Ngapura
Apa Yéhuwah mémang gelem ngapura?
Deloken 2Ptr 3:9
Kisah ing Alkitab:
Mzm 78:40, 41; 106:36-46—Meskipun wong Israèl bola-bali ora manut lan nggawé Yéhuwah lara ati, tapi Yéhuwah tetep gelem ngapurani
Luk 15:11-32—Yésus ngandhani nèk Yéhuwah kuwi kaya bapak sing gelem ngapurani anaké sing wis mertobat
Bèn dosané awaké dhéwé isa diapura, Yéhuwah ngapa?
Yoh 1:29; Éf 1:7; 1Yoh 2:1, 2
Kisah ing Alkitab:
Ibr 9:22-28—Rasul Paulus nyebutké nèk Yéhuwah isa ngapurani awaké dhéwé merga ana korban tebusané Yésus
Why 7:9, 10, 14, 15—Rasul Yohanes nulis nèk Gusti Allah ngapurani ”kumpulan gedhé wong akèh” merga meréka nduwé iman karo korban tebusané Yésus
Bèn Yéhuwah gelem ngapura, awaké dhéwé kudu ngapa nèk ana sing nggawé salah karo awaké dhéwé?
Mat 6:14, 15; Mrk 11:25; Luk 17:3, 4; Yak 2:13
Kisah ing Alkitab:
Ayb 42:7-10—Sakdurungé marèkké lan mberkahi Ayub, Yéhuwah ngongkon Ayub ndongakké telu kancané sing njahati dhèwèké
Mat 18:21-35—Yésus nyritakké perumpamaan soal pentingé ngapura wong liya bèn isa diapura Yéhuwah
Kenapa kok kudu ngakoni dosa lan mertobat?
Kisah ing Alkitab:
Mzm 32:1-5; 51:1, 2, 16, 17—Merga nggawé dosa, Raja Daud ngrasa sedhih lan gela. Mula akhiré dhèwèké tenanan mertobat
Yak 5:14-16—Yakobus njelaské nèk awaké dhéwé nggawé dosa kudu njaluk bantuané para pinituwa
Bèn diapura Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?
Kisah ing Alkitab:
1Raj 21:27-29; 2Bb 18:18-22, 33, 34; 19:1, 2—Meskipun awalé wis ngrendhahké diri, tapi Raja Ahab ora tenanan mertobat. Dadi, Yéhuwah ora gelem ngapurani lan akhiré ngukum mati dhèwèké
2Bb 33:1-16—Raja Manasyé kuwi jahat banget. Tapi pas dhèwèké tenanan mertobat, Yéhuwah gelem ngapurani. Terus, Raja Manasyé ya berusaha tenanan bèn wong Israèl nglayani Yéhuwah manèh
Nèk tenanan mertobat, Yéhuwah gelem ngapurani awaké dhéwé. Kuwi diumpamakké kaya apa?
Mzm 103:10-14; Yés 1:18; 38:17; Yér 31:34; Mi 7:19
Kisah ing Alkitab:
2Sam 12:13; 24:1; 1Raj 9:4, 5—Meskipun Daud nggawé dosa sing gedhé, tapi sakwisé mertobat Yéhuwah gelem ngapurani. Terus, Yéhuwah ya nyebut Daud wong sing tulus atiné
Apa buktiné Yésus niru Yéhuwah sing gelem ngapura?
Kisah ing Alkitab:
Mat 26:36, 40, 41—Pas Yésus butuh dikuwatké, murid-muridé malah turu. Tapi, Yésus paham nèk murid-muridé mémang lagi kesel
Mat 26:69-75; Luk 24:33, 34; Kis 2:37-41—Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu. Tapi Pétrus mertobat lan Yésus gelem ngapurani. Bar diuripké manèh, Yésus nemoni Pétrus lan ngekèki dhèwèké tugas sing penting
Apa buktiné nèk ora kabèh wong diapura Yéhuwah?
Mat 12:31; Ibr 10:26, 27; 1Yoh 5:16, 17
Kisah ing Alkitab:
Mat 23:29-33—Yésus ngandhani para ahli Taurat lan wong Farisi nèk meréka ora bakal bébas saka hukuman Géhéna, utawa bakal mati lan ora nduwé harapan kanggo diuripké manèh
Yoh 17:12; Mrk 14:21—Yésus ngomong nèk Yudas Iskariot ”bakal dimusnahké”. Yésus ya ngomong nèk luwih apik wong kuwi ora usah lair waé