PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp21 No. 3 hlm. 12-14
  • Apa Ana Tuntunan sing Isa Dipercaya?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Ana Tuntunan sing Isa Dipercaya?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • TUNTUNAN SING SUMBERÉ ISA DIPERCAYA
  • Alkitab Kuwi Apa?
    Alkitab Kuwi Apa?
  • ”Wong Kang Andhap-Asor Iku Bakal Padha Olèh Warisan Bumi”
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Saran-Saran kanggo Keluarga
    Gatèkna!—2018
  • Kaya Apa Donya Iki Sukmbèn?
    Kaya Apa Donya Iki Sukmbèn?
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
wp21 No. 3 hlm. 12-14
Wong maca Alkitab.

Apa Ana Tuntunan sing Isa Dipercaya?

Kaya sing wis dirembug ing artikel-artikel sakdurungé, ana sing percaya takdir, terus ana sing sekolah dhuwur, nggolèk dhuwit akèh, lan berusaha dadi wong apik merga péngin uripé pénak. Tapi kenyataané ora kaya sing dikarepké. Terus, bèn uripé pénak kudu piyé? Apa ana tuntunan sing isa dipercaya?

TUNTUNAN SING SUMBERÉ ISA DIPERCAYA

Nèk arep nggawé keputusan, awaké dhéwé biasané takon karo wong sing luwih tuwa utawa sing luwih pinter. Nah, ana sing luwih tuwa lan luwih pinter daripada manungsa, sing isa ngandhani piyé carané bèn isa urip pénak. Naséhaté ditulis ing kitab suci sing disebut Alkitab, sing umuré wis 3.500 taun.

Ngapa kok isiné Alkitab isa dipercaya? Soalé sing ngarang Alkitab Gusti Allah. Dhèwèké kuwi sing paling tuwa lan paling pinter sak alam semesta. Ing Alkitab, Dhèwèké disebut ”Sing Lanjut Usia” sing ana ”saka saklawasé nganti saklawasé”. (Danièl 7:9; Mazmur 90:2, cathetan ngisor) Dhèwèké kuwi ”Gusti Allah sing bener, Sing Nyiptakké langit, Sing Mbentuk bumi”. (Yésaya 45:18) Jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah.​—Mazmur 83:18.

Yéhuwah kuwi sing nyiptakké kabèh wong. Dhèwèké ora mbédak-mbédakké. Mulané, naséhaté sing ditulis ing Alkitab bermanfaat kanggo kabèh wong kèt mbiyèn nganti saiki. Alkitab kuwi buku sing paling akèh diterjemahké lan dicétak.a Dadi, sapa waé isa maca lan éntuk tuntunan saka Gusti Allah. Kuwi cocog karo sing disebutké ing Alkitab:

”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.”​—KISAH 10:34, 35.

Kaya wong tuwa sing sayang karo anaké lan seneng ngekèki naséhat, Yéhuwah ya sayang karo awaké dhéwé lan ngekèki naséhat sing ditulis ing Alkitab. (2 Timotius 3:16) Yéhuwah kuwi sing nyiptakké awaké dhéwé lan sing paling ngerti carané bèn isa bahagia. Dadi, njenengan isa percaya karo isiné Alkitab.

SING DITULIS ING ALKITAB BENER KABÈH

Gambar: 1. Cah enom maca Alkitab nganggo HP ing kréta. 2. Alkitab ing HP.

Ing Alkitab wis ditulis soal peristiwa karo kelakuané wong-wong ing akhir jaman. Saiki kuwi wis kelakon tenan, padahal kuwi ditulis 2.000 taun sakdurungé. Kuwi bukti nèk Alkitab isa dipercaya.

PERISTIWA

”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana gempa bumi sing gedhé, lan ing endi-endi bakal ana kelaparan lan wabah penyakit.”​—LUKAS 21:10, 11.

KELAKUANÉ WONG-WONG

”Ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, nyombongké dhiri, rumangsa hébat, seneng ngrèmèhké, ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa maturnuwun, ora setya, ora sayang karo keluargané, ora gelem setuju karo wong liya, seneng mitnah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik, seneng ngianati, ngèyèl, sombong, mung nggolèk senengé dhéwé lan ora nresnani Gusti Allah.”​—2 TIMOTIUS 3:1-4.

Ngapa kok sing ditulis ing Alkitab kuwi isa persis karo sing kelakon saiki? Njenengan mesthi setuju karo Leung saka Hong Kong sing ngomong, ”Ramalan-ramalan ing Alkitab kuwi kan wis ditulis kèt mbiyèn. Nèk kuwi saka manungsa, ora mungkin kelakoné persis kaya sing diramalké. Dadi, Alkitab kuwi mesthi asalé dudu saka manungsa.”

Ana akèh banget ramalan ing Alkitab sing wis kelakon.b Kuwi bukti nèk Alkitab asalé mémang saka Gusti Allah. Yéhuwah ngomong, ”Aku iki Gusti Allah, ora ana sing kaya Aku. Kèt awal, Aku wis ngandhani apa sing bakal kelakon.” (Yésaya 46:9, 10) Makané njenengan isa percaya karo kabèh sing ditulis ing Alkitab.

NJENENGAN ISA URIP PÉNAK SAIKI LAN SUKMBÈN

Wong tuwa nggandhèng anak-anaké mlaku-mlaku ing lapangan.

Nèk naséhat ing Alkitab dipraktèkké, njenengan isa ngrasakké manfaaté. Misalé, njenengan isa ngerti piyé carané . . .

BÈN ISA SEIMBANG SOAL GAWÉAN LAN DHUWIT

”Luwih apik istirahat sedhéla timbang kerja keras akèh, merga kuwi kaya ngupaya ngoyak angin.”​—PENGKHOTBAH 4:6.

BÈN KELUARGA ISA BAHAGIA

”Saben wong lanang ing antaramu kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé. Wong wédok ya kudu bener-bener ngajèni bojoné.”—ÉFÉSUS 5:33.

BÈN ISA RUKUN KARO WONG LIYA

”Aja nesu, lan aja ngamuk. Aja jèngkèl, lan aja nindakké sing jahat.”​—MAZMUR 37:8.

Nèk isiné Alkitab dipraktèkké, uripé njenengan isa pénak ora mung saiki tapi ya sukmbèn. Menurut Alkitab, Gusti Allah janji nèk sukmbèn . . .

WONG ISA AYEM LAN ORA KUWATIR

”Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget.”​—MAZMUR 37:11.

KABÈH ISA NDUWÉ OMAH LAN PANGANAN

”Wong bakal mbangun omah lan manggon ing kono. Wong bakal nggawé kebon anggur lan mangan buahé.”​—YÉSAYA 65:21.

ORA ANA SING LARA LAN MATI

”Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.”​—WAHYU 21:4.

Nèk péngin ngrasakké kuwi kabèh njenengan kudu piyé? Deloken artikel berikuté.

a Bukaken www.jw.org bagéan AJARANÉ ALKITAB > SEJARAH & ALKITAB nèk péngin ngerti luwih akèh soal Alkitab sing wis diterjemahké lan dicétak nganggo akèh basa.

b Bukaken pasal 9 buku Alkitab—Firman dari Allah atau dari Manusia? sing diterbitké Seksi-Seksi Yéhuwah, sing ana ing www.jw.org bagéan PERPUSTAKAAN > BUKU & BROSUR.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim