PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w19 Juni hlm. 1-32
  • Nguwatké Wong-Wong sing Lagi Susah Atiné

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nguwatké Wong-Wong sing Lagi Susah Atiné
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KUDU SABAR
  • NDUDUHKÉ SIPAT WELAS ASIH
  • OMONGAN SING NGUWATKÉ
  • ’Dhateng Pundi Kémawon Kula Badhé Ndhèrèk’
    Tirunen Imané
  • Nduduhké Katresnan sing Langgeng karo Sedulur-Sedulur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Yéhuwah Gelem Mbantu Wong sing Cilik Ati
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Élinga Bojoné Lot
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
w19 Juni hlm. 1-32

ARTIKEL PELAJARAN 26

Nguwatké Wong-Wong sing Lagi Susah Atiné

”Kowé kabèh kudu nyawiji ing pikiran, isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya, nduwé katresnan paseduluran, nduwé rasa welas asih, lan andhap asor.”​—1 PTR. 3:8.

LAGU 107 Niru Katresnané Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa niru Yéhuwah?

YÉHUWAH sayang karo awaké dhéwé. (Yoh. 3:16) Bèn isa niru Yéhuwah, awaké dhéwé perlu ngupaya kanggo ”ngrasakké apa sing dirasakké wong liya, nduwé katresnan paseduluran, [lan] nduwé rasa welas asih” marang kabèh wong, khususé marang ”sedulur-sedulur seiman”. (1 Ptr. 3:8; Gal. 6:10) Dadi, nèk ana sedulur sing ngalami masalah, awaké dhéwé mesthi péngin mbantu.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Kabèh sing péngin dadi umaté Yéhuwah mesthi bakal ngalami masalah sing abot. (Mrk. 10:29, 30) Apa manèh awaké dhéwé saiki urip ing dina-dina pungkasan. Piyé carané bèn awaké dhéwé lan para sedulur isa padha-padha nguwatké? Ayo dirembug apa sing isa disinaoni saka pengalamané Lot, Ayub, lan Naomi. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug masalah apa waé sing lagi diadhepi para sedulur seiman, lan piyé carané awaké dhéwé isa nguwatké para sedulur kuwi.

KUDU SABAR

3. Nurut 2 Pétrus 2:7, 8, keputusan apa sing digawé Lot, lan apa akibaté?

3 Lot ngalami akèh masalah merga mutuské kanggo manggon ing Sodom. (Wacanen 2 Pétrus 2:7, 8.) Tanah ing Sodom pancèn subur, ning tumindaké wong-wong ing kono bejat. (Pd. 13:8-13; 14:12) Bojoné Lot malah seneng manggon ing kono lan akhiré dadi ora manut karo Yéhuwah. Dhèwèké mati wektu Yéhuwah nyirnakké kutha kuwi nganggo udan geni lan belérang. Anak-anaké wédok tunangan karo wong-wong sing akhiré ya mèlu mati ing Sodom. Lot kélangan omahé, bandhané, lan bojoné. (Pd. 19:12-14, 17, 26) Senajan situasiné kaya ngono, Yéhuwah tetep sabar karo Lot.

Para malaékat nuntun Lot lan keluargané metu saka Sodom

Yéhuwah nduduhké welas asihé lan ngutus malaékaté kanggo nylametké Lot lan keluargané (Deloken paragraf 4))

4. Apa buktiné nèk Yéhuwah sabar karo Lot? (Deloken gambar halaman 1.)

4 Senajan manggon ing Sodom kuwi keputusané Lot dhéwé, Yéhuwah nduduhké welas asihé lan ngutus malaékat loro kanggo nylametké Lot lan keluargané. Lot lan keluargané dikongkon metu saka Sodom. Ning, Lot ora cepet-cepet lunga saka kono. Akhiré, Lot lan keluargané ditarik karo para malaékat kuwi bèn cepet-cepet metu saka Sodom. (Pd. 19:15, 16) Para malaékat kuwi ngongkon Lot lunga menyang dhaérah pegunungan. Ning, Lot ora gelem lan malah péngin lunga menyang kutha sing luwih cedhak. (Pd. 19:17-20) Yéhuwah tetep sabar lan ngéntukké Lot lunga menyang kutha kuwi. Ning, Lot dadi wedi wektu manggon ing kutha kuwi lan akhiré malah pindhah menyang dhaérah pegunungan sing disebutké mau. (Pd. 19:30) Yéhuwah bener-bener sabar karo Lot. Piyé carané awaké dhéwé isa niru Yéhuwah?

5-6. Piyé carané ngetrapké 1 Tésalonika 5:14 lan niru Yéhuwah?

5 Kaya Lot, mungkin ana sedulur seiman sing nggawé keputusan sing klèru lan akhiré ngalami masalah. Piyé tanggepané awaké dhéwé? Awaké dhéwé mungkin péngin nyalahké dhèwèké. Mungkin dhèwèké pancèn kudu nanggung akibaté. (Gal. 6:7) Ning, ketimbang nyalahké sedulur kuwi, awaké dhéwé isa mbantu dhèwèké, kaya sing ditindakké Yéhuwah marang Lot. Piyé carané?

6 Yéhuwah ngutus malaékaté ora mung kanggo ngélikké Lot, ning ya kanggo mbantu Lot bèn isa dislametké saka Sodom. Awaké dhéwé mungkin ya perlu ngélikké wektu ana sedulur seiman sing nggawé keputusan sing isa nyebabké dhèwèké ngalami masalah. Ning, awaké dhéwé ya perlu mbantu dhèwèké. Nèk dhèwèké ora langsung ngetrapké naséhat saka Alkitab, awaké dhéwé kudu tetep sabar. Awaké dhéwé isa nggolèk cara kanggo mènèhi bantuan sing dibutuhké. (1 Yoh. 3:18) Kaya malaékat loro sing narik tangané Lot lan keluargané mau, awaké dhéwé perlu mbantu sedulur kuwi bèn isa ngetrapké naséhat saka Alkitab.​—Wacanen 1 Tésalonika 5:14.

7. Apa sing isa disinaoni saka pandhangané Yéhuwah marang Lot?

7 Senajan Lot ora sampurna, ning Yéhuwah ora nggatèkké kesalahané. Saka surat sing ditulis Rasul Pétrus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah nganggep Lot kuwi wong sing bener. Awaké dhéwé mesthi seneng merga Yéhuwah ora ngéling-éling kesalahané awaké dhéwé. (Ms. 130:3) Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Awaké dhéwé isa luwih sabar karo para sedulur nèk terus mikirké sipat-sipat apiké para sedulur kuwi. Nèk awaké dhéwé sabar, para sedulur bakal luwih gampang nampa bantuané awaké dhéwé.

NDUDUHKÉ SIPAT WELAS ASIH

8. Apa buktiné nèk awaké dhéwé nduwé rasa welas asih marang para sedulur?

8 Ora kaya Lot, Ayub ngalami kesusahan dudu merga kesalahané dhéwé. Ayub ngalami akèh musibah. Dhèwèké kélangan bandhané, lara awaké, lan kabèh anaké mati. Terus, ana wong telu sing ngakuné dadi kancané, ning malah nyalah-nyalahké Ayub. Lha ngapa? Wong-wong kuwi ora gelem ngertèni keadaané Ayub lan akhiré dadi nduwé pandhangan sing salah soal Ayub. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Nèk ana sedulur sing crita soal masalahé, élinga nèk sing paling ngerti situasiné ya mung Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu ngrungokké tenanan lan ngupaya kanggo ngertèni perasaané. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé nduduhké rasa welas asih marang para sedulur.

9. Nèk nduwé rasa welas asih, awaké dhéwé ora bakal nindakké apa lan apa sebabé?

9 Nèk nduwé rasa welas asih, awaké dhéwé ora bakal nggosipké utawa nyritak-nyritakké masalahé wong liya. Wong sing senengané nggosip isa marahi para sedulur ing jemaat dadi ora rukun. (WB. 20:19; Rm. 14:19) Wong sing kaya ngono kuwi ora apikan merga omongané isa nglarani atiné wong sing lagi ngalami kesusahan. (WB. 12:18; Éf. 4:31, 32) Luwih apik nèk awaké dhéwé nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur sing lagi ana masalah kuwi lan mikirké carané mbantu dhèwèké.

Pinituwa sing sabar ngrungokké wektu ana sedulur lanang sing ngomong tanpa dipikir merga lagi nesu; wektu sedulur kuwi wis tenang, pinituwa kuwi ngekèki naséhat sing cocog

Awaké dhéwé kudu sabar wektu ana sedulur sing ngomong tanpa dipikir, lan awaké dhéwé ya isa ngekèki naséhat nèk wektuné wis cocog (Deloken paragraf 10-11)c

10. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka Ayub 6:2, 3?

10 Wacanen Ayub 6:2, 3. Ayub tau ”kurang ngati-ati lan kesusu” wektu ngomong. (Basa Jawi Padintenan) Ning, akhiré kuwi nggawé dhèwèké gela. (Ay. 42:6) Kaya Ayub, wong sing lagi susah atiné mungkin ya ngomong tanpa dipikir lan akhiré dadi gela. Awaké dhéwé kudu piyé? Awaké dhéwé perlu nduduhké rasa welas asih marang dhèwèké. Wektu nggawé manungsa, Yéhuwah ora péngin manungsa ngalami masalah kaya sing awaké dhéwé alami saiki. Dadi, wis lumrah nèk umaté Yéhuwah ya isa ngrasa susah atiné wektu ngalami masalah sing abot lan akhiré ngomong tanpa dipikir. Dhèwèké mungkin malah nganti ngomong sing ora bener soal Yéhuwah utawa soal awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé kudu sabar lan ora langsung nyalahké dhèwèké.​—WB. 19:11.

11. Piyé carané para pinituwa isa niru Èlihu wektu ngekèki naséhat?

11 Kadhang kala, wong sing lagi susah atiné ya butuh naséhat. (Gal. 6:1) Wektu ngekèki naséhat, para pinituwa perlu niru Èlihu bèn naséhaté isa ditampa. Èlihu ngrungokké Ayub lan ngupaya kanggo ngertèni perasaané. (Ay. 33:6, 7) Sakwisé kuwi, Èlihu lagi ngekèki naséhat. Dadi, sakdurungé ngekèki naséhat, para pinituwa ya perlu ngrungokké tenanan bèn ngerti situasiné. Hasilé, wong sing lagi susah atiné kuwi isa luwih gampang nampa lan ngetrapké naséhaté para pinituwa.

OMONGAN SING NGUWATKÉ

12. Piyé perasaané Naomi sakwisé ditinggal mati bojoné lan anaké lanang loro?

12 Naomi kuwi abdiné Yéhuwah sing setya. Ning, merga ditinggal mati karo bojoné lan anaké lanang loro, dhèwèké ngrasa sedhih banget nganti péngin ngganti jenengé dadi Mara sing artiné Pait. (Rt. 1:3, 5, 20, 21) Pas lagi ngalami kesusahan kuwi, Naomi terus dikancani karo Rut, salah siji mantuné. Rut mbantu nyukupi kebutuhané Naomi. Saka omongané, kétok cetha nèk Rut sayang lan siap ndhukung Naomi. Kuwi isa nguwatké Naomi.​—Rt. 1:16, 17.

13. Apa sebabé sedulur sing ditinggal mati bojoné butuh dikuwatké?

13 Sedulur seiman sing ditinggal mati karo bojoné mesthi butuh dikuwatké. Suami istri kuwi isa diumpamakké kaya wit loro sing thukulé jèjèran. Nèk wis thukul bareng nganti pirang-pirang taun, biasané akaré wis nggubed dadi siji. Nèk salah siji wité mati, kuwi ana pengaruhé kanggo wit sing sijiné. Dadi, wong sing ditinggal mati karo bojoné ya isa ngrasa susah atiné nganti pirang-pirang taun. Paula,b sing ditinggal mati bojoné, kandha, ”Uripku bener-bener berubah. Aku ngrasa ora nduwé daya manèh. Bojoku kuwi wis dadi sahabatku. Nèk ana apa-apa, biasané aku crita karo bojoku. Susah seneng tak rasakké bareng-bareng karo bojoku. Wektu ana masalah, dhèwèké ya gelem ngrungokké critaku. Aku bener-bener ngrasa kélangan.”

Sedulur lanang sing bojoné mati dikuwatké karo sedulur loro sing nduduhké foto-fotoné sedulur kuwi lan bojoné

Piyé carané nguwatké sedulur sing ditinggal mati bojoné? (Deloken paragraf 14-15)d

14-15. Piyé carané awaké dhéwé isa nguwatké wong sing ditinggal mati karo bojoné?

14 Piyé carané awaké dhéwé isa nguwatké wong sing ditinggal mati karo bojoné? Sing pertama, awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké omong-omongan senajan mungkin ngrasa ora kepénak utawa bingung arep ngomong apa. Paula, sing disebutké mau, kandha, ”Wong-wong biasané ora kepénak nèk arep omongan-omongan karo wong sing ditinggal mati. Wong-wong kuwi mungkin wedi nèk salah ngomong. Ning, kuwi luwih apik ketimbang ora ngomong apa-apa.” Kata-kata sing sedherhana waé ya isa nguwatké wong sing lagi sedhih merga ditinggal mati. Paula kandha, ”Aku wis ngrasa dikuwatké nèk ana sing ngomong, ’Aku mèlu sedhih ya.’”

15 William, sing ditinggal mati bojoné, kandha, ”Aku sayang banget karo bojoku. Aku bener-bener ngrasa dikuwatké wektu ana sing nyritakké apa sing apik soal bojoku. Aku dadi ngerti nèk wong-wong padha ngajèni lan sayang karo bojoku.” Bianca, sing ya ditinggal mati bojoné, kandha, ”Aku ngrasa dikuwatké wektu dijak ndonga lan diwacakké ayat-ayat Alkitab. Aku ya seneng nèk ana wong sing crita-crita karo aku soal bojoku.”

16. (a) Apa sing kuduné awaké dhéwé tindakké marang wong-wong sing ditinggal mati wong sing ditresnani? (b) Nurut Yakobus 1:27, awaké dhéwé nduwé tanggung jawab apa?

16 Kaya Rut sing terus ngancani Naomi, awaké dhéwé ya kudu terus nguwatké sedulur sing ditinggal mati wong sing ditresnani. Paula kandha manèh, ”Akèh sing nguwatké aku pas bojoku lagi waé mati. Sakwisé kuwi, wong-wong ya padha nduwé kegiatané dhéwé-dhéwé. Ning, sakjané aku isih sedhih banget. Wong sing ditinggal mati biasané isih butuh dikuwatké nganti pirang-pirang sasi, utawa pirang-pirang taun sakwisé kuwi.” Pancèn, keadaané wong kuwi béda-béda. Ana sing isa langsung ngatasi perasaan sedhihé, ning ya ana sing ora. Ana sing dadi sedhih wektu nindakké kegiatan sing biasané ditindakké karo bojoné. Carané wong-wong nduduhké rasa sedhihé isa béda-béda. Nguwatké wong sing ditinggal mati bojoné kuwi tanggung jawab sing istiméwa saka Yéhuwah.​—Wacanen Yakobus 1:27.

17. Apa sebabé wong sing dikhianati karo bojoné butuh dikuwatké?

17 Wong-wong ya isa susah atiné nèk dikhianati karo bojoné. Joyce, sing bojoné selingkuh lan akhiré pegatan, kandha, ”Rasané atiku luwih lara ketimbang nèk misalé bojoku mati. Nèk bojoku mati merga lara utawa kecelakaan, ya pancèn ora ana pilihan liya. Ning, bojoku saiki milih ninggalké aku. Aku dadi ngrasa ora diajèni.”

18. Apa sing isa ditindakké kanggo mbantu para sedulur sing wis ora nduwé bojo?

18 Awaké dhéwé isa nguwatké para sedulur sing wis ora nduwé bojo. Wong-wong sing kaya ngono kuwi butuh kanca sing apikan. (WB. 17:17) Piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi kancané? Awaké dhéwé isa ngundang dhèwèké mangan, ngejak dolan, utawa nginjil bareng. Awaké dhéwé ya isa ngundang dhèwèké kanggo mèlu ibadah keluarga. Nèk kuwi ditindakké, Yéhuwah mesthi seneng merga Dhèwèké kuwi ”ana ing sacedhaké para wong kang rempu [utawa, remuk] atiné” lan dadi ”pangayomané para randha”.​—Ms. 34:19; 68:6.

19. Nurut 1 Pétrus 3:8, awaké dhéwé kudu nindakké apa?

19 Ora suwé manèh, ”karupekan-karupekan [utawa, kesusahan] kang biyèn iku wus padha ora diélingi” wektu Kratoné Allah mréntah bumi. Awaké dhéwé mesthi nunggu-nunggu wektuné ”bab-bab kang biyèn ora bakal diélingi manèh, lan ora bakal tuwuh manèh ing sajroning ati”. (Yé. 65:16, 17) Karo ngentèni kuwi kelakon, awaké dhéwé kudu padha-padha nguwatké lan nduduhké katresnan marang para sedulur liwat omongan lan tumindak.​—Wacanen 1 Pétrus 3:8.

APA JAWABANÉ?

  • Apa sing isa disinaoni saka carané Yéhuwah mbantu Lot lan Ayub?

  • Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Naomi?

  • Piyé carané awaké dhéwé isa nguwatké para sedulur sing wis ora nduwé bojo?

LAGU 111 Bungah Dadi Umaté Yéhuwah

a Umaté Yéhuwah sing setya kaya Lot, Ayub, lan Naomi ya tau ngalami masalah sing abot. Artikel iki bakal ngrembug apa sing isa disinaoni saka pengalamané wong-wong kuwi. Artikel iki ya bakal ngrembug apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar, nduduhké sipat welas asih, lan nguwatké para sedulur sing lagi ngalami masalah.

b Dudu jeneng asliné.

c GAMBAR: Pinituwa sing sabar ngrungokké wektu ana sedulur lanang sing ngomong tanpa dipikir merga lagi nesu. Wektu sedulur kuwi wis tenang, pinituwa kuwi ngekèki naséhat sing cocog.

d GAMBAR: Suami istri sing isih enom iki lagi ngobrol karo sedulur lanang sing lagi waé ditinggal mati bojoné. Wong telu iki lagi crita-crita soal kenangan sing nyenengké pas bojoné sedulur kuwi isih urip.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim