Nawakké selebaran Urip Manèh ing Tuvalu
Carané Nawakké
SADARLAH!
Pitakonan: Apa sebabé kita kudu ngupaya bèn isa siap wektu ana bencana alam?
Ayat: WB 27:12
Nawakké: Majalah iki ngrembug apa sing kuduné kita tindakké wektu kena bencana alam, sarta apa sing kudu diupayakké sakdurungé lan sakwisé kena bencana alam.
WULANGNA ALKITAB
Pitakonan: Piyé carané nduduhké katresnan marang Gusti Allah?
Ayat: 1Yo 5:3
Kandhané Alkitab: Carané nduduhké katresnan marang Gusti Allah yaiku manut marang dhawuh-dhawuhé.
APA WONG MATI BENER-BENER ISA URIP MANÈH? (T-35)
Pitakonan: Akèh wong sing tulus ati ing saklumahing bumi nganakké acara slametan saben taun kanggo ngurmati wong sing wis mati. Apa kita isa ketemu manèh karo wong-wong sing kita tresnani sing wis mati?
Ayat: PR 24:15
Nawakké: Selebaran iki ngrembug apa gunané pangarep-arep bab wong mati kanggo panjenengan. [Nèk cocog, setèlna vidéo Apa Wong Mati Isa Urip Manèh?]
CARAMU NAWAKKÉ
Gunakna conto-conto kuwi bèn isa nggawé cara nawakké dhéwé.