PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w22 Februari hlm. 31
  • Apa Panjenengan Ngerti?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Panjenengan Ngerti?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
w22 Februari hlm. 31

Apa Panjenengan Ngerti?

Kenapa masuk akal nèk wong Israèl éntuk milih arep mènèhké manuk derkuku utawa manuk dara?

NURUT Hukum Musa, wong Israèl sing arep mènèhi persembahan éntuk milih arep mènèhi manuk derkuku utawa manuk dara. (Km. 1:14; 12:8; 14:30) Aturan iki masuk akal merga ing Israèl ora selalu ana manuk derkuku. Kok isa?

Manuk derkuku

Manuk derkuku biasané ana ing Israèl pas musim panas. Tapi pas sasi Oktober, manuk derkuku bakal mabur ngidul kanggo nggolèk panggonan sing luwih panas. Terus sakwisé musim dingin rampung, manuk derkuku lagi mulih ing Israèl. (Kid. 2:11, 12; Yér. 8:7) Dadi nèk pas musim dingin, mesthiné angèl nèk wong Israèl arep mènèhké manuk derkuku dadi persembahan.

Manuk dara

Ning manuk dara ora kaya ngono. Manuk dara selalu ana ing Israèl sepanjang taun. (Bandhingna karo Yohanes 2:14, 16.) Buku Bible Plants and Animals nyebutké nèk ”ing Palestina akèh sing ngingu manuk dara. Biasané, ing saben omah ana bolongan ing témboké kanggo sarang manuk dara”. Dadi merga nggolèké gampang, wong Israèl ora kangèlan nèk arep mènèhké manuk dara dadi persembahan.​—Bandhingna karo Yésaya 60:8.

Bolongan ing témbok sing dadi sarangé manuk dara

Dadi apa kesimpulané? Nèk ora ana manuk derkuku, wong Israèl isa mènèhké manuk dara dadi persembahan. Iki bukti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing ora kaku lan apikan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim