URIPÉ WONG KRISTEN
Tandhané Wong Kristen Kuwi Katresnan—Aja Égois lan Gampang Nesu
PENTING MERGA: Yésus kandha nèk tandhané wong Kristen kuwi katresnan. (Yoh 13:34, 35) Kanggo nduduhké katresnan kita kudu ngutamakké kepentingané wong liya lan ora gampang nesu.—1Kor 13:5.
CARANÉ:
Nèk ana sing ngomong utawa nindakké bab sing nglarani ati, mandhega dhisik lan pikirna apa masalahé uga apa akibaté nèk kesusu tumindak.—WB 19:11
Élinga nèk kita kabèh iki ora sampurna. Kadhang kala kita ngomong utawa nindakké bab sing akhiré nggawé gela
Kudu cepet ngrampungké masalahé
DELOKEN VIDEO ”PADHA TRESNA-TINRESNANANA”—AJA GOLÈK KEPÉNAKÉ AWAKÉ DHÉWÉ LAN GAMPANG NEPSU, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Piyé tanggepané Geri wektu Tom ngejak rapat?
Piyé carané bèn Tom ora nganti padu?
Apa hasilé wektu Tom njawab kanthi alus?
Apa manfaaté kanggo jemaat nèk kita ora gampang nesu?