PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp21 No. 3 hlm. 9-11
  • Apa Nèk Wis Dadi Wong Apik Uripé Mesthi Pénak?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Nèk Wis Dadi Wong Apik Uripé Mesthi Pénak?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING DIPERCAYA WONG-WONG
  • PIYÉ KENYATAANÉ?
  • Kabèh Péngin Uripé Pénak
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Bèn Isa Urip Pénak Kudu Piyé?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Pembuka
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • ”Wong Kang Andhap-Asor Iku Bakal Padha Olèh Warisan Bumi”
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
wp21 No. 3 hlm. 9-11
Wong wédok sing ngalah bèn mbah-mbah isa lungguh ing kursiné.

Apa Nèk Wis Dadi Wong Apik Uripé Mesthi Pénak?

Kèt mbiyèn, akèh sing mikir nèk péngin uripé pénak ya kudu dadi wong apik. Misalé, akèh wong Asia percaya karo omongané guru sing terkenal sing jenengé Konfusius (551-479 SM), sing intiné ngéné: ”Nèk ora péngin dijahati, ya aja njahati.”a

SING DIPERCAYA WONG-WONG

Nganti saiki, isih akèh sing percaya nèk péngin uripé pénak ya kudu dadi wong sing apik. Makané akèh sing berusaha bèn dadi wong sing apikan, sopan, tanggung jawab, lan jujur. Wong wédok saka Vietnam sing jenengé Ling ngomong, ”Nèk dadi wong sing apik lan jujur, mengko aku mesthi éntuk balesan sing apik.”

Wong wédok kuwi ngekèki panganan kanggo wong mlarat.

Ana manèh sing berusaha dadi wong apik merga ing agamané diajari kaya ngono. Hsu-Yun saka Taiwan ngomong, ”Aku mbiyèn diajari nèk wong mati mengkoné isa bahagia utawa sengsara kuwi bergantung karo perbuatané pas isih urip.”

PIYÉ KENYATAANÉ?

Wong wédok kuwi kétok ora bahagia. Dhèwèké kétok kesel karo nggéndhong anaké.

Mémang nèk awaké dhéwé dadi wong apik manfaaté akèh. Tapi, akèh sing wis berusaha dadi wong apik malah kecéwa, soalé kenyataané ora kaya sing dikarepké. Wong wédok saka Hong Kong sing jenengé Shiu Ping ngomong, ”Aku wis ngrasakké dhéwé nèk wong sing apik ora selalu éntuk balesan sing apik. Aku wis berusaha dadi ibu sing apik, istri sing apik, tapi nyatané keluargaku berantakan. Bojoku malah ninggalké aku karo anakku.”

Akèh sing setuju nèk wong sing nduwé agama durung mesthi dadi wong sing apik. Wong wédok saka Jepang sing jenengé Etsuko crita, ”Aku mèlu organisasi remaja ing agamaku, malah aku ya dadi pengurusé. Tapi cah-cah ing kéné ana sing kelakuané ora nggenah, padha saingan, malah dhuwit gréja waé dikorupsi.”

”Aku wis berusaha dadi ibu sing apik, istri sing apik, tapi nyatané keluargaku berantakan. Bojoku malah ninggalké aku karo anakku.”​—SHIU PING, HONG KONG

Ana sing kecéwa soalé wis berusaha dadi wong apik lan rajin ngibadah, tapi tetep susah uripé. Kuwi sing dirasakké Van, wong wédok saka Vietnam. Dhèwèké kandha, ”Saben dina aku tuku buah-buahan, kembang, lan panganan dienggo nyembayangi leluhurku. Aku berharap uripku bakal diberkahi. Tapi, meskipun aku wis dadi wong apik lan rajin ngibadah nganti bertaun-taun, bojoku ya tetep lara parah. Terus, anakku wédok sing kuliah ing luar negri mati padahal isih enom.”

WONG SING APIK DURUNG MESTHI URIPÉ PÉNAK

Awaké dhéwé mémang kudu dadi wong apik. Tapi, meskipun wis berusaha dadi wong apik durung mesthi uripé pénak. Lha ngapa? Jawabané dijelaské ing Kitab Suci.

ORA KABÈH GELEM DADI WONG SING APIK

”Wong siji sing dosa isa ngrusak akèh perkara sing apik.”​—PENGKHOTBAH 9:18.

Meskipun wis berusaha dadi wong apik, tapi awaké dhéwé ya isa kena masalah gara-gara wong liya. Misalé pas ana pandemi, njenengan mungkin wis manut karo pamréntah lan jaga jarak karo wong liya. Tapi, piyé nèk ana sing ora manut? Ya wong liya isa kena penyakit gara-gara sing ora manut kuwi.

SING DIPIKIRÉ APIK DURUNG MESTHI BENER

”Ana wong sing mikir nèk dhèwèké wis ngliwati dalan sing bener, tapi jebulé dalan kuwi ujungé kematian.”​—WULANG BEBASAN 14:12.

Akèh sing mikir nèk sing dilakoni kuwi wis bener, tapi sakjané kuwi salah. Meskipun niaté apik, tapi nèk carané salah ya tetep isa kena akibaté.

ORA ANA SING NGERTI KAYA APA URIPÉ SÉSUK

”Kowé ora ngerti kaya apa uripmu sésuk.”​—YAKOBUS 4:14.

Meskipun wis berusaha dadi wong sing apik, tapi ngerti-ngerti ya isa mati. Misalé selama pandemi COVID-19, ana akèh rélawan sing mati. Terus, ana wong wédok saka Tiongkok sing jenengé Liting sing bapaké mati merga kecelakaan mobil. Dhèwèké ngomong, ”Kok isa ya bapakku mati. Bapakku kuwi wongé apik, sregep, jujur, lan ora sombong. Tapi pas kecelakaan kuwi kok bapakku mati, padahal sing liyané slamet.”

Ternyata nèk péngin uripé pénak, ora cukup nèk mung dadi wong sing apik. Lha terus, nèk péngin uripé pénak kudu piyé? Bèn isa ngerti jawabané, awaké dhéwé butuh tuntunan sing isa dipercaya. Tuntunan kuwi ana ing endi?

a Njenengan isa ndelok keterangan soal ajarané Konfusius ing buku Pencarian Manusia akan Allah pasal 7, paragraf 31-35, sing diterbitké Seksi-Seksi Yéhuwah lan ana ing www.jw.org.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim