PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 24
  • Malaékat Kuwi Sapa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Malaékat Kuwi Sapa?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÉH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Wulangané Alkitab bab Malaékat
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Nglawan Roh-Roh Jahat Nganggo Bantuané Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Sapa Mungsuh Panjenengan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Sapa Waé Mungsuhé Gusti Allah?
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 24
Pelajaran 24. Patung malaékat.

PELAJARAN 24

Malaékat Kuwi Sapa?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Yéhuwah manggon ing swarga karo para malaékat sing disebut ”anak-anaké Gusti Allah”. (Ayub 38:7) Malaékat kuwi sapa? Apa kabèh malaékat kuwi anak-anaké Gusti Allah? Apa malaékat isa mbantu manungsa? Apa malaékat isa ngganggu manungsa?

1. Malaékat kuwi sapa?

Malaékat kuwi ciptaané Yéhuwah sing ora kétok. (Ibrani 1:​14) Yéhuwah nyiptakké malaékat sakdurungé nyiptakké bumi. Jumlahé akèh banget lan sifaté béda-béda. (Wahyu 5:​11) Para malaékat kuwi ”manut karo préntahé [Yéhuwah], lan nindakké omongané”. (Mazmur 103:20) Mbiyèn, kadhang-kadhang Yéhuwah ngongkon malaékat kanggo nyampèkké omongané, nyemangati, lan nylametké umaté. Nah saiki, malaékat dikon nuntun umaté Yéhuwah bèn isa ketemu karo wong-wong sing péngin cedhak karo Dhèwèké.

2. Sétan lan hantu-hantuné kuwi sapa?

Ana malaékat-malaékat sing ora setya karo Yéhuwah. Malaékat pertama sing ora setya ”disebut Iblis lan Sétan, sing lagi nyesatké kabèh penduduk ing bumi”. (Wahyu 12:9) Sétan péngin bèn kabèh manut karo dhèwèké. Makané, dhèwèké nggawé bèn Adam, Hawa, lan malaékat-malaékat liyané ya ora manut Yéhuwah. Para malaékat sing akhiré ora manut Yéhuwah kuwi disebut hantu-hantu. Sétan lan hantu-hantuné wis diusir saka swarga ing bumi, terus sukmbèn bakal dipatèni.​—Wacanen Wahyu 12:​9, 12.

3. Piyé carané Sétan lan hantu-hantuné ngapusi manungsa?

Sétan lan hantu-hantuné ngapusi akèh wong nganggo ilmu gaib. Wong sing nggunakké ilmu gaib berarti nduwé hubungan karo hantu-hantu. Contoné, takon karo ahli ilmu bintang, peramal, lan dhukun. Ana manèh sing berobat ing wong pinter. Terus, ana sing percaya nèk isa omongan karo arwahé wong mati. Tapi, Yéhuwah ngomong, ”Aja njaluk bantuan saka wong sing isa ngundang arwah, lan aja njaluk petunjuk saka peramal.” (Kaimaman 19:31) Sétan karo hantu-hantuné kuwi mungsuhé Gusti Allah lan péngin nyilakani awaké dhéwé. Dadi, Yéhuwah péngin nglindhungi awaké dhéwé bèn ora diganggu Sétan.

SINAU LUWIH AKÉH

Ayo ngrembug piyé carané malaékat mbantu umaté Yéhuwah, ngapa kok ora olèh nggunakké ilmu gaib, lan piyé carané nglawan Sétan karo hantu-hantuné.

Malaékat nuntun Seksi Yéhuwah wektu nginjil.

4. Malaékat mbantu umaté Yéhuwah wektu nginjil

Mémang sing nginjil tetep manungsa, tapi nèk ana wong sing péngin akrab karo Gusti Allah, malaékat bakal nuntun umaté Gusti Allah bèn ketemu karo wong kuwi. Wacanen Wahyu 14:​6, 7, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok awaké dhéwé butuh dibantu malaékat wektu nginjil?

  • Apa njenengan péngin dibantu malaékat wektu nginjil? Lha ngapa?

Barang-barang sing ana hubungané karo ilmu gaib, termasuk papan Ouija, bola kristal, buku sing isiné soal vampir, kartu tarot, bonéka voodoo, dupa, lan jimat.

5. Ora nggunakké ilmu gaib

Sétan lan hantu-hantuné mungsuhi Yéhuwah lan mungsuhi awaké dhéwé. Wacanen Lukas 9:​38-​42, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé hantu-hantu nyiksa wong?

Aja nganti awaké dhéwé nduwé hubungan karo hantu-hantu. Wacanen Pangandharing Torèt 18:​10-​12, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa waé carané hantu-hantu mengaruhi awaké dhéwé? Sing endi sing biasa dipraktèkké wong-wong ing dhaérahé njenengan?

  • Yéhuwah ngomong nèk awaké dhéwé ora olèh nganggo ilmu gaib. Apa njenengan setuju karo préntahé Yéhuwah kuwi? Lha ngapa?

Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Lawanen Iblis (5:​02)

  • Gelang jimat sing dienggo anaké Palesa kuwi bahaya apa ora? Lha ngapa kok bahaya?

  • Bèn ora diganggu hantu-hantu akhiré Palesa piyé?

Kèt mbiyèn nganti saiki, umaté Yéhuwah ora gelem nduwé hubungan karo hantu-hantu. Wacanen Kisah 19:19 lan 1 Korintus 10:​21, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok barang-barang sing ana hubungané karo ilmu gaib kudu dihancurké?

Ngobong barang-barang sing ana hubungané karo ilmu gaib.

6. Njenengan mesthi isa nglawan Sétan lan hantu-hantuné

Para malaékat sing jahat manut karo Sétan. Para malaékat sing setya manut karo Mikhaèl, utawa Yésus. Mikhaèl kuwi kuwat banget. Wacanen Wahyu 12:​7-9, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Sing luwih kuwat kuwi Mikhaèl karo para malaékaté utawa Sétan karo hantu-hantuné?

  • Apa muridé Yésus perlu wedi karo Sétan lan hantu-hantuné?

Njenengan mesthi isa nglawan Sétan lan hantu-hantuné. Wacanen Yakobus 4:​7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé carané bèn njenengan ora diganggu Sétan lan hantu-hantuné?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Ora masalah nonton film utawa main game sing ana hubungané karo ilmu gaib. Sing penting ora dipraktèkké.”

  • Ngapa kok ora olèh mikir kaya ngono?

KESIMPULAN

Malaékat sing setya seneng mbantu umaté Yéhuwah. Sétan karo hantu-hantuné kuwi mungsuhé Yéhuwah lan seneng ngapusi wong-wong nganggo ilmu gaib.

Jawaben

  • Piyé malaékaté Yéhuwah mbantu wong-wong sing péngin akrab karo Dhèwèké?

  • Sétan karo hantu-hantuné kuwi sapa?

  • Ngapa kok aja nganti nggunakké ilmu gaib?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa buktiné nèk Yésus kuwi Mikhaèl, pemimpiné para malaékat?

”Mikhaèl Pemimpiné Para Malaékat Kuwi Sapa?” (Artikel ing jw.org)

Apa buktiné nèk Iblis kuwi bener-bener ana?

”Apa Iblis Kuwi Bener-Bener Ana?” (Artikel ing jw.org)

Wacanen pengalamané wong wédok sing wis ora nggunakké ilmu gaib manèh.

”Dhèwèké Akhiré Ngerti Carané Bèn Uripé Bahagia” (Warta Penting 1 Juli 1993)

Piyé Sétan ngapusi wong-wong nganggo ilmu gaib?

”Ilmu Gaib Kuwi Apa?” (Agama sing Bener, bagian 5)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim