Mèlu Kegiatan Agama Liya
Apa kabèh agama nyembah Gusti Allah sing padha?
Apa Yéhuwah seneng karo kabèh agama, meskipun ajarané béda-béda?
Mat 7:13, 14; Yoh 17:3; Éf 4:4-6
Kisah ing Alkitab:
Yos 24:15—Yosua ngandhani nèk awaké dhéwé kudu milih arep nyembah Yéhuwah utawa allah liyané
1Raj 18:19-40—Nabi Èlia ngandhani nèk wis milih kanggo nyembah Gusti Allah sing bener, berarti ya aja nyembah allah liyané, misalé Baal
Piyé pandhangané Yéhuwah karo allah-allah liya lan wong-wong sing nyembah kuwi?
Piyé perasaané Yéhuwah karo wong-wong sing ngakuné nyembah Dhèwèké tapi isih nglakoni kegiatan sing ora disenengi Yéhuwah?
Yés 1:13-15; 1Kor 10:20-22; 2Kor 6:14, 15, 17
Kisah ing Alkitab:
Pa 32:1-10—Harun nggawé patung anak sapi emas dienggo ”perayaan kanggo Yéhuwah”, tapi Yéhuwah ora seneng lan nesu banget
1Raj 12:26-30—Bèn rakyaté ora ngibadah ing Yérusalèm, Raja Yéroboam nggawé patung lan ngomong, ”Iki Gusti Allahmu.” Akibaté, wong-wong Israèl nggawé dosa
Bèn bangsa Israèl ora nyembah allah-allah liya, Yéhuwah ngekèki préntah apa?
Wektu ndelok umaté nyembah lan mèlu perayaan kanggo allah-allah liya, Yéhuwah piyé?
PH 10:6, 7; Mzm 106:35-40; Yér 44:2, 3
Kisah ing Alkitab:
1Raj 11:1-9—Bojo-bojoné Salomo ora nyembah Yéhuwah lan meréka mempengaruhi Salomo bèn nyembah allah liya. Wong-wong Israèl ya dadi mèlu-mèlu kaya ngono. Kuwi nggawé Yéhuwah nesu
Mzm 78:40, 41, 55-62—Asaf njelaské nèk wong-wong Israèl seneng mbrontak lan terus-terusan nyembah allah palsu. Kuwi nggawé Yéhuwah lara ati lan akhiré ninggalké wong Israèl
Piyé pandhangané Yésus karo ajaran-ajaran sing ora sesuai karo karepé Yéhuwah?
Kisah ing Alkitab:
Mat 16:6, 12—Yésus madhakké ajarané wong Farisi lan wong Saduki kuwi kaya ragi sing cepet nyebar, padahal kuwi ajaran sing salah lan isa nggawé wong ora cedhak manèh karo Gusti Allah
Mat 23:5-7, 23-33—Yésus nesu lan ora seneng karo para ahli Taurat lan wong-wong Farisi merga meréka munafik lan ngajarké sing salah
Mrk 7:5-9—Yésus nduduhké nèk para ahli Taurat lan wong Farisi kuwi mung mentingké tradhisi daripada ajaran sing bener saka Kitab Suci
Apa Yésus péngin murid-muridé terbagi ing agama sing béda-béda?
Kisah ing Alkitab:
Yoh 15:4, 5—Yésus nggunakké perumpamaan soal wit anggur kanggo nduduhké nèk murid-muridé kudu bersatu karo dhèwèké lan sedulur liyané
Yoh 17:1, 6, 11, 20-23—Bengi sakdurungé dihukum mati, Yésus ndongakké bèn murid-muridé bersatu
Apa wong Kristen ing jamané para rasul nduwé kepercayaan sing padha lan nyembah Yéhuwah nganggo cara sing padha?
Kisah ing Alkitab:
Kis 11:20-23, 25, 26—Sedulur-sedulur ing Antiokhia lan Yérusalèm gelem kerja sama lan bersatu
Rm 15:25, 26; 2Kor 8:1-7—Wong-wong Kristen jaman mbiyèn gelem mbantu seduluré sing lagi susah. Kuwi bukti nèk meréka sayang karo seduluré lan bersatu
Ana agama sing mung percaya karo Yésus. Apa Yéhuwah seneng karo agama-agama sing kaya ngono?
Nèk ana wong Kristen sing ora manut ajarané Yésus lan para rasul, apa Yéhuwah gelem nampa ibadahé meréka?
Kisah ing Alkitab:
Mat 13:24-30, 36-43—Yésus nyritakké perumpamaan soal alang-alang sing cepet thukul ing ladhang gandum. Perumpamaan kuwi nduduhké nèk bakal ana wong-wong murtad sing ngajarké ajaran sing ora bener lan mempengaruhi sedulur-sedulur ing jemaat
1Yoh 2:18, 19—Rasul Yohanes ngandhani nèk kira-kira 100 taun sakwisé Yésus lair wis ana akèh sing nglawan Kristus utawa antikristus