PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 48
  • Ngati-ati Wektu Milih Kanca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngati-ati Wektu Milih Kanca
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Miliha Kanca sing Nresnani Yéhuwah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Kanca sing Apik Kuwi sing Kaya Apa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 48
Pelajaran 48. Cah enom sèlfie karo kanca-kancané.

PELAJARAN 48

Ngati-ati Wektu Milih Kanca

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Nduwé kanca kuwi nyenengké, soalé ana sing isa dijak seneng-seneng, terus nèk pas sedhih ya ana sing nyemangati. Tapi, menurut Alkitab ora kabèh isa dadi kanca sing apik. Piyé carané nggolèk kanca sing apik? Kuwi bakal dirembug ing pelajaran iki.

1. Ngapa kok kudu ngati-ati milih kanca?

Awaké dhéwé isa niru pandhangan lan tingkah lakuné wong liya nèk kerep bergaul, embuh kuwi ketemu langsung utawa liwat internèt. Ing Alkitab disebutké, ”Wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana, ning wong sing dadi kancané wong bodho [sing ora sayang Yéhuwah] bakal cilaka.” (Wulang Bebasan 13:20) Menurut Alkitab kudu ngati-ati milih kanca. Soalé nèk kekancan karo sing ora sayang Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa mèlu-mèlu kaya ngono. Tapi nèk kekancan karo sing sayang Yéhuwah, awaké dhéwé dadi tambah akrab karo Yéhuwah lan isa nggawé keputusan sing bener. Malah sing éntuk manfaat ora mung awaké dhéwé, tapi ya dhèwèké isa tambah akrab karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ”kudu terus nguwatké lan mbantu liyané”.​—1 Tésalonika 5:​11.

2. Ngapa kok Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngati-ati milih kanca?

Yéhuwah ora nggolèk kanca sak-saké. Menurut Alkitab, ”Dhèwèké akrab karo wong sing bener.” (Wulang Bebasan 3:​32) Nèk milih kanca sing ora sayang Yéhuwah, Yéhuwah isa kecéwa banget. (Wacanen Yakobus 4:4.) Tapi, nèk akrab karo Yéhuwah lan mung kekancan karo sing sayang Yéhuwah, Yéhuwah seneng lan gelem kekancan karo awaké dhéwé.​—Mazmur 15:​1-4.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug ngapa kok kudu milih kanca sing apik, lan piyé bèn nduwé kanca sing apik.

3. Aja bergaul karo kanca sing ora apik

Kanca sing ora apik kuwi nèk ora sayang Yéhuwah lan ora ngetrapké pathokané. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Ora Bergaul karo sing Ora Manut Yéhuwah (6:​17)

  • Isa waé, jebulé awaké dhéwé bergaul karo kanca sing ora apik. Piyé contoné?

Wacanen 1 Korintus 15:​33, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut njenengan, kanca sing ora apik kuwi sing kaya apa? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

Wacanen Mazmur 119:​63, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut ayat kuwi, njenengan kuduné nggolèk kanca sing piyé?

Apel sak mangkok, tapi bosok siji. Apel kuwi dirubung laler lan marahi apel liyané mèlu bosok.

Apel bosok isa marahi apel liyané dadi mèlu bosok. Apa akibaté nèk nduwé kanca sing ora apik?

4. Kanca sing apik ora kudu sing sak umuran utawa sing padha latar belakangé

Ing Alkitab ana kisahé Daud karo Yonatan. Yonatan luwih tuwa timbang Daud, terus dhèwèké kuwi ya anaké raja. Tapi wong loro kuwi isa dadi sahabat. Wacanen 1 Samuèl 18:​1, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok kancané awaké dhéwé ora kudu sing sak umuran utawa sing padha latar belakangé?

Wacanen Roma 1:​11, 12, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa waé carané bèn isa padha-padha nguwatké?

Ing vidéo iki, ana cah lanang sing ora nyangka akhiré isa éntuk kanca ing jemaat. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Éntuk Kanca sing Ora Dinyana (5:​06)

  • Ngapa kok wong tuwané Akil kuwatir nèk Akil akrab karo kanca sekolahé?

  • Ngapa kok Akil seneng bergaul karo kanca sekolahé?

  • Piyé akhiré Akil wis ora kesepian manèh?

5. Carané bèn nduwé kanca sing apik

Piyé bèn isa nduwé kanca sing apik? Piyé bèn isa dadi kanca sing apik? Setèlen VIDÉONÉ.

VIDÉO: Kaya Apa Kanca Sejati Kuwi? (4:​14)

Gambar saka vidéo ’Kaya Apa Kanca Sejati Kuwi?’ Cah enom karo kanca-kancané sing umuré, bangsané, lan bakaté béda-béda.

Wacanen Wulang Bebasan 18:24 lan 27:17. Terus, rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa waé buktiné nèk kanca sing apik padha-padha seneng mbantu?

  • Apa njenengan nduwé kanca sing apik kaya ngono? Nèk ora, njenengan kudu piyé?

Wacanen Filipi 2:​4, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Bèn isa nduwé kanca sing apik, njenengan kudu dadi kanca sing apik. Piyé carané?

Gambar: Cah enom karo sahabat-sahabaté. 1. Télpon-télponan. 2. Ngobrol karo sedulur lansia ing Balé Ibadah. 3. Menghibur kancané sing lagi sedhih.

Bèn isa nduwé kanca sing apik, kudu dadi kanca sing apik

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku gelem kekancan karo sapa waé, sing penting wongé apik karo aku.”

  • Njenengan arep njelaské piyé?

KESIMPULAN

Nèk ngati-ati milih kanca, awaké dhéwé isa éntuk manfaat lan isa nggawé Yéhuwah seneng.

Jawaben

  • Ngapa kok Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngati-ati milih kanca?

  • Kanca sing ora apik kuwi sing kaya apa?

  • Piyé bèn isa nduwé kanca sing apik?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa buktiné nèk kanca sing apik isa mbantu pas awaké dhéwé susah?

”Terus Akrab karo Para Sedulur” (Warta Penting November 2019)

Ana saran-saran bèn isa nduwé kanca sing apik.

”Piyé Bèn Aku Isa Nduwé Kanca sing Apik?” (Jawaban Pertanyaané Cah Enom, Jilid 1, bab 8)

Piyé bèn isa tetep ngati-ati wektu bergaul liwat internèt?

Cara Aman Nggunakké Jejaring Sosial (4:​12)

Ana wong lanang sing akhiré ngerti nèk kudu nggolèk kanca sing apik. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Aku Péngin Banget Nduwé Bapak sing Sayang Aku”.

”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 April 2012)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim