PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w22 Februari hlm. 30
  • Apa Panjenengan Ngerti?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Panjenengan Ngerti?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
w22 Februari hlm. 30
Wong Israèl mènèhi sapi kanggo mbayar maskawin.

Ternak isa diwènèhké kanggo mbayar maskawin

Apa Panjenengan Ngerti?

Kenapa mbiyèn wong Israèl kudu mbayar maskawin?

PAS jaman Alkitab, wong lanang sing arep nikah utawa keluargané bakal mènèhi maskawin pas nglamar sing wédok. Maskawiné kuwi isa waé barang-barang berharga, ternak, utawa dhuwit. Malah, kadhang ya ana maskawin sing dibayar nganggo tenaga. Contoné Yakub. Dhèwèké gelem kerja pitung taun kanggo Laban bèn isa nikah karo Rakhèl. (PD. 29:17, 18, 20) Ning sakjané, kenapa wong Israèl kudu mènèhi maskawin?

Peneliti Alkitab sing jenengé Carol Meyers kandha, ”Ing jaman Israèl mbiyèn, biasané anak wédok mbantu wong tuwané ngurus ladhang lan ternak. Nèk anaké kuwi nikah, berarti sing mbantu wong tuwané dadi berkurang. Mula maskawin sing diwènèhké kuwi dadi ganti rugi kanggo keluargané sing wédok.” Maskawin sing diwènèhké ya nduduhké nèk keluargané sing lanang karo keluargané sing wédok saiki wis dadi sedulur. Dadi, loro keluarga kuwi isa saling mbantu pas ana masalah. Terus, maskawin ya dadi tandha nèk sing nglindhungi lan nyukupi kebutuhané sing wédok dudu bapaké manèh, tapi bojoné.

Ning, mènèhi maskawin kuwi ora berarti wong wédok dadi kaya barang sing isa dituku utawa diedol. Buku Ancient Israel—Its Life and Institutions nyebutké ngéné, ”Merga wong lanang kudu mènèhi maskawin, kuwi seolah-olah nggawé sing wédok kaya barang sing isa dituku. Tapi sakjané ora. Maskawin kuwi mung kaya ganti rugi kanggo keluargané sing wédok.”

Saiki ing beberapa negara, isih ana kebiasaan mènèhi maskawin. Tapi ing Alkitab disebutké nèk wong Kristen kudu ”masuk akal” lan ora éntuk ”ngutamakké harta” utawa srakah. (Flp. 4:5, ctn.; 1 Kor. 10:32, 33; 2 Tim. 3:2) Mula, Seksi Yéhuwah sing anaké arep nikah mesthiné ora bakal njaluk maskawin sing terlalu akèh utawa sing regané larang banget. Apa akibaté nèk wong tuwa njaluk maskawin sing terlalu akèh utawa sing regané larang? Mungkin, pernikahané kuwi kudu ditunda merga sing lanang durung isa mènèhi maskawin kaya sing dijaluk wong tuwané sing wédok. Terus nèk calon mantuné kuwi perintis, dhèwèké mungkin kudu mandheg merintis bèn isa kerja kanggo mbayar maskawiné.

Ing beberapa negara, pamréntah nggawé aturan soal mènèhi maskawin. Nèk manggon ing negara sing kaya ngono, Seksi Yéhuwah sing anaké arep nikah kudu manut karo aturan kuwi. Kenapa? Alkitab kandha nèk kabèh wong Kristen kudu ”manut karo pamréntah”. (Rm. 13:1) Sing penting, aturané kuwi ora nglanggar hukumé Gusti Allah.​—Kis. 5:29.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim