal kuwi lan rajin teka ing pertemuan ibadah.
Jawaben
Bar pitung taun rampung, apa sing kelakon?
Ngapa kok njenengan percaya nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah kèt taun 1914?
Apa buktiné nèk njenengan percaya Kerajaané Gusti Allah wis mréntah?
BAHAN TAMBAHAN
Wacanen keterangan saka para ahli sejarah lan liyané soal keadaan ing donya kèt taun 1914.
Wacanen pengalamané wong sing dadi luwih bahagia bar ngerti ramalan ing Matius 24:14.
”Olahraga Kuwi Paling Penting Kanggoku” (Warta Penting No. 3 2017)
Apa buktiné nèk ramalan ing Danièl 4 kuwi sakjané soal Kerajaané Gusti Allah?
”Kapan Kerajaané Gusti Allah Mulai Mréntah? (Bagian 1)” (Warta Penting 1 Oktober 2014)
Apa buktiné nèk ”pitung taun” sing disebutké ing Danièl 4 kuwi rampungé taun 1914?
”Kapan Kerajaané Gusti Allah Mulai Mréntah? (Bagian 2)” (Warta Penting 1 November 2014)
a Deloken artikel ketelu lan kepapat ing Bahan Tambahan pelajaran iki.
-
-
Sing Bakal Kelakon Nèk Kerajaané Gusti Allah Mréntah BumiBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
PELAJARAN 33
Sing Bakal Kelakon Nèk Kerajaané Gusti Allah Mréntah Bumi
Saiki, Kerajaané Gusti Allah wis mréntah ing swarga. Tapi, ora suwé manèh ya bakal mréntah bumi. Ayo dirembug apa waé berkah-berkahé.
1. Bèn kabèh wong damai lan ora ana sing dijahati, Kerajaané Gusti Allah bakal ngapa?
Yésus bakal nyingkirké wong jahat pas Armagédon. (Wahyu 16:14, 16) Wektu kuwi, ”wong sing jahat ora bakal ana manèh”. (Mazmur 37:10) Kabèh wong bakal ngrasa damai lan ora ana sing dijahati.—Wacanen Yésaya 11:4.
2. Piyé uripé manungsa sukmbèn?
Sukmbèn, ”wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé”. (Mazmur 37:29) Kabèh apikan, sayang karo Yéhuwah, sayang karo wong liya, ora ana sing lara, lan urip saklawasé. Kuwi mesthi nyenengké banget.
3. Bar wong jahat disingkirké, apa sing bakal kelakon?
Bar wong jahat disingkirké, Yésus mréntah nganti 1.000 taun karo 144.000. Wektu kuwi, manungsa suwé-suwé dadi sampurna manèh. Bar 1.000 taun rampung, bumi dadi taman sing apik banget lan wong-wongé bahagia merga manut Yéhuwah. Terus, Yésus bakal nyerahké Kerajaané marang Yéhuwah. Akhiré, ’jeneng Yéhuwah disucèkké’. (Matius 6:9, 10) Wong-wong bakal ngerti nèk Yéhuwah sing pantes mréntah. Terus, Sétan, hantu-hantuné, lan sapa waé sing nglawan Yéhuwah bakal disingkirké. (Wahyu 20:7-10) Berkah-berkah kuwi bakal ana nganti saklawasé.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug apa buktiné nèk kabèh berkah kuwi mesthi kelakon liwat Kerajaané Gusti Allah.
4. Pemerintahané manungsa bakal disingkirké
”Manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara.” (Pengkhotbah 8:9) Liwat Kerajaané, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh wong sing marahi sengsara.
Wacanen Danièl 2:44 lan 2 Tésalonika 1:6-8, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Pemerintahané manungsa bakal diapakké karo Yéhuwah lan Yésus?
Ngapa kok njenengan yakin nèk Yéhuwah lan Yésus ya mesthi adil wektu ngukum manungsa sing jahat?
5. Yésus Raja sing paling apik
Wong-wong sing dipréntah Yésus bakal éntuk akèh berkah. Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti nèk Yésus ora mung péngin, tapi ya isa mbantu manungsa.
Wektu ing bumi, Yésus nggawé akèh mukjijat. Kuwi ya bakal kelakon pas Yésus dadi Raja sukmbèn. Endi sing paling menarik kanggo njenengan? Wacanen ayat-ayat sing isiné soal berkah-berkah kuwi.
PAS ING BUMI, YÉSUS . . .
PAS DADI RAJA ING SWARGA, YÉSUS BAKAL . . .
ngendhegké badai.—Markus 4:36-41.
nggawé bumi dadi apik manèh.—Yésaya 35:1, 2.
mènèhi mangan wong akèh.—Matius 14:17-21.
nyukupi kebutuhan pangan.—Mazmur 72:16.
nambani wong lara.—Lukas 18:35-43.
nggawé kabèh wong dadi séhat.—Yésaya 33:24.
nguripké manèh wong mati.—Lukas 8:49-55.
nggawé manungsa sampurna lan urip saklawasé.—Wahyu 21:3, 4.
6. Bakal ana masa depan sing apik banget
Sing dikarepké Yéhuwah bakal bener-bener kelakon liwat Kerajaané. Manungsa bakal urip saklawasé ing bumi. Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti piyé carané sing dikarepké Yéhuwah isa kelakon liwat Yésus.
Wacanen Mazmur 145:16, terus rembugen pertanyaan iki:
Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah isa ”mènèhi kabèh sing dipéngini manungsa lan kéwan”?
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Kabèh masalah ing donya isa dirampungi bareng-bareng.”
Masalah apa sing isa dirampungi Kerajaané Gusti Allah tapi ora isa dirampungi pemerintahané manungsa?
KESIMPULAN
Sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat Kerajaané. Bumi bakal dadi apik banget lan dienggoni wong-wong sing nyembah Yéhuwah.
Jawaben
Piyé jenengé Yéhuwah bakal disucèkké liwat Kerajaané Gusti Allah?
Apa buktiné nèk sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat Kerajaané?
Berkah endi sing paling njenengan tunggu-tunggu?
BAHAN TAMBAHAN
Armagédon kuwi apa?
Apa sing bakal kelakon selama peristiwa sing disebut Yésus ”sengsara gedhé”?—Matius 24:21.
Deloken piyé sak keluarga isa mbayangké urip sing nyenengké sukmbèn.
Ana wong sing akhiré ngerti nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa mréntah manungsa. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Ana Akèh sing Marahi Aku Bingung”.
-