Rendah Hati
Piyé pandhangané Yéhuwah karo wong sing rendah hati lan wong sing sombong?
Mzm 138:6; WB 15:25; 16:18, 19; 22:4; 1Ptr 5:5
Deloken WB 29:23; Yés 2:11, 12
Kisah ing Alkitab:
2Bb 26:3-5, 16-21—Raja Uzia sombong. Dhèwèké ora manut karo hukumé Yéhuwah lan pas dinaséhati dhèwèké nesu. Akhiré, Raja Uzia dihukum Yéhuwah lan lara kusta
Luk 18:9-14—Yésus nggunakké perumpamaan kanggo njelaské piyé perasaané Yéhuwah wektu ngrungokké dongané wong sing rendah hati lan wong sing sombong
Nèk wong sing rendah hati mertobat, apa Yéhuwah gelem ngapura?
2Bb 7:13, 14; Mzm 51:2-4, 17
Kisah ing Alkitab:
2Bb 12:5-7—Raja Réhoboam lan para pemimpiné Yéhuda gelem mertobat. Akhiré, Yéhuwah ora sida ngukum meréka
2Bb 32:24-26—Raja Hizkia dadi sombong. Tapi pas dhèwèké ngrendahké diri, Yéhuwah gelem ngapurani
Nèk rendah hati, hubungané awaké dhéwé karo wong liya dadi piyé?
Éf 4:1, 2; Flp 2:3; Kol 3:12, 13
Kisah ing Alkitab:
PD 33:3, 4—Ésau nesu banget karo Yakub. Tapi pas ketemu, Yakub nduduhké nèk dhèwèké rendah hati. Akhiré, meréka isa rukun manèh
PH 8:1-3—Hakim Gidéon ora ngrasa luwih unggul timbang wong Éfraim. Gidéon nduduhké nèk dhèwèké rendah hati. Kuwi nggawé wong Éfraim dadi tenang lan ora nesu manèh
Piyé Yésus mulang awaké dhéwé soal rendah hati?
Mat 18:1-5; 23:11, 12; Mrk 10:41-45
Kisah ing Alkitab:
Yés 53:7; Flp 2:7, 8—Kaya sing diramalké, Yésus rendah hati. Dhèwèké gelem teka ing bumi lan disiksa nganti mati
Luk 14:7-11—Yésus nyritakké perumpamaan soal milih panggonan lungguh ing pésta kanggo nduduhké nèk rendah hati kuwi bermanfaat
Yoh 13:3-17—Pas Yésus ngwijiki sikilé murid-muridé, sakjané Yésus lagi mulang meréka bèn rendah hati