DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL | TAMBAH BAHAGIA WEKTU NGINJIL
Kandhanana Carané Bèn Tambah Cedhak karo Yéhuwah
Bèn isa tambah cedhak karo Yéhuwah, ora cukup nèk sing sinau Alkitab mung sinau karo awaké dhéwé thok. (Mat 5:3; Ibr 5:12–6:2) Sing sinau ya kudu ngerti carané sinau dhéwé.
Kèt awal, njenengan isa ngajari carané persiapan, terus sing sinau isa dikon persiapan dhéwé. (mwb18.03 6) Kandhanana nèk arep sinau kudu ndonga sik. Jelasna carané nggunakké sarana riset. Kandhanana carané ndelok apa sing anyar ing jw.org lan JW Broadcasting®. Terus, kandhanana bèn maca Alkitab saben dina. Njenengan ya isa ngajari carané persiapan pakumpulan ibadah lan carané riset nggolèki jawaban nèk nduwé pertanyaan. Sing sinau dikandhani nèk apa sing wis dipelajari kuwi kudu direnungké.
DELOKEN VIDÉO MBANTU WONG SING SINAU ALKITAB KANGGO SINAU PRIBADI, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Piyé carané Nita mbantu Sari ngerti nèk persiapan kuwi ora mung nggolèki jawabané?
Ngapa kok Sari akhiré isa yakin nèk pathokané Yéhuwah kuwi mémang bener?
Sing sinau dikandhani bèn ngerti carané sinau lan ngrenungké
Apa sing akhiré dipahami Sari soal ngrenungké?