URIPÉ WONG KRISTEN
Cara Nggunakké JW Library
KANGGO SINAU:
Wacanen Alkitab lan ayat harian
Wacanen Buku Tahunan, majalah-majalah, lan wacan-wacan liyané. Gunakna Penanda (Bookmark)
Gunakna kanggo persiapan pakumpulan ibadah, lan jawabané dikèki tandha
Deloken vidhéo-vidhéo sing ana ing kono
KANGGO NGIBADAH:
Bukaken ayat sing disebutké sing ceramah. Gunakna bagéan Riwayat (History) kanggo ndelok ayat sing wis tau diwaca
Wektu acara ibadah lan nyanyi, gunakna perangkat èlèktronik timbang kakèhan nggawa buku. Ing JW Library ana lagu-lagu anyar sing durung dicétak
KANGGO NGINJIL:
Duduhna JW Library marang wong sing tanggepané apik, banjur wong mau dikon ngundhuh aplikasi kuwi lan wacan-wacan sing ana ing kono, nganggo perangkat èlèktroniké dhéwé
Gunakna bagéan Cari (Search) kanggo nggolèki ayat Alkitab
Duduhna salah sijiné vidhéo. Nèk sing dikabari nduwé anak, isa nyetèlké vidhéo Dadi Kancané Yéhuwah. Utawa, setèlen vidhéo Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab? bèn wongé péngin sinau Alkitab. Nèk sing dikabari nganggo basa liya, duduhna vidhéo nganggo basané dhéwé
Duduhna ayat nganggo basa liya, nggunakké terjemahan Alkitab sing wis diundhuh. Bukaken kitabé, dudulen nomer bab utawa ayaté, banjur dudulen bagéan ndhuwur kanggo nduduhké terjemahan liya ayat kuwi