PELAJARAN 10
Apa Manfaaté Teka ing Pertemuan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?
Apa njenengan tau teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah? Nèk durung, isa waé njenengan dheg-dhegan pas pertama kali teka. Njenengan mungkin mikir, ’Acarané mengko piyé ya? Apa manfaaté acara kuwi? Ngapa kok aku kudu teka?’ Ing pelajaran iki, njenengan isa ngerti carané luwih akrab karo Gusti Allah lan manfaaté teka ing pertemuan ibadah.
1. Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah ngumpul bareng?
Ana penulis Alkitab sing ngomong, ”Aku muji Yéhuwah ing jemaat sing akèh banget wongé.” (Mazmur 26:12) Kaya umaté Gusti Allah jaman mbiyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya ya seneng ngumpul kanggo ngibadah, nyanyi, lan ndonga. Pertemuané saben minggu ping loro, tapi beberapa kali setaun ana pertemuan sing wongé luwih akèh.
2. Njenengan isa ngerti apa waé ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah?
Ing pertemuan kuwi, Alkitab ’diterangké maksudé, lan dijelaské artiné’. (Wacanen Néhémia 8:8.) Njenengan isa ngerti soal Yéhuwah lan sifat-sifaté. Njenengan isa ngerti nèk Yéhuwah sayang karo njenengan, lan njenengan isa dadi luwih akrab karo Dhèwèké. Njenengan ya isa ngerti nèk Yéhuwah isa mbantu bèn njenengan bahagia.—Yésaya 48:17, 18.
3. Apa manfaaté teka ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah?
Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé ”nggatèkké sedulur liya bèn awaké dhéwé isa saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik. Aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk ngumpul kanggo ngibadah kuwi ora penting”. (Ibrani 10:24, 25) Ing pertemuan kuwi, njenengan isa ketemu karo wong-wong sing sayang karo liyané. Njenengan ya isa ketemu karo wong-wong sing kaya njenengan, sing péngin ngerti soal Gusti Allah. Ing pertemuan kuwi, wong-wong padha ngrembug Alkitab kanggo nguwatké liyané. (Wacanen Roma 1:11, 12.) Njenengan ya isa kenal karo wong-wong sing wis berhasil ngatasi masalah. Kuwi sebabé, Yéhuwah péngin awaké dhéwé rajin teka ing pertemuan ibadah.
SINAU LUWIH AKÈH
Ana keterangan soal pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah lan alesané kudu berusaha teka ing pertemuan kuwi.
4. Pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah
Wong Kristen ing jamané para rasul ya rajin teka ing pertemuan ibadah. (Roma 16:3-5) Wacanen Kolose 3:16, terus rembugen pertanyaan iki:
Wektu ngibadah wong-wong kuwi ngapa waé?
Saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah ya rajin teka ing Balé Ibadah. Nèk péngin ngerti acarané kaya apa, setèlen VIDÉONÉ. Deloken gambar pertemuan ibadah, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa buktiné acara ing Balé Ibadah sesuai karo Kolose 3:16?
Menurut njenengan, apa sing menarik saka gambar utawa vidéo mau?
Wacanen 2 Korintus 9:7, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah ora dijaluki dhuwit?
Deloken bareng-bareng karo sing mbantu njenengan sinau Alkitab bahan sing arep dirembug ing acara ibadah minggu iki.
Endi sing paling menarik utawa bermanfaat kanggo njenengan?
Keterangan
Deloken jw.org nèk péngin ngerti jadwal lan alamat pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya.
Ing pertemuan ibadah ana ceramah, pertunjukan wektu nginjil, lan vidéo. Acarané dimulai lan diakhiri nganggo nyanyian lan donga
Sing teka isa njawab pertanyaan pas acara tertentu
Kabèh wong éntuk teka
Acarané gratis, ora dijaluki dhuwit utawa kolèkte
5. Kudu berusaha teka ing pertemuan ibadah
Ana conto saka Yésus karo keluargané. Saben taun Yésus karo keluargané lunga ing bait ing Yérusalèm. Dhèwèké karo keluargané mangkat saka Nazarèt lan kudu mlaku 100 km ngliwati pegunungan. Wacanen Lukas 2:39-42, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa kudu berusaha bèn isa teka ing Yérusalèm?
Menurut njenengan, ngapa kok teka ngibadah kuwi butuh upaya?
Apa upaya kuwi ana gunané? Lha ngapa?
Menurut Alkitab, ngumpul kanggo ngibadah kuwi penting banget. Wacanen Ibrani 10:24, 25, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok kudu rajin teka ngibadah?
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Ora usah teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Sinau Alkitab ing omah waé.”
Ayat endi utawa conto apa ing Alkitab sing isa dienggo njelaské soal kuwi?
KESIMPULAN
Nèk teka ing pertemuan ibadah, njenengan isa ngerti soal Yéhuwah, luwih akrab karo Dhèwèké, lan bergaul karo liyané.
Jawaben
Ngapa kok Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé teka ing pertemuan ibadah?
Njenengan isa ngerti apa waé ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah?
Apa manfaat liyané teka ing pertemuan ibadah?
BAHAN TAMBAHAN
Nèk njenengan ragu-ragu teka ing pertemuan ibadah, deloken pengalamané wong sing tau ngrasa kaya ngono.
Ngapa kok cah lanang kuwi seneng teka ngibadah lan piyé upayané bèn isa terus teka?
Apa waé pendapaté wong-wong soal teka ngibadah?
Wacanen pengalamané wong sing ora dadi anggota gèng manèh sakwisé teka ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah.
”Ing Endi-Endi Aku Nggawa Pistol” (Warta Penting 1 Juli 2014)