PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w20 Juni hlm. 17
  • Pitakonané Sing Maca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonané Sing Maca
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Terus Nganggo ”Kepribadian sing Anyar” Sakwisé Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Watak Sing Alus—Manfaaté kanggo Awaké Dhéwé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
w20 Juni hlm. 17

Pitakonané Sing Maca

Apa sipat-sipat sing dihasilké roh suci kuwi mung ”woh sing dihasilké roh suci” sing dicathet ing Galatia 5:22, 23?

  • KATRESNAN

  • KABUNGAHAN

  • KATENTREMAN

  • KESABARAN

  • APIK ATI

  • APIKAN

  • IMAN

  • WATAK SING ALUS

  • NGENDHALÈNI DHIRI

Pancèn, Galatia 5:22, 23 kandha nèk ”woh sing dihasilké roh suci yaiku katresnan, kabungahan, katentreman, kesabaran, apik ati, apikan, iman, watak sing alus, lan ngendhalèni dhiri”. Senajan ngono, roh suci ya isa mbantu awaké dhéwé bèn nduwé sipat-sipat apik liyané sing ora disebutké ing ayat-ayat kuwi. Awaké dhéwé isa ngerti saka endi?

Ing ayat-ayat sakdurungé, Paulus kandha, ”Tumindak sing dihasilké badan sing dosa . . . yaiku hubungan sèks sing ora sah, tumindak najis, tumindak kurang ajar, nyembah brahala, spiritisme, memungsuhan, seneng padu, gampang curiga, gampang nesu, bebantahan, cecongkrahan, sèkte-sèkte, mèri, mabuk-mabukan, pésta bébas, lan liya-liyané.” (Gal. 5:19-21) Kata ”lan liya-liyané” nduduhké nèk sakjané ana perkara-perkara liyané sing termasuk ”tumindak sing dihasilké badan sing dosa” sing durung disebutké karo Paulus, misalé kaya sing dicathet ing Kolose 3:5. Terus, sakwisé nyebutké sangang sipat sing termasuk woh sing dihasilké roh suci, Paulus nggunakké kata-kata sing mèh padha. Dhèwèké kandha, ”Ora ana hukum sing nglawan bab-bab kuwi.” Ing basa asliné, kata ”bab-bab kuwi” ya isa diterjemahké dadi ”bab-bab sing kaya ngono kuwi”. Iki nduduhké nèk ana sipat-sipat apik liyané sing isa dihasilké roh suci, ning durung disebutké karo Paulus.

Conto liyané, Paulus ya tau ngongkon Timotius bèn ’ngupaya sing tenanan kanggo ngabdi marang Gusti Allah, nduduhké kaadilan, iman, katresnan, ketekunan, lan watak sing alus’. (1 Tim. 6:11) Saka apa sing disebutké Paulus kuwi, sing termasuk ”woh sing dihasilké roh suci” kuwi mung telu, yaiku iman, katresnan lan watak sing alus. Ning, mesthiné Timotius ya mbutuhké bantuané roh suci bèn isa ngabdi marang Gusti Allah, nduduhké keadilan, lan ketekunan.​—Bandhingna Kolose 3:12; 2 Pétrus 1:5-7.

Pancèn, kaya sing disebutké ing Galatia 5:22, 23, roh suci isa mbantu bèn awaké dhéwé isa nduduhké sipat-sipat sing termasuk ”woh sing dihasilké roh suci”. Ning, roh suci ya isa mbantu awaké dhéwé bèn isa nduduhké sipat-sipat apik liyané. Nèk awaké dhéwé ngupaya kanggo nduduhké sipat-sipat apik liyané kuwi, awaké dhéwé bakal nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan nduwé ”kepribadian anyar sing digawé miturut kersané Gusti Allah, cocog karo apa sing bener lan kasetyan sing sejati”.—Éf. 4:24

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim