PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp19 No. 1 hlm. 3
  • Apa Njenengan Isa Kenal karo Gusti Allah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Njenengan Isa Kenal karo Gusti Allah?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Piyé Carané Bèn Isa Luwih Kenal karo Gusti Allah?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Gusti Allah Kuwi Sapa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Panjenengan Perlu Sinau Bab Gusti Allah
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Njenengan Isa Urip ing Donya Anyar
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
wp19 No. 1 hlm. 3
Wong lanang lagi ndelok pemandangan sing apik

Apa Njenengan Isa Kenal Karo Gusti Allah?

Ana akèh wong sing ngakuné percaya karo Gusti Allah. Tapi, pendapaté wong-wong kuwi soal Gusti Allah béda-béda. Ana sing ngomong nèk Gusti Allah kuwi seneng ngukum wong sing salah. Liyané ngomong nèk Gusti Allah kuwi sayang lan seneng ngampuni wong-wong, ora soal kaya apa tingkah lakuné wong-wong kuwi. Ana manèh sing ngomong nèk Gusti Allah ora perduli karo manungsa. Merga ana pendapat sing béda-béda kuwi, wong-wong ngrasa ora bakal isa kenal karo Gusti Allah.

Apa kenal karo Gusti Allah kuwi penting? Ya, soalé nèk kenal karo Gusti Allah, awaké dhéwé isa bahagia. (Kisah 17:26-28) Nèk awaké dhéwé tambah akrab karo Gusti Allah, Dhèwèké ya bakal tambah sayang karo awaké dhéwé. (Yakobus 4:8) Terus, nèk wis kenal tenan karo Gusti Allah, awaké dhéwé isa nduwé harapan kanggo urip saklawasé.​—Yohanes 17:3.

Piyé carané isa kenal karo Gusti Allah? Kuwi padha kaya awaké dhéwé péngin nduwé kanca akrab. Awaké dhéwé kudu ngerti sapa jenengé, piyé sifat-sifaté, apa sing disenengi lan sing ora, apa waé sing wis dilakukan, lan apa kepénginané. Nèk ngerti kuwi kabèh, awaké dhéwé isa dadi akrab karo wong kuwi.

Dadi, awaké dhéwé isa kenal karo Gusti Allah nèk ngerti iki:

  • SAPA JENENGÉ GUSTI ALLAH?

  • APA WAÉ SIFAT-SIFATÉ GUSTI ALLAH?

  • APA SING WIS DILAKUKAN GUSTI ALLAH?

  • APA SING BAKAL DILAKUKAN GUSTI ALLAH?

  • APA MANFAATÉ NÈK KENAL LAN LUWIH AKRAB KARO GUSTI ALLAH?

Ing majalah iki bakal dirembug jawaban saka Alkitab kanggo pertanyaan-pertanyaan kuwi. Njenengan isa dadi ngerti carané bèn kenal karo Gusti Allah lan apa manfaaté nèk kenal lan luwih akrab karo Dhèwèké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim