Perkawinan
Sapa sing nggawé perkawinan?
Wong Kristen kudu milih bojo sing kaya piyé?
Kenapa wong tuwa aja ngijinké anaké sing wis dibaptis nikah karo wong sing ora nyembah Yéhuwah lan durung dibaptis?
Kisah ing Alkitab:
PD 24:1-4, 7—Bèn Ishak ora nikah karo wong Kanaan sing ora nyembah Yéhuwah, Abraham nggolèkké Ishak bojo sing nyembah Yéhuwah
PD 28:1-4—Ishak ngandhani Yakub bèn ora nikah karo wong Kanaan, tapi nikah karo wong sing nyembah Yéhuwah
Piyé perasaané Yéhuwah nèk umaté nikah karo wong sing ora nyembah Dhèwèké?
Kisah ing Alkitab:
1Raj 11:1-6, 9-11—Yéhuwah nesu banget merga Salomo nglanggar pathokané Yéhuwah lan nikah karo wong wédok asing. Terus, bojo-bojoné Salomo ya nggawé dhèwèké nyembah allah-allah liya
Néh 13:23-27—Kaya Yéhuwah, Néhémia nesu banget pas wong Israèl nikah karo wong wédok asing sing ora nyembah Yéhuwah. Néhémia ngekèki naséhat sing tegas kanggo wong-wong kuwi
Kenapa penting milih bojo sing tenanan nglayani Yéhuwah lan nduwé réputasi sing apik?
Deloken Éf 5:28-31, 33
Kisah ing Alkitab:
1Sam 25:2, 3, 14-17—Meskipun sugih, Nabal kuwi dudu bojo sing apik. Dhèwèké kasar lan jahat
WB 21:9—Nèk asal-asalan pas milih bojo, akibaté ora bahagia lan sengsara
Rm 7:2—Rasul Paulus ngandhani nèk wong wédok sing wis nikah kudu manut bojoné. Makané pas milih bojo kudu dipikir tenanan
Sing kudu dipikirké sakdurungé nikah
Sakdurungé nikah, kenapa wong lanang kudu mastèkké nèk dhèwèké isa tanggung jawab kanggo nyukupi kebutuhan keluargané?
Kisah ing Alkitab:
WB 24:27—Sakdurungé nikah lan nduwé anak, wong lanang kudu kerja lan siap nyukupi kebutuhan keluargané
Pas pacaran, kenapa kudu njaluk naséhat saka wong liya lan berupaya luwih kenal daripada mung ndelok penampilané thok?
Kisah ing Alkitab:
Rut 2:4-7, 10-12—Boaz ngerti Rut wongé kaya piyé merga dhèwèké ndelok dhéwé nèk Rut kuwi kerja keras. Terus, Boaz ya krungu saka wong liya nèk Rut perhatian karo Naomi, lan Boaz ya ndelok dhéwé nèk Rut sayang Yéhuwah
Rut 2:8, 9, 20—Rut nggatèkké nèk Boaz kuwi apikan, murah hati, lan sayang Yéhuwah
Kenapa Yéhuwah péngin wong sing pacaran lan tunangan, tetep suci lan terhormat?
Kisah ing Alkitab:
WB 5:18, 19—Nèk lagi pacaran utawa tunangan aja nganti berlebihan nduduhké rasa sayang, soalé ana sing mung éntuk dilakoni nèk wis nikah
Kid 1:2; 2:6—Gembala lan wong wédok Syulam nduduhké rasa sayangé, tapi tetep terhormat lan ora berlebihan
Kid 4:12; 8:8-10—Wong wédok Syulam isa ngendhalèni diri. Dhèwèké dipadhakké kaya kebon sing dipageri
Kenapa nèk mèh nikah kudu manut karo hukum pamréntah sing berlaku?
Tanggung jawabé suami
Yéhuwah ngekèki suami tanggung jawab apa?
Suami kudu niru sapa?
Kenapa suami kudu nggatèkké kebutuhan lan perasaané bojoné?
Kisah ing Alkitab:
PD 21:8-12—Yéhuwah ngongkon Abraham ngrungokké sarané Sara meskipun Abraham ora seneng karo saran kuwi
WB 31:10, 11, 16, 28—Suami sing apik ora ngatur-ngatur utawa nggolèk kesalahané bojoné. Tapi, dhèwèké percaya lan seneng muji bojoné
Éf 5:33—Rasul Paulus ngandhani nèk suami kudu nggatèkké istriné bèn istri ngrasa disayangi
Tugasé istri
Yéhuwah ngekèki istri tugas apa?
Apa tugasé istri luwih rendah timbang suami?
Kisah ing Alkitab:
WB 1:8; 1Kor 7:4—Yéhuwah wis ngekèki istri utawa ibu tugas ing keluarga
1Kor 11:3—Rasul Paulus njelaské nèk wong lanang lan wong wédok kudu padha-padha manut Gusti Allah
Ibr 13:7, 17—Wong lanang lan wong wédok kudu padha-padha manut karo wong-wong sing nduwé tanggung jawab ing jemaat
Meskipun bojoné ora seiman, tapi piyé istri isa tetep nggawé Yéhuwah seneng?
Ngapa istri kudu ngajèni bojoné?
Kisah ing Alkitab:
PD 18:12; 1Ptr 3:5, 6—Sara ngajèni Abraham lan ngundang dhèwèké ”bapak”
Menurut Alkitab, istri sing berharga kuwi sing piyé?
Kisah ing Alkitab:
PD 24:62-67—Ribka menghibur Ishak sing lagi waé ditinggal mati ibuné
1Sam 25:14-24, 32-38—Abigail péngin nglindhungi Nabal lan keluargané. Makané Abigail njaluk karo Daud bèn ora matèni Nabal
Èst 4:6-17; 5:1-8; 7:1-6; 8:3-6—Ratu Èster ping loro nemoni raja meskipun ora diundang. Dhèwèké wani mati kanggo nglindhungi umaté Gusti Allah
Pas ana masalah
Nèk suami istri ana masalah, pathokan Alkitab apa sing isa dipikirké?
Bèn isa nggawé keputusan sing apik soal dhuwit, suami istri isa mikirké pathokan Alkitab sing endi?
Luk 12:15; Flp 4:5; 1Tim 6:9, 10; Ibr 13:5
Deloken ”Dhuwit”