Penganiayaan
Saka endi awaké dhéwé ngerti nèk wong Kristen bakal disengiti lan dianiaya?
Pas dianiaya, kenapa awaké dhéwé kudu njaluk kekuwatan saka Yéhuwah?
Mzm 55:22; 2Kor 12:9, 10; 2Tim 4:16-18; Ibr 13:6
Kisah ing Alkitab:
1Raj 19:1-18—Pas dianiaya, Èlia nyritakké kabèh perasaané karo Yéhuwah. Dhèwèké dadi semangat lan dikuwatké
Kis 7:9-15—Yusuf dijahati kakang-kakangé, tapi Yéhuwah nglindhungi dhèwèké. Malah, Yéhuwah nggunakké Yusuf kanggo nulungi keluargané
Piyé wong-wong nganiaya awaké dhéwé?
Ngécé lan ngèlèk-èlèk
2Bb 36:16; Mat 5:11; Kis 19:9; 1Ptr 4:4
Kisah ing Alkitab:
2Raj 18:17-35—Utusané raja Asiria sing jenengé Rabsyaké ngécé Yéhuwah lan wong-wong ing Yérusalèm
Luk 22:63-65; 23:35-37—Pas ditangkep lan dipaku ing cagak, Yésus diécé karo wong-wong sing nganiaya dhèwèké
Dimungsuhi keluarga
Ditangkep lan kudu ngadhep kalangan berwenang
Disiksa
Dikeroyok
Dipatèni
Pas dianiaya, wong Kristen kudu piyé?
Mat 5:44; Kis 16:25; 1Kor 4:12, 13; 1Ptr 2:23
Kisah ing Alkitab:
Kis 7:57–8:1—Wektu Stéfanus dikeroyok lan arep dipatèni karo wong akèh, sing salah sijiné Saul saka Tarsus, Stéfanus njaluk karo Yéhuwah bèn ngapurani wong-wong kuwi
Kis 16:22-34—Paulus digebugi lan dipasung, tapi dhèwèké tetep apikan karo penjaga penjara. Hasilé, penjaga penjara kuwi lan keluargané dadi wong Kristen
Apa sing dialami wong-wong Kristen jamané para rasul?
Piyé kuduné perasaané awaké dhéwé nèk dianiaya?
Kenapa nèk mikirké harapan ing masa depan awaké dhéwé isa tetep kuwat pas dianiaya?
Kenapa aja nganti penganiayaan nggawé awaké dhéwé isin, wedi, ora semangat, bahkan nganti mandheg nglayani Yéhuwah?
Mzm 56:1-4; Kis 4:18-20; 2Tim 1:8, 12
Kisah ing Alkitab:
2Bb 32:1-22—Pas arep diserang Raja Sanhèrib lan pasukané, Raja Hizkia ngendelké Yéhuwah lan nyemangati rakyaté. Hasilé, dhèwèké diberkahi
Ibr 12:1-3—Wong-wong sing nganiaya Yésus péngin nggawé Yésus isin, tapi kuwi ora berhasil
Merga dianiaya, isa waé ana hasil apik apa?
Nèk awaké dhéwé tetep setya wektu dianiaya kuwi nyenengké Yéhuwah lan ngluhurké jenengé Yéhuwah
Kisah ing Alkitab:
Ayb 1:6-22; 2:1-10—Meskipun Ayub ora ngerti nèk sing nggawé dhèwèké sengsara kuwi Sétan, tapi dhèwèké tetep setya karo Yéhuwah. Kuwi mbuktèkké nèk Sétan tukang ngapusi lan Ayub isa ngluhurké Yéhuwah
Dan 1:6, 7; 3:8-30—Hanania, Misyaèl, lan Azaria (Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo) tetep setya karo Yéhuwah. Meréka luwih milih mati daripada ora manut karo Yéhuwah. Hasilé, Raja Nébukhadnézar muji Yéhuwah
Merga awaké dhéwé dianiaya, wong-wong isa kenal karo Yéhuwah
Kisah ing Alkitab:
Kis 11:19-21—Merga wong-wong Kristen jamané para rasul dianiaya, meréka dadi isa nginjil ing dhaérah-dhaérah sing adoh
Flp 1:12, 13—Rasul Paulus seneng merga wektu dhèwèké dipenjara, akèh wong dadi isa ngerti kabar apik
Nèk awaké dhéwé tetep setya pas dianiaya kuwi isa nguwatké sedulur-sedulur
Biasané sapa sing marakké umaté Yéhuwah dianiaya?
Yér 26:11; Mrk 3:6; Yoh 11:47, 48, 53; Kis 25:1-3
Kisah ing Alkitab:
Kis 19:24-29—Wong-wong Kristen martakké nèk ora éntuk nyembah patung, kuwi nggawé bisnisé tukang nggawé patung dadi rugi. Makané wong-wong ing Éfésus nganiaya wong Kristen
Gal 1:13, 14—Sakdurungé dadi wong Kristen, Paulus agamané Yahudi lan fanatik. Mula, wektu kuwi dhèwèké nganiaya wong-wong Kristen