PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 2 hlm. 4-5
  • Apa Sebabé Awaké Dhéwé Butuh Kratoné Allah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Sebabé Awaké Dhéwé Butuh Kratoné Allah?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MANUNGSA MULAI MRÉNTAH MANUNGSA LIYANÉ
  • KEADAANÉ BAKAL BERUBAH
  • Ngapa Kok Uripé Manungsa Saiki Susah?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Kena Apa Tumindak Jahat lan Kasusahan Isih Ana Nganti Saiki?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Apa Kersané Gusti Allah kanggo Manungsa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 2 hlm. 4-5
Adam lan Hawa lagi ndelok air terjun ing Taman Èden.

Wektu Gusti Allah mréntah, kabèh ciptaané bersatu lan keadaané damai

Apa Sebabé Awaké Dhéwé Butuh Kratoné Allah?

Kèt manungsa diciptakké, mung ana siji sing nduwé wewenang kanggo mréntah kabèh sing ana ing donya iki, yaiku Penciptané awaké dhéwé. Jenengé yaiku Yéhuwah. Kabèh sing ditindakké Gusti Allah kuwi dhasaré katresnan. Dhèwèké nggawé panggonan sing apik kanggo manungsa, yaiku Taman Èden, lan nyedhiakké akèh bahan pangan ing kono. Sakliyané kuwi, Gusti Allah ya mènèhi manungsa gawéan sing nyenengké. (Purwaning Dumadi 1:28, 29; 2:8, 15) Nèk manut karo préntahé Gusti Allah, manungsa bakal bahagia.

Adam nyekel buah sing dilarang kanggo dipangan sing ditawakké karo Hawa.

Pasangan manungsa pertama ora manut karo Gusti Allah

Alkitab nyathet soal malaékat sing mbrontak lan akhiré disebut Sétan si Iblis. Dhèwèké nantang haké Gusti Allah kanggo mréntah. Sétan ngomong nèk manungsa isa luwih bahagia tanpa tuntunané Gusti Allah. Pasangan manungsa pertama, yaiku Adam lan Hawa, percaya soal kuwi. Wong loro kuwi mèlu-mèlu Sétan sing ora manut karo Gusti Allah.​—Purwaning Dumadi 3:1-6; Wahyu 12:9.

Merga ora manut, Adam lan Hawa diusir saka Firdaus, kélangan kesempatan kanggo urip saklawasé, lan ora nduwé keséhatan sing sampurna. (Purwaning Dumadi 3:17-19) Akibaté ya dirasakké karo keturunané. Alkitab ngomong nèk ”pati mréntah dadi raja” merga Adam nggawé dosa. (Roma 5:12) Merga ora sampurna, manungsa dadi nduwé masalah liya. Alkitab ngomong, ”Wong kang siji ngwasani sijiné ndadèkaké cilakané.” (Kohèlèt 8:9) Kuwi maksudé nèk manungsa ngupaya mréntah manungsa liyané, hasilé ora bakal apik.

MANUNGSA MULAI MRÉNTAH MANUNGSA LIYANÉ

Gambaré Nimrod sing sombong. Ing mburiné, ana wong-wong sing lagi mbangun menara.

Nimrod nglawan Yéhuwah

Ing Alkitab, manungsa pertama sing mréntah manungsa liyané kuwi jenengé Nimrod. Nimrod mbrontak nglawan Yéhuwah. Kèt jamané Nimrod, wong-wong sing nduwé wewenang nggunakké wewenangé nganggo cara sing salah. Kira-kira 3.000 taun kepungkur, Raja Salomo nulis, ”Aku nyumurupi . . . eluhé para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa.”​—Kohèlèt 4:1.

Kuwi kelakon nganti saiki. Ing taun 2009, publikasi saka Perserikatan Bangsa-Bangsa kandha, ”Pamréntahan sing ora apik kuwi dadi salah siji penyebab masalah ing donya.”

KEADAANÉ BAKAL BERUBAH

Awaké dhéwé mbutuhké pamréntahan sing luwih apik, lan kuwi sing dijanjèkké Gusti Allah.

Kumpulan gambar: Hasil pamréntahané manungsa. 1. Wong wédok Asia sing lagi meluk anaké lan ndhéprok ing dalan sing reged. 2. Mbah-mbah sing lagi lara ing rumah sakit. 3. Tentara lagi némbak nggunakké senjatané wektu lagi perang. 4. Wong-wong sing lagi démo. 5. Wong wédok lan anaké sing lagi ana ing njaba omah ndelok kaca omahé pecah. 6. Kutha sing akèh polusi.

Pamréntahané manungsa sing paling apik ora isa ngatasi masalahé manungsa

Gusti Allah wis ngedegké Kraton, utawa pamréntahan, sing bakal nggentèni kabèh pamréntahané manungsa lan ”karajan punika piyambak badhé madeg ing salami-laminipun”. (Dhanièl 2:44) Kraton iki sing terus didongakké karo akèh wong. (Matius 6:9, 10) Ning, dudu Gusti Allah sing bakal dadi Rajané. Dhèwèké wis milih sapa sing bakal dadi Raja ing Kratoné. Raja sing dipilih Gusti Allah wis tau dadi manungsa. Sapa kuwi?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim