PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • km 4/15 hlm. 3
  • Ulangan Sekolah kanggo Mulang Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ulangan Sekolah kanggo Mulang Alkitab
  • Kagiyatané Abdiné Allah—2015
Kagiyatané Abdiné Allah—2015
km 4/15 hlm. 3

Ulangan Sekolah kanggo Mulang Alkitab

Pitakonan-pitakonan iki bakal dirembug ing Sekolah kanggo Mulang Alkitab minggu mulai 27 April 2015. Tanggal pas bahan kuwi dirembug dicathet ing kéné, bèn bahan kuwi isa disinaoni sadurungé teka ing acara sekolah saben mingguné.

  1. Apa tegesé katresnan sing langgeng (kasih yang loyal), lan piyé kuwi isa ditrapké ing urip saben dinané? (Rut 1:16, 17) [2 Mar., w12-IN 1/7 kaca 26 par. 5]

  2. Apa sebabé Rut disebut ”wong wadon kang becik”? (Rut 3:11) [2 Mar., w12-IN 1/10 kaca 23 par. 1]

  3. Wektu ngadhepi masalah, apa sing isa diconto saka Hana? (1 Sa. 1:16-18) [9 Mar., w07-IN 15/3 kaca 16 par. 4-5]

  4. Pas isih cilik lan pas ”mundak gedhé ana ing ngarsané Sang Yéhuwah”, apa sing nggawé Samuèl ora niru-niru conto èlèké anak-anaké Èli? (1 Sa. 2:21) [9 Mar., w10-IN 1/10 kaca 16 par. 2-3]

  5. Awaké dhéwé isa niru conto apa saka Saul sing ora tumindak grusa-grusu wektu ana ”wong dursila” sing ora gelem nampa Saul dadi raja? (1 Sa. 10:22, 27) [23 Mar., w05-IN 15/3 kaca 23 par. 1]

  6. Saul luwih mentingké kurban timbang manut karo Yéhuwah. Awaké dhéwé isa sinau apa saka pikirané Saul sing klèru kuwi? (1 Sa. 15:22, 23) [30 Mar., w07-IN 15/6 kaca 26 par. 3-4]

  7. Apa sebabé awaké dhéwé isa tentrem nèk ngerti Yéhuwah isa ’mirsani isining ati’? (1 Sa. 16:7) [6 Apr., w10-IN 1/3 kaca 23 par. 7]

  8. Nurut Wulang Bebasan 1:4, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nggunakké apa wektu ngadhepi masalah sing abot? (1 Sa. 21:12, 13) [13 Apr., w05-IN 15/3 kaca 24 par. 4]

  9. Senajan Abigail ngekèki panganan marang Dawud lan para abdiné, apa sebabé kuwi dudu tumindak mbrontak nglawan bojoné? (1 Sa. 25:10, 11, 18, 19) [20 Apr., w09-IN 1/7 kaca 20 par. 3]

  10. Apa sing isa diconto saka Abigail sing njaluk ngapura senajan ora tumindak salah? (1 Sa. 25:24) [20 Apr., w02-IN 1/11 kaca 5 par. 1, 4]

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim