PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 1
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Carané Bèn Seneng Maca Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Piyé Bèn Isa Terus Sinau Alkitab?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 1
Pelajaran 1. Alkitab kebukak.

PELAJARAN 01

Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Wong-wong padha péngin ngerti piyé uripé sukmbèn, ngapa kok saiki akèh wong susah, lan piyé mengko nèk mati. Ana sing kuwatir piyé carané nyukupi kebutuhan keluarga lan piyé bèn keluargané bahagia. Akèh wong isa éntuk keterangan saka Alkitab soal uripé manungsa. Wong-wong kuwi ya wis ngrasakké dhéwé manfaaté Alkitab kanggo ngatasi masalahé. Apa njenengan ya setuju nèk Alkitab ana manfaaté kanggo kabèh wong?

1. Keterangan apa waé sing ana ing Alkitab?

Ing Alkitab ana keterangan soal: Piyé asal usulé manungsa? Ngapa kok manungsa diciptakké? Ngapa kok akèh wong sing susah? Piyé mengko nèk mati? Ngapa kok ana perang? Apa bumi bakal dihancurké? Njenengan isa nggolèki keterangan soal kuwi ing Alkitab merga akèh sing wis éntuk keterangan soal kuwi.

2. Ana saran apa waé ing Alkitab?

Ana saran-saran sing apik ing Alkitab, misalé piyé bèn keluarga bahagia, piyé bèn ora strès, lan piyé bèn seneng wektu nyambut gawé. Nèk ngrembug buku iki, njenengan isa ngerti keterangan soal kuwi lan keterangan liyané saka Alkitab. Njenengan isa yakin nèk ’kabèh sing ditulis ing Kitab Suci ana gunané’.​—2 Timotius 3:​16.

Buku iki dudu gantiné Alkitab, tapi liwat buku iki njenengan isa ngerti isiné Alkitab. Dadi, wacanen dhéwé ayat-ayaté, terus cocogna karo apa sing lagi dipelajari.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana sing wis ngrasakké dhéwé manfaaté sinau Alkitab. Njenengan ya isa ngerti carané bèn seneng maca Alkitab lan ngerti alesané ngapa kok kudu ana sing mbantu sinau Alkitab.

3. Ing Alkitab ana tuntunan sing apik

Alkitab kuwi kaya lampu. Awaké dhéwé kudu maca Alkitab bèn isa nggawé keputusan sing bener lan bèn ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn.

Wacanen Mazmur 119:​105, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Penulis Mazmur nganggep Alkitab kuwi kaya apa?

  • Nèk menurut njenengan dhéwé piyé?

Wong soré-soré mlaku ing pinggir danau karo nggawa sènter.

4. Ing Alkitab ana jawaban pertanyaané awaké dhéwé

Ana wong wédok sing akhiré ora penasaran lan ora bingung manèh merga sinau Alkitab. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Kudu Terus Nduwé Harapan (1:​48)

  • Ing vidéo kuwi, wong wédok mau bingung soal apa?

  • Apa manfaaté sinau Alkitab kanggo dhèwèké?

Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu seneng takon. Wacanen Matius 7:​7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Njenengan péngin ngerti soal apa sing jawabané mungkin ana ing Alkitab?

5. Njenengan isa seneng maca Alkitab

Akèh sing wis maca Alkitab lan ngrasakké dhéwé manfaaté. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Maca Alkitab (2:​05)

  • Ing vidéo kuwi, apa cah-cah mau seneng maca? Lha ngapa?

  • Ngapa cah-cah kuwi seneng maca Alkitab?

Ing Alkitab ana tuntunan, penghiburan, lan harapan. Wacanen Roma 15:​4, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa njenengan péngin ngerti luwih akèh soal penghiburan lan harapan sing ana ing Alkitab?

6. Bèn isa ngerti isiné Alkitab, kudu ana sing mbantu

Sakliyané maca Alkitab dhéwé, luwih apik nèk kuwi dirembug karo wong liya. Wacanen Kisah 8:​26-​31, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé bèn isa ngerti isiné Alkitab?​—Deloken ayat 30 karo 31.

Gambar: 1. Filipus njelaské isiné Kitab Suci karo wong Étiopia. 2. Ibu sing nduwé anak loro lagi sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah.

Pejabat Étiopia butuh dibantu bèn ngerti isiné Kitab Suci. Akèh wong saiki ya butuh dibantu bèn ngerti isiné Alkitab

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Ngapa kok ndadak sinau Alkitab?”

  • Njenengan njawab apa? Lha ngapa?

KESIMPULAN

Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa bahagia, nduwé harapan, éntuk saran-saran, lan ngerti keterangan soal uripé manungsa.

Jawaben

  • Ing Alkitab ana saran apa waé?

  • Pertanyaan apa waé sing jawabané mungkin ana ing Alkitab?

  • Wektu sinau Alkitab, njenengan péngin ngerti soal apa?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa saran-saran ing Alkitab isih ana gunané nganti saiki?

”Wulangané Alkitab Ora Ketinggalan Jaman” (Warta Penting No. 1 2018)

Deloken pengalamané wong sing mauné ngrasa ora berharga, tapi akhiré isa ngatasi masalahé merga sinau Alkitab.

Saiki Uripku Bahagia (2:​53)

Apa waé saran-saran ing Alkitab bèn keluarga isa bahagia?

”12 Cara Bèn Keluarga Bahagia” (Gatèkna! No. 2 2018)

Deloken vidéo sing njelaské soal sapa sing sakjané nguwasani donya.

Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab?​—Versi Dawa (3:​13)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim