PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp16 No. 6 hlm. 3
  • Pitakonan bab Sapa sing Manggon ing Swarga

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonan bab Sapa sing Manggon ing Swarga
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Langit Kebukak”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Sapa Waé sing Ana ing Swarga
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Apa Gusti Allah Ana ing Endi-Endi?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • ”Aku Bakal Manggon Bareng karo Wong-Wong Kuwi”—Ibadah marang Yéhuwah Dadi Murni Manèh
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
wp16 No. 6 hlm. 3
Langit biru lan awan

SING UTAMA DIREMBUG | SWARGA KUWI KAYA APA?

Pitakonan Bab Sapa Sing Manggon Ing Swarga

Apa panjenengan péngin ngerti kaya apa swarga kuwi lan sapa sing manggon ing kono? Wis éwonan taun akèh wong nduwé pandhangan sing béda-béda bab kuwi. Ana sing percaya nèk swarga utawa alam roh kuwi dienggoni karo para leluhur sing kudu diajèni. Liyané mbayangké nèk swarga kuwi panggonan sing nyenengké, dienggoni karo para malaékat lan wong-wong sing tumindaké apik sing wis mati. Ana uga sing percaya nèk alam roh kuwi panggonané para déwa sing cacahé atusan yuta.

Akèh wong kandha nèk kita ora isa ngerti swarga kuwi kaya apa merga durung tau ana sing weruh langsung. Ning kuwi ora bener. Yésus, sing uga disebut nabi Isa, wis tau manggon ing swarga sakdurungé teka ing bumi. Yésus kandha marang para pemimpin agama ing abad kapisan, ”AnggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhéwé, nanging karsané kang ngutus Aku.” Mula, Yésus ngerti dhéwé swarga kuwi kaya apa lan isa kandha karo para muridé, ”Ing dalemé RamaKu akèh panggonan.”​—Yokanan 6:38; 14:2.

Bapaké Yésus, yaiku Gusti Allah, asmané Yéhuwah lan ”dalemé” ing swarga. (Jabur 83:19) Mung Allah Yéhuwah lan Yésus sing isa nerangké swarga kuwi saktenané kaya apa. Yéhuwah lan Yésus maringi wahyu nganggo cara sing nggumunké bèn wong-wong sing setya isa ngerti bab alam roh.

Artikel sakbanjuré bakal ngrembug ayat-ayat Alkitab sing nyritakké apa sing isa didelok karo wong-wong sing éntuk wahyu. Wektu maca ayat-ayat kuwi, élinga nèk alam roh kuwi dudu wujud sing isa didelok utawa didemok. Mula, wektu maringi wahyu marang wong-wong kuwi, Gusti Allah nggunakké katrangan sing isa dingertèni karo manungsa. Katrangan kuwi isa mbantu panjenengan ngerti sapa waé sing manggon ing swarga.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim