PELAJARAN 23
Ana Akèh Berkah Nèk Njenengan Dibaptis
Yésus ngongkon bèn kabèh muridé dibaptis. (Wacanen Matius 28:19, 20.) Tapi, apa maksudé dibaptis? Piyé bèn isa dibaptis?
1. Apa maksudé dibaptis?
Ing basa Yunani ”dibaptis” kuwi artiné ”dilelebké” ing banyu. Kaya pas Yésus dibaptis ing Kali Yordan, dhèwèké dilelebké ing banyu, terus ”mentas saka banyu”. (Markus 1:9, 10) Makané pas dibaptis, awaké wong Kristen ya kudu dilelebké kabèh ing banyu.
2. Dibaptis kuwi bukti apa?
Dibaptis kuwi bukti nèk wong wis janji arep nglayani Yéhuwah. Dadi sakdurungé dibaptis, dhèwèké ndonga lan janji karo Yéhuwah nèk mung Yéhuwah sing arep disembah saklawasé. Dhèwèké ya janji nèk arep ngutamakké Yéhuwah. Dhèwèké kudu ”nolak kepénginané dhéwé” lan terus manut ajarané Yésus. (Matius 16:24) Nèk wis dibaptis, dhèwèké isa akrab karo Yéhuwah lan umaté.
3. Piyé bèn isa dibaptis?
Bèn isa dibaptis kudu sinau soal Yéhuwah lan nduwé iman karo Dhèwèké. (Wacanen Ibrani 11:6.) Nèk tambah kenal Yéhuwah lan tambah kuwat imané, mesthi ya tambah sayang karo Yéhuwah. Nèk sayang karo Yéhuwah, mesthi seneng crita soal Yéhuwah lan berusaha bèn tingkah lakuné bener. (2 Timotius 4:2; 1 Yohanes 5:3) Nèk tingkah lakuné bener ’kaya wong sing ngabdi marang Yéhuwah, lan nyenengké Dhèwèké’, mesthi dadi péngin nglayani Yéhuwah lan dibaptis.—Kolose 1:9, 10.a
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug keterangan ing Alkitab soal piyé Yésus pas dibaptis, lan piyé bèn awaké dhéwé isa dibaptis.
4. Keterangan ing Alkitab soal Yésus pas dibaptis
Wacanen Matius 3:13-17 bèn ngerti luwih akèh soal Yésus wektu dibaptis, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa Yésus dibaptis pas isih bayi?
Yésus dibaptisé piyé? Apa mung diciprati banyu?
Bar dibaptis, Yésus nglakoni tugas sing istiméwa saka Gusti Allah. Wacanen Lukas 3:21-23 lan Yohanes 6:38, terus rembugen pertanyaan iki:
Bar dibaptis, apa tugas utamané Yésus?
5. Njenengan ora perlu wedi dibaptis
Akèh sing mauné ragu-ragu lan wedi dibaptis. Tapi, nèk tambah kenal karo Yéhuwah, njenengan mesthi isa tambah yakin kanggo dibaptis. Ana sing wis tau ngalami kaya ngono. Setèlen VIDÉONÉ.
Wacanen Yohanes 17:3 lan Yakobus 1:5, terus rembugen pertanyaan iki:
Bèn ora wedi dibaptis kudu piyé?
Pas ndonga, janji karo Yéhuwah nèk péngin nglayani Dhèwèké saklawasé
Pas dibaptis, wong-wong dadi ngerti nèk awaké dhéwé wis janji arep nglayani Yéhuwah
6. Nduwé sedulur seiman sak donya
Nèk dibaptis dadi Seksi Yéhuwah, njenengan nduwé sedulur seiman sak donya. Kabèh Seksi Yéhuwah padha-padha ngetrapké isiné Alkitab lan berusaha bèn tingkah lakuné bener. Wacanen Mazmur 25:14 lan 1 Pétrus 2:17, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut ayat-ayat kuwi, apa manfaaté nèk dibaptis?
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku ora péngin dibaptis.”
Nèk njenengan dhéwé, apa njenengan péngin dibaptis?
KESIMPULAN
Menurut Yésus, kabèh muridé kudu dibaptis. Nèk péngin dibaptis kudu nduwé iman karo Yéhuwah, berusaha bèn tingkah lakuné sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah, lan gelem nglayani Yéhuwah.
Jawaben
Apa maksudé dibaptis? Ngapa kok kudu dibaptis?
Dibaptis kuwi bukti apa?
Bèn isa dibaptis kudu ngapa waé?
BAHAN TAMBAHAN
Apa waé pendapat sing salah lan sing bener soal dibaptis?
Apa waé sing kudu diupayakké bèn isa dibaptis?
”Dibaptis Merga Sayang karo Yéhuwah” (Warta Penting Maret 2020)
Wacanen pengalamané wong lanang sing akhiré gelem dibaptis sakwisé mbuktèkké dhéwé ajaran ing Alkitab.
”Aku Dikon Mbuktèkké Dhéwé Ajaran ing Alkitab” (Warta Penting 1 Februari 2013)
Ngapa kok kudu dibaptis? Piyé carané bèn isa dibaptis?
”Ngapa Kok Kudu Dibaptis?” (Jawaban Pertanyaané Cah Enom, Jilid 2, bab 37)
a Nèk wis tau dibaptis ing gréja kudu tetep dibaptis manèh, soalé pas dibaptis ing gréja durung ngerti ajaran sing bener saka Alkitab.—Deloken Kisah 19:1-5 lan Pelajaran 13.