PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • km 7/15 hlm. 2
  • Pitakonan Bab Gawéan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonan Bab Gawéan Nginjil
  • Kagiyatané Abdiné Allah—2015
Kagiyatané Abdiné Allah—2015
km 7/15 hlm. 2

Pitakonan Bab Gawéan Nginjil

◼ Apa para penginjil olèh nggolèki wong-wong kanggo martakké kabar apik utawa mulang Alkitab marang wong sing ora dikenal saka negara liya liwat internèt?

Ana Seksi Yéhuwah sing nggunakké internèt kanggo mulang Alkitab marang wong saka negara liya, sing manggon ing negara sing nglarang gawéan nginjil utawa ing panggonan sing penginjilé sithik. Kadhang kala ana asil sing apik. Ning, ngrembug bab Alkitab nganggo e-mail utawa chating karo wong sing ora dikenal kuwi mbebayani. (Deloken Pelayanan Kerajaan Kita sasi Juli 2007, kaca 3.) Senajan tujuané nggolèki wong-wong sing tulus bèn krungu kabar apik, ning kuwi isa mbebayani merga awaké dhéwé dadi isa srawung karo wong-wong sing ala lan wong sing murtad. (1 Kr. 1:19-25; Kl. 2:8) Malah, ing negara sing nglarang gawéané Seksi Yéhuwah, pamréntah isa ngerti nèk awaké dhéwé lagi martakké kabar apik ing internèt. Kuwi isa mbebayani kanggo Seksi Yéhuwah sing ana ing negara kuwi. Dadi, para penginjil ora olèh nggolèki wong-wong saka negara liya liwat internèt kanggo martakké kabar apik.

Kajaba ana tuntunan saka kantor cabang Indonésia, nèk awaké dhéwé nginjil ora resmi marang wong saka negara manca sing lagi teka saka negara liya, awaké dhéwé kuduné ora ngubungi dhèwèké pas bali ing negarané. Mendhing awaké dhéwé nduduhké carané nggunakké situs jw.org lan ngandhani carané ngubungi kantor cabang ing negarané. Awaké dhéwé isa ngandhani alamaté Balé Ibadah sing cedhak karo omahé. Ning, ora kabèh panggonan ana Balé Ibadah. Dadi, awaké dhéwé isa ngisi formulir Silakan Tindak Lanjuti (S-43) banjur diwènèhké sekretarisé jemaat bèn dikirim liwat jw.org. Kantor cabang ing negarané wong mau sing paling ngerti kahanan ing negarané, banjur isa ngirim Seksi Yéhuwah ing omahé kanggo sinau Alkitab.—Deloken Pelayan Kerajaan Kita sasi Juni 2014 kaca 7, lan Pelayan Kerajaan sasi November 2011 kaca 2.

Nèk wong sing nampa wacan Alkitab pindhah ing negara liya, utawa awaké dhéwé saiki lagi mulang Alkitab karo wong saka negara liya liwat internèt, manuta karo tuntunan ing ndhuwur. Awaké dhéwé isa neruské rembugan bab Alkitab nganti ana Seksi Yéhuwah sing teka marani wong kuwi ing omahé. Ning, nèk wong kuwi manggon ing negara liya sing nglarang gawéané Seksi Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngati-ati nèk ngrembug Alkitab liwat surat, tilpun, utawa piranti èlèktronik liyané.—Mt. 10:16.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim