PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w21 April hlm. 26-29
  • ”Aku Bener-Bener Bahagia Merga Nglayani Yéhuwah”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Aku Bener-Bener Bahagia Merga Nglayani Yéhuwah”
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • DADI ORA SEMANGAT
  • MULAI MIKIRKÉ MASA DEPANKU
  • DADI SEMANGAT MANÈH
  • NIKAH LAN MERINTIS BARENG
  • BERKAHÉ DADI UTUSAN INJIL
  • BAHAGIA ISA NGLAYANI
  • ”Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
w21 April hlm. 26-29
Vanessa Vicini.

PENGALAMAN

”Aku Bener-Bener Bahagia Merga Nglayani Yéhuwah”

DICRITAKKÉ KARO VANESSA VICINI

AKU lair ing kutha Balclutha sing ana ing Pulau Selatan Selandia Baru. Kèt cilik, aku sayang karo Yéhuwah, lan aku ya seneng merga keluargaku nglayani Yéhuwah. Aku seneng isa ngibadah bareng karo sedulur-sedulur, lan aku ngrasa nyaman wektu bergaul karo sedulur-sedulur. Sakjané aku wongé isinan, tapi aku seneng mèlu nginjil saben minggu. Aku ya ngandhani kanca sekolahku lan wong liya soal Yéhuwah. Aku seneng dadi Seksi Yéhuwah, lan pas umur 11 taun aku dibaptis.

DADI ORA SEMANGAT

Ning, kira-kira pas umurku 13 taun, aku mulai ora cedhak manèh karo Yéhuwah. Aku péngin isa bébas kaya kanca-kanca sekolahku. Aku ngrasa nèk aturané wong tuwaku lan pathokané Alkitab kuwi terlalu kaku. Aku ya ngrasa nèk kegiatan ibadah malah dadi beban. Aku isih yakin nèk Yéhuwah kuwi ana, ning aku ora cedhak karo Dhèwèké.

Aku tetep nginjil, ning ora semangat. Merga ora persiapan, aku dadi bingung mèh ngomong apa pas nginjil. Akibaté, ora ana sing isa tak parani manèh lan ora ana sing sinau Alkitab karo aku. Kuwi nggawé aku dadi tambah males nginjil. Aku nganti mikir, ’Kok isa ya sedulur-sedulur tetep nginjil?’

Merga ora péngin diatur-atur manèh karo wong tuwaku, pas umur 17 taun aku pindhah ing Australia. Kuwi nggawé wong tuwaku sedhih lan kuwatir. Tapi, wong tuwaku ngira nèk aku bakal tetep nglayani Yéhuwah.

Ing Australia, aku tambah ora semangat nglayani Yéhuwah. Aku ya mulai jarang teka ngibadah. Ing jemaat, ana cah-cah enom sing teka ngibadah tapi ya seneng lunga ing diskotik lan ngombé minuman keras. Nèk tak pikir-pikir manèh, wektu kuwi sakjané aku iki bermuka dua. Tapi, aku ora bahagia.

MULAI MIKIRKÉ MASA DEPANKU

Kira-kira rong taun bar kuwi, aku ketemu karo sedulur wédok sing jenengé Tamara. Bojoné Tamara kuwi pinituwa wilayah. Wektu kuwi, aku manggon sak omah karo papat sedulur wédok. Aku lan kanca-kancaku kuwi ngundang Tamara lan bojoné nginep ing omahku nganti seminggu. Pas bojoné lagi sibuk ngurusi urusan jemaat, Tamara ngobrol lan guyon-guyon karo aku lan kanca-kancaku. Aku seneng banget merga Tamara kuwi wongé santai lan énak dijak ngobrol. Aku ora nyangka nèk jebulé ana wong sing semangat nglayani Yéhuwah, ning ya tetep isa dijak guyon. Mungkin, Tamara ora sadhar nèk dhèwèké wis nggawé aku mikirké manèh soal masa depanku.

Aku isa ndelok nèk Tamara bener-bener bahagia merga nglayani Yéhuwah. Dhèwèké péngin mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Dhèwèké semangat banget wektu nginjil lan isa nggawé wong liya dadi mèlu semangat. Kuwi ana pengaruhé kanggo aku sing wektu kuwi lagi ora semangat. Contoné Tamara kuwi nggawé aku mikirké ayat Alkitab sing kandha nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé ”seneng” wektu nglayani Dhèwèké.​—Mzm. 100:2.

DADI SEMANGAT MANÈH

Aku péngin bahagia kaya Tamara, lan aku ya ngerti nèk kudu berubah. Kuwi pancèn butuh wektu. Mula, aku mulai saka sing sederhana dhisik. Misalé, aku mulai persiapan sakdurungé nginjil lan kadhang-kadhang merintis èkstra. Kuwi nggawé aku luwih percaya diri. Aku ya seneng merga isa kerep nggunakké Alkitab pas nginjil. Sakwisé kuwi, aku mulai merintis èkstra saben sasi.

Aku mulai bergaul karo kabèh sedulur sing semangat nglayani Yéhuwah, termasuk sing enom lan sing tuwa. Merga nggatèkké contoné sedulur-sedulur kuwi, aku dadi mikirké piyé carané bèn isa luwih akrab manèh karo Yéhuwah. Aku ya mulai maca Alkitab saben dina. Aku dadi tambah semangat nginjil lan akhiré mulai merintis biasa. Sakwisé pirang-pirang taun ora semangat, saiki aku isa ngrasa bahagia lan nyaman ing jemaat.

NIKAH LAN MERINTIS BARENG

Bar setaun merintis, aku ketemu Alex. Alex kuwi wongé apikan, tulus, sayang karo Yéhuwah, lan semangat wektu nginjil. Wektu kuwi, Alex nglayani dadi abdiné jemaat lan wis merintis nganti enem taun. Alex ya tau pindhah ing Malawi kanggo mbantu gawéan nginjil ing kana. Ing Malawi, Alex kerep bergaul karo utusan injil sing nglayani ing kana. Sedulur-sedulur kuwi dadi conto sing apik kanggo Alex, lan kuwi nggawé Alex dadi péngin terus ngutamakké Yéhuwah.

Taun 2003, aku nikah karo Alex. Sakwisé nikah, aku karo Alex terus merintis nganti saiki. Aku karo Alex ngrasakké akèh berkah saka Yéhuwah lan menikmati akèh pengalaman sing menarik.

BERKAHÉ DADI UTUSAN INJIL

Vanessa nginjil karo sedulur wédok sing isih enom.

Nginjil ing Gleno, Timor-Leste

Taun 2009, aku karo Alex ditugaské dadi utusan injil ing Timor-Leste, negara cilik sing ana ing salah siji pulau ing Indonesia. Aku kagèt, seneng, ning ya kuwatir. Limang sasi sakwisé kuwi, aku tekan ing ibukota Timor-Leste, yaiku Dili.

Timor-Leste kuwi béda banget karo Australia. Aku karo Alex kudu nyesuaikké karo kebudayaané, basané, panganané, lan lingkungan ing kono. Pas nginjil, aku kerep ketemu karo wong sing miskin, pendidikané kurang, lan uripé susah. Merga ing Timor-Leste tau ana perang, ana akèh wong sing trauma lan dadi korban perang.a

Aku nduwé pengalaman sing apik pas ing Timor-Leste. Misalé, aku ketemu karo cah wédok sing umuré 13 taun sing jenengé Maria.b Ibuné wis mati, lan dhèwèké ya jarang ketemu karo bapaké. Kaya cah-cah enom liyané, Maria ya durung mikirké soal masa depané. Aku éling nèk Maria tau nyritakké perasaané nganti nangis. Ning, aku ora ngerti dhèwèké ngomong apa soalé aku ora lancar basané Maria. Terus, aku ndonga lan macakké ayat Alkitab bèn isa menghibur dhèwèké. Pirang-pirang taun bar kuwi, sikapé lan penampilané Maria mulai berubah merga sinau Alkitab. Terus, Maria dibaptis lan saiki dhèwèké ya wis mbantu wong liya sinau Alkitab. Maria wis dadi umaté Yéhuwah, lan dhèwèké disayangi karo sedulur-sedulur.

Yéhuwah bener-bener mberkahi gawéan nginjil ing Timor-Leste. Akèh-akèhé sedulur ing kono lagi sepuluh taun dibaptis, tapi akèh sing dadi perintis, abdiné jemaat, utawa pinituwa. Terus, ya ana sing dadi penerjemah utawa mbantu gawéan liyané ing kantor penerjemahan. Aku seneng banget pas krungu para sedulur nyanyi ing Balé Ibadah, ndelok senyumé, lan ngrasakké semangaté para sedulur nglayani Yéhuwah.

Vanessa, Alex, lan sedulur lanang telu numpak motor pas arep mbagèkké undangan Pèngetan.

Aku karo Alex pas arep mbagèkké undangan Pèngetan ing dhaérah sing wong-wongé durung tau dikabari

BAHAGIA ISA NGLAYANI

Manggon ing Timor-Leste kuwi béda banget karo ing Australia. Ning, aku bahagia isa nglayani ing kono. Aku karo Alex tau numpak bis sing isiné kebak karo wong-wong sing nggawa gerèh lan sayur-sayuran saka pasar. Salah siji wong sing tak bantu sinau Alkitab omahé cilik lan lantainé saka lemah. Nèk pas sinau Alkitab ing kono, rasané sumuk banget lan ana pitik sing mlayu-mlayu. Pancèn, nglayani ing Timor-Leste kuwi ana tantangané. Ning, nurutku iki luar biasa.

Vanessa, Alex, lan sedulur-sedulur numpak angkutan umum. Merga kebak, ana sedulur-sedulur sing ngadeg ing lawang.

Numpak angkot pas arep nginjil

Aku bersyukur banget merga wong tuwaku ngajari aku soal Yéhuwah kèt cilik. Pas aku ora semangat, wong tuwaku ya terus ndhukung aku. Aku isa ngrasakké nèk kata-kata ing Wulang Bebasan 22:6 pancèn bener. Bapak lan ibuku seneng banget merga aku lan Alex isa digunakké ing organisasiné Yéhuwah. Kèt taun 2016, Alex ditugaské dadi pinituwa wilayah ing salah siji wilayah ing cabang Australasia.

Nonton vidéo Kalèb lan Sofia karo cah-cah cilik ing Timor-Leste

Saiki, aku bener-bener bahagia merga nglayani Yéhuwah. Aku nganti bingung kok isa mbiyèn aku ora semangat. Aku ngerti nèk ora soal apa waé sing kelakon, sing bener-bener nggawé bahagia kuwi nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah saktulusé ati. Aku ya bahagia merga wis 18 taun isa nglayani Yéhuwah bareng karo Alex. Aku dadi ngerti nèk apa sing disampèkké Daud karo Yéhuwah iki pancèn bener: ”Kabèh wong sing nggolèk perlindungan marang Njenengan bakal bahagia. Wong-wong kuwi mesthi bakal sorak-sorak merga seneng. . . . Lan wong-wong sing nresnani jeneng-Mu bakal bahagia merga Njenengan.”​—Mzm. 5:11.

Vanessa lan Alex lagi mbantu ibu-ibu lan anaké sinau Alkitab ing halaman omah.

Seneng banget rasané isa mbantu wong sing rendah hati sinau Alkitab

a Kèt taun 1975, ana perang ing Timor-Leste nganti luwih saka 20 taun merga rakyaté péngin merdéka.

b Dudu jeneng asliné.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim