PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w20 Maret hlm. 31
  • Pitakonané sing Maca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonané sing Maca
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
w20 Maret hlm. 31
Petugas bait dikongkon karo para pemimpin agama kanggo nyekel wong-wong sing dianggep mungsuh.

Pitakonané Sing Maca

Sapa sing dimaksud para petugas bait, lan apa tugasé wong-wong kuwi?

Wong-wong Lèwi sing ora dadi imam ana sing ditugaské dadi para petugas bait. Para petugas kuwi dipimpin karo kepala penjaga bait. Wektu njelaské tugas-tugasé para petugas bait, salah siji penulis Yahudi sing jenengé Filo kandha, ”Para petugas kuwi ana sing tugasé njaga gerbang. Sing liyané, tugasé njaga ing ngarepé bait merga ora kabèh wong éntuk mlebu ing kono. Para petugas kuwi ya ana sing keliling kanggo mastèkké keadaané bèn tetep aman. Wong-wong sing keliling kuwi kerjané gentènan ing wayah awan lan bengi.”

Sanhèdrin isa ngekèki préntah marang para petugas bait. Kelompok Yahudi sing diijinké karo pamréntah Romawi kanggo nggawa senjata ya mung para petugas bait kuwi.

Salah siji ahli Alkitab sing jenengé Joachim Jeremias kandha, ”Wektu ditangkep, Yésus nakoni wong-wong sing nangkep dhèwèké apa sebabé dhèwèké ora ditangkep pas mulang ing bait. (Mat. 26:55) Yésus ora bakal ngomong kaya ngono nèk wong-wong kuwi dudu para petugas bait.” Joachim yakin nèk sing dikongkon kanggo nangkep Yésus sakdurungé peristiwa kuwi ya para petugas bait. (Yoh. 7:32, 45, 46) Para petugas bait lan kepala penjaga bait tau dikongkon kanggo nangkep para rasul lan nggawa murid-muridé Yésus kuwi menyang Sanhèdrin. Kaya-kayané, sing nyèrèt Paulus metu saka bait kuwi ya para petugas bait.​—Kis. 4:1-3; 5:17-27; 21:27-30.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim