PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w21 Oktober hlm. 14-17
  • Cedhak Manèh karo Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Cedhak Manèh karo Yéhuwah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING MUNGKIN NJENENGAN RASAKKÉ
  • CARANÉ BÈN ISA TETEP CEDHAK KARO YÉHUWAH
  • TERUSA NGUPAYA
  • Yéhuwah Bener-Bener Nresnani Njenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Para Pinituwa, Tirunen Paulus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Yéhuwah Ora Bakal Ninggalké Njenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Mbantu Sedulur-Sedulur sing Lagi Susah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
w21 Oktober hlm. 14-17
Wong lanang sing putus asa merga omahé rusak kena badai.

Cedhak Manèh karo Yéhuwah

SABEN taun, ana akèh sedulur sing mauné ditokké saka jemaat tapi akhiré gelem ngupaya bèn isa nglayani Yéhuwah manèh. Ing Alkitab disebutké nèk ’ing swarga bakal ana luwih akèh kebahagiaan’ wektu ana sing mertobat. (Luk. 15:7, 10) Dadi, nèk njenengan saiki wis mbalik manèh ing jemaat, njenengan wis nggawé Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat seneng banget. Tapi, bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah kuwi ora mesthi gampang. Apa sebabé, lan piyé carané bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah?

SING MUNGKIN NJENENGAN RASAKKÉ

Nèk njenengan tau ditokké saka jemaat, mungkin njenengan ya ngrasakké sing padha kaya Daud. Meskipun dosané wis diapura, tapi Daud tetep ngrasa nèk ’kesalahané akèh banget’. (Mzm. 40:12; 65:3) Ana sedulur-sedulur sing meskipun wis mbalik ing jemaat tapi selama bertahun-tahun isih ngrasa bersalah utawa isin. Contoné Sedulur Isabel.a Dhèwèké tau ditokké saka jemaat nganti luwih saka 20 taun. Dhèwèké kandha, ”Aku ngrasa nèk Yéhuwah ora bakal ngapura aku.” Tapi nèk njenengan terus-terusan mikir kaya ngono, mengko njenengan ora isa cedhak manèh karo Yéhuwah. (WB. 24:10) Njenengan kudu nglawan perasaan kuwi.

Sing liyané mikir nèk ora isa cedhak manèh karo Yéhuwah merga ngrasa nèk ana terlalu akèh sing kudu diupayakké. Sakwisé mbalik ing jemaat, Sedulur Anton ngomong ngéné, ”Merga wis suwé ditokké saka jemaat, aku nganti lali nèk dadi Seksi Yéhuwah kuwi kudu ngapa waé.” Merga ngrasa kaya ngono, ana sedulur-sedulur sing wis mbalik ing jemaat, tapi kurang semangat nglayani Yéhuwah.

Kuwi isa diumpamakké kaya omah sing hancur merga kena badai. Merga ngerti nèk mbangun omah kuwi ora gampang, mungkin sing nduwé omah mikir nèk dhèwèké ora mungkin nduwé omah manèh. Padha kaya ngono, nèk njenengan wis nggawé dosa sing gedhé, hubungané njenengan karo Yéhuwah dadi rusak. Njenengan mungkin ngrasa nèk cedhak manèh karo Yéhuwah kuwi ora gampang. Ning, njenengan ora perlu kuwatir.

Yéhuwah kandha, ”Ayo masalahé awaké dhéwé dirampungké.” (Yés. 1:18) Merga wis gelem mbalik manèh ing jemaat, njenengan wis ngupaya bèn isa ’ngrampungké’ masalahé njenengan karo Yéhuwah. Terus, coba pikirna iki: Sétan ngomong nèk ora ana manungsa sing tulus nglayani Yéhuwah. Tapi, merga njenengan gelem mbalik ing jemaat, kuwi isa dadi bukti nèk omongané Sétan klèru. Keputusané njenengan kuwi mesthi nggawé Yéhuwah seneng.​—WB. 27:11.

Njenengan kan wis ngupaya bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Kuwi sebabé, Yéhuwah ya bakal nyedhak marang njenengan. (Yak. 4:8) Njenengan wis nggawé keputusan sing bener. Tapi, ana manèh sing kudu diupayakké bèn njenengan isa tetep cedhak karo Yéhuwah. Apa kuwi?

CARANÉ BÈN ISA TETEP CEDHAK KARO YÉHUWAH

Njenengan mungkin isih kèlingan apa sing diajarké ing Alkitab soal Yéhuwah lan janjiné Yéhuwah soal Firdaus. Tapi bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah, njenengan ya kudu teratur nginjil, mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé, lan bergaul karo sedulur-sedulur. Njenengan isa nyoba saran-saran iki.

Kerep ndonga. Merga terus-terusan ngrasa bersalah, njenengan mungkin isin nèk arep ndonga. Tapi, Yéhuwah ngerti perasaané njenengan. (Rm. 8:26) Njenengan kudu ”terus ndonga”. (Rm. 12:12) Critakna karo Yéhuwah nèk njenengan péngin cedhak manèh karo Dhèwèké. Sedulur Andre ngomong ngéné, ”Aku terus-terusan ngrasa bersalah lan isin banget. Tapi sakwisé ndonga, aku dadi luwih tenang.” Nèk njenengan ora ngerti arep ngomong apa pas ndonga, njenengan isa ngrenungké dongané Raja Daud sing disampèkké sakwisé mertobat sing dicathet ing Mazmur 51 lan 65.

Teratur sinau Alkitab. Njenengan isa nduwé iman sing kuwat lan tambah sayang karo Yéhuwah nèk teratur sinau Alkitab. (Mzm. 19:7-11) Sedulur Filip kandha, ”Mbiyèn aku ora teratur maca lan sinau Alkitab. Akibaté, aku nggawé keputusan sing nggawé Yéhuwah sedhih. Aku ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih manèh. Mula saiki aku teratur sinau Alkitab.” Njenengan ya isa ngupayakké kuwi. Nèk njenengan bingung arep sinau topik apa, njenengan isa takon karo sedulur-sedulur ing jemaat sing luwih pengalaman.

Akrab karo sedulur-sedulur. Ana sedulur-sedulur sing wis mbalik ing jemaat sing isih kuwatir karo pandhangané sedulur-sedulur liya. Sedulur Larissa kandha, ”Aku isin banget. Aku kerep ngrasa nèk wis nggawé sedulur-sedulur kecéwa.” Tapi, njenengan aja mikir kaya ngono. Para pinituwa lan sedulur-sedulur liyané péngin mbantu bèn njenengan isa cedhak manèh karo Yéhuwah. (Deloken kothak ”Carané Para Pinituwa Mbantu”.) Sedulur-sedulur kuwi seneng merga njenengan wis mbalik ing jemaat lan péngin bèn njenengan isa bahagia.​—WB. 17:17.

Terus, piyé carané bèn njenengan isa akrab manèh karo sedulur-sedulur? Njenengan kudu bergaul, ngibadah, lan nginjil bareng karo sedulur-sedulur. Sedulur Feliks kandha, ”Sedulur-sedulur berharap bèn aku mbalik manèh ing jemaat. Aku isa ngrasakké nèk sedulur-sedulur kuwi sayang karo aku. Sedulur-sedulur péngin mbantu bèn aku ngrasa nyaman, ngyakinké aku nèk Yéhuwah wis ngapura, lan bèn aku terus semangat nglayani Yéhuwah.”​—Deloken kothak ”Sing Perlu Njenengan Upayakké”.

Sing Perlu Njenengan Upayakké

Kerep ndonga, teratur sinau Alkitab, lan luwih akrab karo sedulur-sedulur

Pinituwa sing ndonga bareng karo sedulur sing wis mbalik ing jemaat.

KEREP NDONGA

Critakna karo Yéhuwah nèk njenengan péngin cedhak manèh karo Dhèwèké. Para pinituwa ya bakal ndongakké lan ndonga bareng njenengan

Pinituwa sing mbantu sedulur sinau Alkitab nganggo buku ”Mendekatlah kepada Yehuwa”.

TERATUR SINAU ALKITAB

Njenengan isa nduwé iman sing kuwat lan tambah sayang karo Yéhuwah nèk teratur sinau Alkitab

Sedulur-sedulur sing lagi ngobrol.

AKRAB KARO SEDULUR-SEDULUR

Njenengan kudu bergaul, ngibadah, lan nginjil bareng karo sedulur-sedulur

TERUSA NGUPAYA

Sétan bakal terus nggolèk kesempatan bèn isa nggawé njenengan ora cedhak manèh karo Yéhuwah. (Luk. 4:13) Mula, njenengan kudu terus ngupaya bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah.

Yéhuwah janji karo umaté, ”Sing ilang bakal Tak golèki, sing kesasar bakal Tak gawa bali, sing luka bakal Tak perban, lan sing ringkih bakal Tak kuwatké.” (Yèh. 34:16) Yéhuwah wis mbantu akèh wong bèn isa cedhak manèh karo Dhèwèké. Mula, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ya péngin mbantu njenengan bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah

Carané Para Pinituwa Mbantu

Pinituwa mbantu sedulur lanang mbangun omahé manèh.

Para pinituwa kudu mbantu bèn wong sing wis mbalik ing jemaat isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Kuwi tugas sing penting banget. Apa waé sing isa diupayakké karo para pinituwa?

Nguwatké. Rasul Paulus ngerti nèk wong sing wis mbalik ing jemaat isa waé kurang semangat merga ”sedhih banget”. (2 Kor. 2:7) Dhèwèké mungkin isih ngrasa bersalah utawa isin karo sedulur-sedulur. Mula Paulus ngandhani kabèh sing ing jemaat bèn ”ngapura” lan ”menghibur” dhèwèké. Wong sing wis mbalik ing jemaat kudu dibantu bèn isa yakin nèk Yéhuwah lan sedulur-sedulur kuwi sayang karo dhèwèké. Nèk para pinituwa kerep muji lan mbantu dhèwèké, wong kuwi isa dadi luwih semangat.

Ndonga bareng. Alkitab kandha nèk ”dongané wong bener kuwi gedhé kekuwatané lan bener-bener isa mbantu wong liya”. (Yak. 5:16) Larissa, sing disebutké mau, kandha, ”Aku nyritakké perasaanku karo para pinituwa. Terus, aku dijak ndonga bareng. Aku dadi ngerti nèk para pinituwa ora nesu lan péngin mbantu bèn aku isa cedhak manèh karo Yéhuwah.” Sedulur Theo kandha, ”Para pinituwa mbantu aku bèn isa yakin nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo aku lan nggatèkké sipat-sipat apikku, dudu kesalahanku.”

Ngupaya bèn luwih akrab. Wong sing wis mbalik ing jemaat kuwi butuh kanca. Pinituwa sing jenengé Justin kandha, ”Awaké dhéwé kudu mbantu bèn wong sing wis mbalik ing jemaat kuwi aja nganti ngrasa nèk ora nduwé kanca. Nèk isa, para pinituwa kudu kerep ngejak sedulur-sedulur kuwi nginjil bareng utawa dolan ing omahé.” Pinituwa liyané sing jenengé Henry kandha, ”Nèk para pinituwa gelem akrab karo wong sing wis mbalik ing jemaat, sedulur-sedulur liyané mesthi ya gelem akrab karo wong kuwi.”

Mbantu bèn nduwé kebiasaan sinau Alkitab. Sedulur-sedulur sing wis pengalaman isa mbantu bèn wong sing wis mbalik ing jemaat isa nduwé kebiasaan sinau Alkitab manèh. Pinituwa sing jenengé Darko ngomong, ”Aku péngin mbantu wong sing mbalik ing jemaat bèn isa ngrasakké nèk sinau Alkitab kuwi nyenengké. Mula, aku seneng nyritakké nèk ana sesuatu sing menarik sing tak pelajari pas sinau Alkitab pribadi. Terus nèk ana artikel sing apik, dhèwèké ya tak ajak ngrembug kuwi bareng-bareng.” Pinituwa liyané sing jenengé Clayton kandha, ”Nèk ana wong sing mbalik ing jemaat, aku nyaranké dhèwèké nggolèki tokoh ing Alkitab sing ngalami situasi sing mèh padha karo dhèwèké. Terus, aku takon apa sing isa dhèwèké pelajari saka tokoh kuwi.”

Dadi gembala sing apikan. Wong sing wis mbalik ing jemaat mungkin isih wedi utawa isin karo para pinituwa. Mula, wong-wong kuwi kudu isa ngrasakké nèk para pinituwa kuwi gembala sing apikan. (Yér. 23:4) Dadi, nèk dhèwèké nyritakké perasaané, para pinituwa kudu sabar ngrungokké lan muji sipat-sipat apiké. Terus, para pinituwa ya kudu kerep ngejak dhèwèké ngobrol. Pinituwa sing jenengé Marcus ngomong ngéné, ”Pas kunjungan penggembalaan, para pinituwa biasané macakké ayat-ayat Alkitab sing isa nguwatké. Para pinituwa ya muji lan ngomong nèk seneng merga dhèwèké wis ngupaya bèn isa mbalik ing jemaat. Para pinituwa ngandhani wong kuwi nèk Yéhuwah mesthi ya seneng merga upayané wong kuwi. Terus, ing akhir kunjungan kuwi, biasané para pinituwa janjian arep kunjungan penggembalaan manèh kapan.”

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim