PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 1 hlm. 3-5
  • Nggolèki Keterangan sing Bener

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nggolèki Keterangan sing Bener
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • APA MUNGKIN ISA ÉNTUK KETERANGAN SING BENER?
  • CARANÉ NGGOLÈKI KETERANGAN SING BENER
  • SUMBER KETERANGAN SING BENER
  • ”Terus Manut karo Apa sing Bener”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • ”Aku Bakal Mlaku ing Dalan-Mu sing Bener”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Jawabané Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 1 hlm. 3-5
Wong lanang lagi ndelok rak buku

Nggolèki Keterangan sing Bener

Awaké dhéwé isa slamet nèk ngerti keterangan sing bener. Contoné, awaké dhéwé isa slamet nèk ngerti keterangan sing bener soal piyé penyakit menular isa nyebar.

Wis éwonan taun, ora ana wong sing ngerti tenan soal kuwi. Padahal, jutaan wong mati merga penyakit menular. Tapi akhiré, para ilmuwan ngerti keterangan sing bener. Para ilmuwan nemokké nèk penyakit menular biasané disebabké karo makhluk hidup sing cilik banget, contoné baktèri utawa virus. Merga ngerti soal kuwi, wong-wong isa dibantu kanggo nyegah lan nambani akèh penyakit menular. Hasilé, milyaran wong isa luwih séhat lan dawa umuré.

Lha terus nèk soal pertanyaan-pertanyaan iki piyé? Misalé, . . .

  • Gusti Allah kuwi sapa?

  • Yésus Kristus kuwi sapa?

  • Kerajaané Gusti Allah kuwi apa?

  • Ing masa depan, keadaané bakal piyé?

Jutaan wong wis éntuk keterangan sing bener soal kuwi lan ngrasakké manfaaté. Njenengan ya isa kaya ngono.

APA MUNGKIN ISA ÉNTUK KETERANGAN SING BENER?

Njenengan mungkin mikir, ’Apa mungkin aku isa éntuk keterangan sing bener soal apa waé?’ Apamanèh, saiki saya angèl nggolèki keterangan sing bener. Lha ngapa?

Wektu nggolèk keterangan, akèh wong ora percaya karo para pejabat, pengusaha, lan wartawan. Wong-wong angèl mbédakké apa kuwi fakta, pendapaté wong, informasi sing setengah bener, utawa malah keterangan sing ora bener. Mula, akèh wong nduwé pendapat sing béda-béda soal apa sing bener lan sing salah.

Tapi, njenengan tetep isa éntuk keterangan sing bener soal pertanyaan-pertanyaan penting ing urip. Piyé carané? Carané padha kaya wektu njenengan nggolèk keterangan ing urip saben dina.

CARANÉ NGGOLÈKI KETERANGAN SING BENER

Njenengan mbutuhké keterangan sing bener saben dina. Gatèkna pengalamané Jessica. Dhèwèké ngomong, ”Anakku alèrgi kacang. Nèk mangan protéin kacang sithik waé, dhèwèké isa mati.” Jessica kudu mastèkké panganan sing dituku kuwi aman kanggo anaké. ”Pertama, aku maca keterangan bahan-bahan sing ana ing bungkusé. Terus, aku nggolèki keterangan sing luwih akèh lan mastèkké karo pabriké nèk panganan kuwi ora ana kacangé. Aku ya nggolèk keterangan soal pabrik kuwi saka sumber liyané sing isa dipercaya.”

Wong lanang mau mbandhingké keterangan saka buku sing dijupuk ing rak karo keterangan sing ana ing perangkat èlèktroniké

Mungkin upayané njenengan kanggo nggolèk keterangan sing bener ora kaya Jessica. Tapi, njenengan isa niru Jessica sing wis nyoba cara-cara iki:

  • Nggolèki fakta-faktané.

  • Nggolèki keterangan sing luwih akèh.

  • Mastèkké sumber keterangané isa dipercaya.

Nèk nyoba cara-cara kuwi, njenengan isa éntuk keterangan sing bener soal pertanyaan-pertanyaan penting ing urip.

SUMBER KETERANGAN SING BENER

Wektu nggolèk keterangan soal pertanyaan-pertanyaan penting ing urip, Jessica ya nggunakké cara sing padha. Dhèwèké ngomong, ”Merga maca lan sinau Alkitab, aku dadi isa nemokké keterangan sing bener.” Kaya Jessica, jutaan wong wis éntuk keterangan sing bener soal pertanyaan-pertanyaan iki ing Alkitab:

  • Ngapa kok Gusti Allah nyiptakké manungsa?

  • Piyé keadaané wong mati?

  • Ngapa kok ana akèh kesusahan?

  • Gusti Allah bakal ngapa kanggo nyingkirké kesusahan?

  • Piyé carané bèn keluarga isa bahagia?

Wong lanang mau maca Alkitab lan ana laptop ing cedhaké

Nèk maca Alkitab lan nggolèki keterangan sing luwih akèh ing www.jw.org, njenengan isa éntuk keterangan sing bener soal pertanyaan-pertanyaan kuwi lan pertanyaan liyané.

Ing majalah Warta Penting iki, bakal dirembug soal pertanyaan-pertanyaan:

  • Gusti Allah kuwi sapa?

  • Yésus Kristus kuwi sapa?

  • Kerajaané Gusti Allah kuwi apa?

  • Ing masa depan, keadaané bakal piyé?

Saiki, ayo dirembug sik ngapa awaké dhéwé isa yakin nèk Alkitab kuwi sumber keterangan sing bener lan isa dipercaya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim