Carané Nawakké Wacan
Buku Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
Nèk ana pitakonan bab urip, panjenengan arep takon karo sapa? [Rungokna jawabané.] Akèh wong ora ngira nèk Alkitab sakjané mènèhi jawaban saka pitakonan sing penting. Apa panjenengan gelem takwacakké pangandikané nabi sing dicathet ing Alkitab? [Wacakna Jabur 119:105.] Alkitab wis mbantu wong-wong carané ngadhepi masalah-masalah saben dina. Panjenengan wis ngerti durung nèk wulangan saka Alkitab kuwi wis ana ing internèt? [Gunakna pasal 28 kanggo nduduhké situs Wèb jw.org.] Brosur iki mènèhi katrangan sing luwih akèh bab Seksi-Seksi Yéhuwah sing seneng mbantu wong-wong sinau Alkitab.