PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 19
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Bener-Bener Muridé Yésus?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Bener-Bener Muridé Yésus?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Ciri-ciriné Wong Kristen Menurut Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Gusti Allah Kuwi Sapa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Sebabé Dijenengi Seksi-Seksi Yéhuwah?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
  • Sapa sing Martakké Kabar Apik?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 19
Pelajaran 19. Seksi-Seksi Yéhuwah lagi omong-omongan ing halaman Balé Ibadah.

PELAJARAN 19

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Bener-Bener Muridé Yésus?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Seksi-Seksi Yéhuwah bener-bener pengikuté Yésus. Kok isa? Sing diajarké Seksi-Seksi Yéhuwah sumberé saka endi? Ngapa kok disebut Seksi-Seksi Yéhuwah? Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo sedulur seimané?

1. Sing diajarké Seksi-Seksi Yéhuwah sumberé saka endi?

Yésus ngomong, ’Omongané Gusti Allah kuwi sing bener.’ (Yohanes 17:17) Kaya Yésus, sing diajarké Seksi-Seksi Yéhuwah sumberé ya saka Alkitab. Buktiné, kira-kira taun 1870-an, Seksi-Seksi Yéhuwah sing mbiyèn disebut Siswa-Siswa Alkitab mulai sinau bèn ngerti apa sakjané isiné Alkitab. Sing dipercaya Siswa-Siswa Alkitab kuwi ajaran ing Alkitab, meskipun ajaran kuwi béda karo ajarané para pemimpin gréja. Terus, ajaran kuwi ya dicritakké karo wong liya.a

2. Ngapa kok disebut Seksi-Seksi Yéhuwah?

Yéhuwah nyebut para abdiné kuwi seksi-seksiné soalé wong-wong kuwi nyritakké sing bener soal Dhèwèké. (Ibrani 11:4–​12:1) Contoné, mbiyèn Yéhuwah tau ngomong, ”Kowé kuwi seksi-seksi-Ku”. (Wacanen Yésaya 43:10.) Yésus ya disebut ”Seksi sing Setya”. (Wahyu 1:5) Mulané, kèt taun 1931 Siswa-Siswa Alkitab jenengé diganti dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Kabèh seneng disebut nganggo jeneng kuwi.

3. Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah niru Yésus?

Yésus sayang karo murid-muridé kaya karo keluargané dhéwé. (Wacanen Markus 3:​35.) Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya ya nganggep sedulur seimané kaya keluargané dhéwé, mulané nyebut liyané nganggo sebutan ”sedulur”. (Filémon 1, 2) Seksi-Seksi Yéhuwah ”nresnani kabèh sedulur seiman”. (1 Pétrus 2:17) Contoné, Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu sedulur seimané sing lagi susah.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan luwih akèh soal sejarahé Seksi-Seksi Yéhuwah lan bukti nèk Seksi-Seksi Yéhuwah bener-bener muridé Yésus.

Gambar: Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil. 1. Ngajari ibu-ibu sinau Alkitab. 2. Nginjil nganggo rak beroda.

Muridé Yésus percaya isiné Alkitab lan seneng nyritakké kuwi karo wong liya

4. Ajarané mesthi sesuai karo Alkitab

Yéhuwah ngomong nèk pengetahuan sing bener saka Alkitab bakal saya jelas. Wacanen Danièl 12:​4, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Nèk umaté Gusti Allah terus sinau Alkitab, apa sing bakal dadi ”saya akèh”?

Charles Russell karo kanca-kancané sinau Alkitab bèn isa ngerti ajaran sing bener. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Nggolèki Ajaran sing Bener (7:​45)

  • Piyé carané Charles Russell karo kanca-kancané sinau Alkitab?

Keterangan

Kaya matahari terbit sing saya suwé saya padhang, Gusti Allah ya ngekèki keterangan sing saya suwé saya jelas. Mulané, kadhang-kadhang ana pemahamané Seksi-Seksi Yéhuwah sing diubah. (Wacanen Wulang Bebasan 4:18.) Dadi sing diubah dudu Alkitabé, tapi pemahamané bèn sesuai karo isiné Alkitab.

5. Terus nyritakké sing bener soal Yéhuwah

Ngapa kok disebut Seksi-Seksi Yéhuwah? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Jeneng Seksi-Seksi Yéhuwah (2:​40)

  • Ngapa kok jeneng Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi cocog?

Ngapa kok Yéhuwah nduwé seksi-seksi? Tujuané bèn wong-wong kuwi nyritakké sing bener soal Yéhuwah merga ana akèh ajaran palsu soal Dhèwèké.

Contoné, ana pemimpin agama sing ngajarké nèk Gusti Allah péngin disembah nganggo patung. Apa kuwi bener? Wacanen Kaimaman 26:​1, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut ayat kuwi, sing bener piyé? Nèk ana sing nyembah patung, Yéhuwah piyé?

Ana pemimpin agama sing ngajarké nèk Yésus kuwi Gusti Allah. Apa kuwi bener? Wacanen Yohanes 20:​17, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut ayat kuwi, sing bener piyé? Apa Yésus kuwi Gusti Allah?

  • Piyé pendapaté njenengan saiki bar ngerti nèk Seksi-Seksi Yéhuwah nyritakké sing bener soal Yéhuwah lan Yésus?

6. Sayang karo sedulur seimané

Menurut Alkitab, wong Kristen kuwi kaya anggota-anggota badan. Wacanen 1 Korintus 12:​25, 26, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Nèk sedulur seimané lagi susah, wong Kristen kuduné piyé?

  • Apa njenengan tau ndelok dhéwé buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo sedulur seimané? Coba critakna.

Nèk sedulur seimané lagi susah, Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya langsung ngekèki bantuan. Contoné, setèlen VIDÉONÉ. Terus, rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Badai Matthew ing Haiti (5:​29)

  • Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo sedulur seimané sing lagi susah?

Sepasang Seksi Yéhuwah mbantu ibu-ibu karo anaké sing bar kena bencana.

Muridé Yésus sayang karo wong liya

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi agama anyar.”

  • Kèt kapan Yéhuwah mulai nyebut para abdiné kuwi seksi-seksiné?

KESIMPULAN

Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi bener-bener muridé Yésus. Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya ajarané saka Alkitab lan seneng nyritakké sing bener soal Yéhuwah.

Jawaben

  • Ngapa kok disebut Seksi-Seksi Yéhuwah?

  • Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo sedulur seimané?

  • Menurut njenengan, apa Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi bener-bener muridé Yésus?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ana keterangan soal sejarahé Seksi-Seksi Yéhuwah.

Seksi-Seksi Yéhuwah—Bukti Imané, Bagian 1: Mulai Ngerti sing Bener (1:​00:53)

Seksi-Seksi Yéhuwah ngandhani wong-wong nèk Tritunggal ora sesuai karo isiné Alkitab. Deloken vidéoné.

Umaté Allah Ngluhurké Jenengé Yéhuwah (7:​08)

Ana jawaban saka pertanyaan-pertanyaan soal Seksi-Seksi Yéhuwah.

”Pitakonan Umum bab Seksi-Seksi Yéhuwah” (halaman ing jw.org)

Ngapa kok Stephen sing mauné kejem akhiré dadi wong sing apik?

”Uripku Bener-Bener Ora Nggenah” (Warta Penting 1 Juli 2015)

a Keterangan sing bener saka Alkitab kuwi ditulis ing majalah sing jenengé The Watchtower, sing diterbitké kèt taun 1879.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim